Tulisane Wak Usik KOPAT
Weruh jambe yara? Uwite dhuwur, kapan tepak Agustusan dienggo lomba penekan, uwohe dienggo ragi nginang, upihe dienggo lalare cilik memengan. Tapi ana hang kudu dienget-enget, amening kadhung wite dienggo ring rawatan rajakaya. Apuwa?
Wekase para sesepuhe wong Using ring Kampung pinggiran Banyuwangi Kampung Osing Pegiat Adate Dukuwan Talunjeruk (KOPAT) Desa Glagah Banyuwangi kapan ingon-ingon rajakaya kebo, sapi, jaran, wedhus, menda, kucing. Kadhung nggawe kandhang utawa gedhogane lan palungane/keroprokane (wadhahe pakanane) aja sampik nganggo kayu uwite jambe.
Kadhung anak putu Using sing percaya utawa mohal nyang omonge embah buyut Using pasthi getun ring dina mburiyane. Mergane wis akeh kaca menggalane kedadeyane anak putu Using hususe ring Kampung Dukuwan Talunjeruk Desa Glagah yaiku kang nurut lan kang ngelanggar omonge wong tuwek-tuwek.
Nggawe kandhange wedhus lan menda jerambahe nganggo kayu jambe, ya kudu ditanting maning. Buru melebu kandhange wedhuse lemu-lemu, elet pirang ulan bain wedhus lan mendane padha lara gatel. Kang ngingu sapi nggawe malungane jerambahe kayu jambe mergane diempet gampange bain sing weruha dina mburine sapine padha lara gatel sampik teka ring matine.
Jambe iku sakliyane uwite ya akeh mampaate ambi uwong kang butuh paedahe. Godhonge jambe ring donya pertanian polah tani para sesepuhe wong Osing Dukuh kadhung tanduran parine diserang hama Rantab, Sundep digebrosi ambi godhonge jambe makene parine apik maning.
Dene wong tuwek-tuwek Dukuh kadhung rawatane kewan, rajakayane dideleng wulune padha njegibrik iku tandhane cacingen jamune iyo uwohe jambe.
Kapan rawatane utawa anak lan putune akeh tumane ubate mung cukup digecekaken pupuse jambe serta wis alus aju diusap-usapaken ring rambute anak putune. Sing antara suwe tumane lan lingsane wis padha ceceran.
Kadhung kewan, ngilangaken gatele kang diusapi kudu sak awake.