Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 19 Juli 2026 06:24 WIB)
(Cerita Cendhek) Pelendhongan
“Lali nawi wih, hang kerawiten nempuhi mulih...” abane Lis ngedhunaken sayur kang dibuntil belangse teka suwunane. Abid—putune kang maune weringuten njaluk mulih wis ganti mbentuki kedhokan hang buru mari disingkal merga arep demek dhudhuk sing keneng-keneng. Anter abane kiling keterak angin meneng-meneng dijugedi, suwi-suwi Abid keselimur sing ngejaki mulih maning.
Serngenge durung sengidan ring bucu kulon. Langit magih digelantari kelir belangat. Manuk kuntul kang miber ngetanaken magih siji loro. Ring pondhok, Lis lan Alipah wis lungguh ngelempoh lemekan belangse, ngadhepi sayur kang wis dilegar. Enom-enom sayur sedheng kuluban cocoge ditutulaken sambel. Sukur alum keneng banyu gemulak wis embuk.
“Stress Mbah...” abane Abid kaya kang didileng ring tipi ngumahe. Daya pucuke jeliring mung keneng endhut. Si putu wis genti mengan mancing-mancingan. Jeliring parek winihan didudut, aju diceburaken nyang kedhokan kang winihane merujuk rata, ditulih teka kadohan kaya bolu pandhan buru ngentas teka kukusan.
“Strike Lik!” ucape Alipah, bolak-balik mbecikaken ucape anake kang gelis nirokaken paran kang ditemu teka tipi, hape tah youtube. Ambi ngethoki oyode sayur gena sing kari nyerongot, si embah mung meringis rungu putune kang mangkat buyek.
“Gedigi iki gelemane bisa merujuk...” abane Lis melakokaken arite mucuk nyang bongkote sayur.
“Ya taping bonggole kudu diumani sithik,” semaure Alipah wis ngogrok ngadhep rubuhane uwit gedhang. Tangane ngelembeti gedeboge kang garing kanggo cagere tali untingan.
“Kang kidul kisuk disingkal wih...” abane Lis maning, numpuki sayur kang wis mari ditugeli oyode nyang gelangse hang digelar. Sorene maning lakine wis marah wong tandur nyang Dukuhrupi kana. Dijaluk mangkat dina Senen kang arepe teka. Kari rong kedhokan hang durung disingkal, eman-eman merga magih ana sayure.
Tanduran sayur limang kedhok sakweran-weran kang dipersekoti limangatus ewu, buru ping telu diundhuhi Man Bono sipat soren. Lagotane nung pasar akeh kang adol, temune jare undhuhan sepisan sing gelis gemet. Ketangne jare MBG milu perei bangete pereian sekolah. Mulane bain rega sembarang kalir mudhun. Pitik rolikur ewu wis ulih sekilo. Endhog sekilo, selikur ewu magih nyusuk. Sing luput janganan pisan regane ya murah. Paran maningan panenan akeh, rega dadi merongsod. Alihe maune Man Bono wani nebas picisan siji setengah. Cumpune kari-kari, ditulungi ngedolaken bain jare Lis ambi nirokaken lagune Man Bono gok ngomong, Penatabanan. Temune kabare kang ‘sewu’ iku mamut tah ndane? Usike Alipah mbuwangi tali gedebog kang tepu.
“Mak, kari eman-eman ya!” semaure Alipah rada let suwi, enget Apake wayah mbandhani entek pirang-pirangane kaleng, durung emese. Tali gedebog ring gegemane aju dielungaken nyang emake.
“Semene-mene?” takone Lis nduduhaken sayur pirang-pirangane uwit arep dipuketi.
“Bisa Sira nggawane?” takone Lis maning aju naleni sindhet wangsul.
“Dideleh ngarep, engko Abid makene gonceng mburi...” semaure Alipah aju nyakup dhekete oyod diuncalaken nyang perengane jurang nibani telethong kang wis campur ambi suket garing.
“Bengen kang kidule banyu ika payu pira Mak?” takone Alipah balik lungguh ring pelancane pondhok.
“Sakjuta pitungatus...” abane Lis nyengidakaken arit nyang elongan pelanca aju lungguh ring tugelane kayu poh kang semendhe parek saka pondhok. Mari ngombe rong uyup, Lis genti ngerasani putune maning.
“Lik, aja diosroh yara wis! Diseludhuk embeng sira aju!” abane sangking meden-medeni, nulih Abid genti mecut-mecutaken jeliring nyang embeng kang buru umur seminggu.
“Geningna tah wis Mak, keneng pancal embeng bara wenjong!” abane Alipah kaya gagem menging tingkahe anake. Kadhung nulih Abid kang buru ulan sore umure genep enem taun, Alipah aju enget kaya-kaya buru bain mudhun lemah saikine wis pelayonan. Buru bain omonge siji loro sing pati teteh, saikine wis akeh pitakone—pethes.
Abid katon kaya ngaca nyang kedhokan hang dibanyoni. Sikile melaku nurut galengan kang buru garing popokane. Ring kedhokan hang kulon, peletuk-peletuk kuning kembange sayur Caisim ngebeki kedhokan nggarahi Alipah enget nyang lagu India wayah Rahul, Anjeli ambi Tina nggendhingaken Kuch Kuch Hota Hai. Dhelag-dheleg kembange kesepak angin. Suwarane Lis aju nggawa Alipah balik ana ring pelungguhane.
Mula gedigu arane wong tani, tepak rega apik ulih asil ya arane rejeki. Tepak rega rada mudhun, ya tandhane dikon nyedhekahaken. Dientekaken dhewek, sapa kuwat? Magiya saben dina arep neteri sayur, aju sing kuweleh? Sakmunu akehe arep diolah dhewek aju sing mancur? Alihe ya wis puput tangga, dulur parek lan dulur adoh, diuweni. Nguwenine ya sing mertanggung mung sak unting, Lis lan lakine wis ngurak tanggane makene mara dhewek nyang sawah. Ngundhuha dhewek, mbedhol dhewek sak kuwate wis.
“Lik, seruwale gubud belethok!” Lis ngabani putune menga mingkem. Ketang tongkake seja dicelepaken nyang kedhokan.
“Bentar Mbah, aku eksperimen...”semaure si putu, mula basa lisane campur-campur.
Manuk kuntul ampyak-ampyakan miber ngetanaken. Lemud pating kemerungsung.
“Muliha sulung bain mari, tulihen tah anakira kari ngethopal kelambine. Maning emeh maghrib! Timbang Sira keneng uwel!” abane Lis ndamakaken. Sayur pirang-pirangane unting arep diateraken nyang kanca-kancane Alipah, Kampung Melayu lan Karangrejo.
Semorot belangat ring langit saya suda. Serngenge wis kudhup. Kahanan kaya nyemeng-nyemengaken. Damar-damar ring pinggire dalan mangkat kemencang. Seliweran sepidhah lan montor, sentore kaya barak-barakan. Alipah nggonceng Abid ngidulaken, aju biluk ngetanaken liwat Gentengan.
Suwara adan Maghrib wis ngungkung, emak lan anak magih ning tengahe dalan.
***
“Kadhung hing madhang, ya diinpus bain nyang Rumah Sakit!” gedigu abane lakine Alipah gok ngancas Abid hang ndelekepi cangkeme. Serehne ditawani liyane thingel-thingel bain. Wis rong dina Abid sing enak madhang. Ale biyasahe dhung Alipah ngolahaken tahu ditugeli kothak cilik-cilik aju digoreng, anake iku seru doyane telap-telep.
Buru warang rong dina bain wis nggarahi Abid cowong lan longong. Raine katon acum. Wis rong dina uga, sasate wara tau ngelipet. Alihe dhung seger waras, masiya nana ngongkon anggere ucul memengan sulung. Nyalinga turu, diceluk kon ngepos sulung teka memengane bain ya keneng-kenenga emong. Sipat mari diadusi, paceke gancang mberejag njaluk memengan. Ketemben iki Abid lisuh, meneng lungguh nyekeli remote tipi. Let suwi genti kilah-kilah, njaluk dikemuli. Hing gedigu, celak-celuk emake njaluk dipijeti sikile.
Alipah ngiluh, nulih Abid wayah didulang panganane balik metu. Cangkeme kemesor, kang ngisor ya kemelosor mbanyu. Jare lambene kerasa pait, kang dipangan nana rasane. Kasur pungkasane sing karuwan ambune, ketiban utahan. Kadhung mulese, Abid magih gelem melayu nyang jedhing.
“Ndane kaya isun?” abane Alipah nyang lakine. Merga iyane angger sak ulan sepisan, wayah arepe perei utawa sak mareke, angger mbelereng aju terus muntah lan mancur.
“Ayo pulang....” penjaluke Abid kesirep-sirep dipangku bapake. Seliweran uwong liwat, ana kang nggendhong anak, anak hang tuwek lakonane wis kedhunek-dhunek nganggo teken, ana wong meteng ngedeng-ngedeng jangkahe, durung maning para perawat kang njelewer kudhunge seliweran nganggo scooter.
Teka njaba kari cumpleng, serta menjerokaken kari rumang. Antrean ring saben poli temamaken kari dhirik. Ring kempitan derijine Alipah, kertas antrean dhokter angka 19 serehne nung layar pantau magih urutan 3.
Setemene Alipah wis nggawa anake periksa nyang klinik. Ulihe, tamba meh kaya puyer. Dhasare Abid wara tau ngombe obat, wayah didulangaken ya balik diutahaken. Pungkasane sing ana ulihe berobat. Sing betah nulih anak kari lempe seru, lakine Alipah gancang ngejak periksa maning. Ring dhokter anak pertelon Giri temakaken tutup. Aju biluk ngidulaken nyang Rumah Sakit parek penjara. Jujug melebu nyang IGD, nawi tah disuntik bain aju terus kesat maning, gedigu pikire Alipah lan lakine.
“Lik, tuku roti kaya hang nung setasiun yah?” sembarang kalir ditawakaken Alipah nyang anake iku.
“Tukuwa bain yara wis...” semaure lakine Alipah ambi ngusuki boyoke anake kang ndhempel, kesirep ngerangin.
Mula bener akeh hang ngomong, gok ‘sehat seger waras’ iku larang’, usike Alipah ambi liwat memburikaken parek papane pendaptaran, arep tuku roti kang kaya ring setasiun.
***
“Mau diapain lagi aku?” takone Abid polos sipat ana perawat melebu kamar. Ring kasur geledekan, gelem sing gelem Abid belebedan perban—inpusan. Gena sing mingser dom suntike, ngisore delamakan tangane diandohi pandalan.
Koncar-kancir perawat teka, melebu nyang kamar. Emeh subuh, perawat nawani seka. Ana perawat kang nginguk ngecek suhu awak. Rada padhang maning, wayahe suntik antibiotik. Let pirang menit, lawang didhodhog maning: perawat nyuntik anti mual. Sing suwi, perawat otong-otong nebuliser. Jam-jam sepuluhan, perawat melebu ngandhoh rantang sarapan. Sedina sewengi gedigu terus.
Alipah sak lakine wis keneng uwel dhokter. Abid, kudu ngamar. Emane Alipah lan lakine sing kathik bandel-bandelan. Kabeh wong tuwek, mestine kepingin gancang nulih anake kesat lan kesit maning. Tipi nung kamar seja dikungkung, nyetel kartun. Kadhung hing gedigu, bisa-bisa Abid nempuhi mulih.
“Patenana bain AC-ne...” sambate lakine Alipah keadhemen. Sewengian gentenan melek, merga Abid ngelilir bolak-balik. Sipat nyang jedhing kudu dikancani nyangking inpuse. Durung maning jam telu subhuh, alarm muni: code blue hang temenaken kode darurat pasien nggarahi Alipah sing perenah, kepingin gage ditundhung bain. Kesirep sing leren kaget-kageten. Mula bener wih, sak enak-enake nginep ring Rumah Sakit magih enakan turu ning umah.
Lawang kamar didhodhog maning. Hm, suntik paran maning?, usike Alipah ambi njejegaken gulune kang diselekaken ring bantal.
Ee, temakaken badhut. Capile ijo. Ana hurup Y, ring kelambine kang kelir oren. Badhut kang paceke dikerubuti wayah teka nyang TK, panggon sekolahe Abid. Weteng badhute sing kariya medhusul. Ring tangane wis nggawa pelendhongan.
“Ee, ana sapa iki?” abane Alipah gok ngudhang, merga badhute sing ana suwarane. Tangane ngelungaken pelendhongan, aju derijine ngisyarataken deriji penudinge.
“Njuwut siji, Nang. Kelir paran Lik?” jare Alipah maning. Abid magih hing bisa meledhek eseme.
“Lik, mesema rah!” perintahe Alipah magih nyekeli HP, ngerekam.
Ring jero atine, mung mbatin. Pelendhongan gedigi belokon. Kisuk entukokaken dhewek Lik, Thulik. Aja kathik leren merene maning wih ya! Gelisa kesat lan kesit maning.#
#Juli, 2026
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Neng Holip
Editor: Antariksawan Jusuf