Salah siji cabang lomba paling sara hang digelar ring Festival Literasi Using iku ngewer utawa stand up comedy.
Kadhung dideleng sak kelerepan kaya-kaya mung cerita ewer nang ngarep emik. Marek wis. Naming kaya cathetane Kang Ali 'Kenthus' Murtono, kabeh keahlian ana ilmune. Hususe ngewer, hing pati akeh hang bisa ngelakoni.
Kanggone Kang Kenthus teka grup Ngewer Pelangi, hang saben dina mula penggaweyane nggawe guyu wong ring panggung ana pirangane jangkah hang kudu dilakoni tepak ngewer dhewekan.
Ana pelanggeran hang kudu diugemi. "Paran maning ngewer kanggone lare sekolah, aja sampek nabrak aturan sosiyal. Masiya hing ana aturane hang jelas, tapi kaya gedigu iku wis."
Taun iki Literasi Using nggawa tema "Ngurmati Wong Tuwek Loro lan Guru". "Kanggo pidhato utawa ditulis ring cerita cendhek, tema iki gampang. Naming kanggo ngewer rada takal-takalan merga hing bisa nggawe guyu tingkahe wong tuwek lan guru."
Hang nomer loro, akeh guru-guru hang dikongkon mbimbing lalare, hing tau milu bimbingan teknis kecaruk nang maestro hang ngajari ngewer lan hing tau umet ring basa Using.
"Iyane hing weruh paran hang dibiji ring ngewer, paran hang kudu diajaraken sing weruh."
Ring acara Bimtek, Kang Kenthus mulang pirangane cara dhasar kanggo ngewer:
1. Mbukak kelawan salam, taping hing ana aturan husus. Teka bukakan iki wis bisa ngarah wigatine penonton.
2. Ndudud Mata Ati. Iki bisa nganggo sarana umpamane basanan. Cara iki penting makene penonton tetep pokus nang tukang ngewere.
3. Golet Gawe. Ring kene iki golet dalan kanggo njumbulaken tema utawa persoalan dienggo nggawe sasak nyang salah siji tema. Bisa padha ambi kedadeyan hang sakbenere, bisa uga walikane.
4. Adol Ewer. Iki terusane persoalan hang disebutaken mau. Marek ngewani tema hang jelas, buru jumbulaken ewere.
5. Sembur Genukan. Nyampekaken paran hang kependhem. Tukang ngewer kudu pinter golet solusi lan ngewani wekas hang apik kanggo mbeneri kahanan. Genukan iku barang hang kependhem.
"Kadhung teorine hing weruh, iyane hing paham paran hang dibiji juri," jare Kang Kenthus.
Kelendi tepak penjurian? Kang Kenthus nduwe cara kanggo ngatasi. Saben tampilan direkam, asile keneng dienggo dhasar tepak para juri ethet-ethetan namtokaken hang lebih apik.
Lomba Ngewer ring Literasi Using
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Kenthus ambi juri liyane Nur Holipah, Nani Asiany
Editor: Hani Z. Noor