Kiling Banyuwangi, utamane hang dikenal ring teradhisi masarakat Using, iku wujude kaya kitiran (baling-baling) gedhi hang biyasahe dipasang ring tengah sawah, nganggo saka jajang utawa kayu.
   Kiling iki hing mung sukur barang menganane wong tuwek, naming uga minangka cara ngangkat setatus sosial wong tani. Mangkane regane bisa sak regane anake sapi.
   Ring unen-unen saben dinane sampek kewetu ucap: Wayahe manjer kiling. Jare Kang Hasan Basri, Ketua Dewan Kesenian Blambangan, ukara iki ngemu maksud "Wis wayahe mangkat megawe hang patheng lan ana manpaate."
    Bengen gunane kiling dienggo ngusir manuk hang neba ring kedhokan.
   Nalika keneng angin, kiling muter lan ngasilaken suwara anter. Suwara iki nggawe manuk hing wanen marek tanduran pari.
   Minangka hiburan lan tetenger budaya agraris.
Kiling hing mung alat kanggo tani, naming uga dadi bagiyan teka teradhisi masarakat Using, utamane ring Aliyan Rogojampi utawa ring Glagah lan Kalipuro.
   Ring ukara, Ngeleyang kayu, yaiku wangsalan hang ulihe: kiling, hang dimaksud yaiku padha ilinga nyang Pengeran. Kiling hang muter ring siji poros kerep dimaknani minangka pangiling supaya manungsa tetepa iling nyang Gusti Alloh.
   Kiling iku kesenengane wong tani ring Banyuwangi ring mangsane angin deres, jare sesepuh adat Using Kemiren, Kang Purwadi.
   "Kadhung wis angine teka dadiya tengah-tengahe megawe padha mulih njuwut kiling aju padha ngumpul ring sak ubengane sawah kang ana panjerane (dendenan)."
   Merga seneng, kiling dadi ana regane. "Rikala iku regane kiling kang dianggep apik lan nyenengaken emal-emalane rega iku padha ambi regane embeng (anake sapi)," jare Kang Pur.
   Kadhung wis kilinge nggebrag (meledhose suwara kiling) aju kang duwe kiling mau ngomong "Embeng, ndhuuh!"
   Kawit teka guyonan iki ahire bisa tawa-tawaan kadhung mula kilinge arep diedol.
   Merga dadi ayeme ati, hang duwe sampek bisa metu aran, ngarani kilinge kaya anake dhewek. "Akeh kiling kang diuweni aran ring kang duwe, basahe kadhung ngarani dijuwutaken teka riwayat kang kedadeyan kiling mau misale aran si "Lindu" kerana miturut kang duwe jare suwarane sampek ngungkregaken (nggetaraken) tanah (bumi)," jare Kang Pur.
   Ana aran "Si Balen" merga kiling iku wis diedol ring jamane bapake lawas-lawas ketuku maning ring anake.
  Ana "Si Tangis" kerana riwayat tukune, kang wadon ngaboti sampek nangis, ahire diarani kaya gedigu. Lan liya-liyane.
   Ana uga kiling kang dipercaya bisa nekakaken lan ngilangaken angin. Kadhung kiling kang nekakaken angin diunggahaken akeh kang pating seneng.
   Tapi kadhung kang ngilangaken angin aja diunggahaken, sukur disendhenaken ring emperan ngarep umah kabeh padha nggerundeng.
   Sak liyane saka, istilah ring kiling lan perinthilane ya akeh kaya denden, emprek-emprek, inger-inger, berengosan, cengger manuk, perenthulan, ulan-ulan, satang, janggutan, telikur, telepok, selut, lan wadonan.