Ambekaneya adohe ewon kilometer teka Banyuwangi, teradhisi lan semangat seduluran warga Using tetep diuri-uri. Gedigu hang dilakoni dulur-dulur Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Koordinator Wilayah Bogor dina Sabtu 5 September 2026.
   Iwuh Muludan kanggo mengeti laire Nabi Muhammad SAW 2026 sing mung dadi acara agama, naming uga dadi panggonan kanggo nyambung seduluran warga Banyuwangi hang urip ana ring tanah borowan.
   Muludan lan endhog-endhogan Banyuwangian hang digelar ring Saung CP, Keranggan, Gunung Putri, Kabupaten Bogor, ditekani atusan warga Ikawangi sak Jabodetabek. Kayata Pembina Ikawangi Pusat Pak Hafandi, utusan Ikawangi Korwil Depok, Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Magenta, Prajurit Blambangan, uga mahasiswa asal Banyuwangi hang magih kuliyah ring IPB. Iwuh iku nekakaken KH Agus Salim Lc., hang uga Wakil Ketua DPRD Kabupaten Bogor, minangka penceramah.
   Jare KH Agus Salim, majune eknologi perlu diimbangi ambi wejangan wong tuwek supaya lalare sing kelangan wigati nyang kuwajiban agama. Tuladhane kewajiban sembayang limang wektu hang terus diengetaken tepak munine  adan.
   “Ring kono isine ngemu ukara hang apik, Hayya 'alash-shalah, ngajak salat, lan Hayya 'alal-falah, ngajak nyang kemenangan utawa kesuksesan donya lan ahirat,” jare KH Agus Salim.
   Hang nggarahi kerasa Banyuwangine yaiku teradhisi endhog-endhogan. Atusan endhog hang direngga kembang maneka werna ditata ring kiwa-tengene podhiyum panggonan pidhato. Sakuwise kabeh acara wis marek, kembang endhog lan berkat dibagekaken nyang para dhayoh.
   Kanggone warga Banyuwangi, teradhisi iku dadi warisan budaya hang nyambungaken iwuh mengeti laire Nabi Muhammad SAW ambi jati dhirine.
   Ketua anyar Ikawangi Korwil Bogor periode 2026–2029, H. Pujiharto, ngomong gok nyeja ngerawati teradhisi iku supaya warga Banyuwangi hang urip noring borowan tetep nduwe panggonan kanggo ngenal lan nerusaken budaya embah buyute.
   “Muludan iki wujud tekad lan teradhisi silaturahim warga Banyuwangi hang ana ring borowan, hususe ring Bogor Raya. Cocog ambi tema Muludan. Kepingine warga Banyuwangi noring Bogor tetep nyambung silaturahmi kelawan semangat Gendhong Indhit, Megiyet Bareng, Guyub Rukun, Seduluran Selawase,” jare Puji.
   Pembina Ikawangi Pusat Pak Hafandi ngengetaken warga Banyuwangi noring Bogor supaya terus nguwataken seduluran.
  Anane Ikawangi sakat kawitan mula  dimaksudaken dadi wadhah kanggo nguwataken guyube antar warga Banyuwangi. Pak Hafandi ngenget-enget tepak iyane milu ngedegaken Ikawangi Jakarta Raya taun 1972. Nalika iku, organisasi mau dibangun dadi panggonan silaturahmi warga Banyuwangi hang ana ring Jakarta lan sak ubengane. Saiki, organisasi warga Banyuwangi iki wis semebar ana ring dhaerah sak Indonesia.
   Naming iyane ya maklum kadhung hing kabeh utusan Ikawangi sak Jabodetabek bisa teka merga ana acara liyane hang bareng.