Tulisane Totok Hariyanto
Enem lakon mau tampil ring babak kawitan, kira-kira jam 8 bengi sampek jam 11 bengi. Nong babak kepindho lakon kang metu yaiku:
1. Juru Tambur, Juru Layar lan Juru Kemudhi.
2. Panji Sumirah yaiku kesatriya lanang kang penganggone kaya dene bangsawan.
3. Buta akehe loro.
4. Jim akehe papat.
5. Garudha
Babak kepindho iki mari jam 1 dalu.
Seteruse babak ketelu lakon-lakon kang metu yaiku:
1.Pak Suwarti
2. Mbok Suwarti
3. Suwarti
4. Suwarno
5. Pak Janaka
6. Gandrung
7. Wong kang macak kaya pitik akehe loro
8. Wayang (pemeran) kesenian Tuting
Babak ketelu mari jam 3 subuh.
Seteruse babak kepapat kang mari ngarepaken subuh, lakon kang metu yaiku:
1. Pak Mantri
2. Londaya
3. Siti Ambari lan Siti Sundari
4. Jongos/kebon
5. Garudha
6. Singa
Iline Cerita Kesenian Barong
Babak kawitan judhule Barong. Ceritane gedigi:
Sawijine dina Jakripah kelangan kewan kang pinter arane Sinar Udhara. Jakripah susah keliwat-liwat. Kanggo nemokaken Sinar Udhara maning Jakripah njaluk tulung nyang Juru Tambur, Juru Layar lan Juru Kemudi. Kadhung ketemu, Jakripah gelem dirabi sapa bain kang nemokaken. Wong telu mau gancang nggoleti Sinar Udhara.
Jakripah kecaruk Tiang Iris. Nyang Tiang Iris Jakripah uga ngomong kadhung bisa nemokaken Sinar Udhara iyane gelem dirabi.
Naming nalika Tiang Iris sagah nemokaken Sinar Udhara, Jakripah nyulayani janji. Malahan Tiang Iris diedu ambi Sinar Udhara. Sinar Udhara bisa dikalahaken Tiang Iris. Jakripah bingung, sak kal Jakripah janji maning sapa bain kang bisa nguripaken Sinar Udhara bisa ngerabi iyane. Sekala iku Tiang Iris bisa nguripaken Sinar Udhara. Naming Jakripah nyulayani janji maning. Entek sabare Tiang Iris merangi Jakripah. Temakaken Jakripah duwe kesakten kang ngungkuli Tiang Iris. Sing keneng ditampik, Tiang Iris ketekan pati.
Ana terusane.