Maneka Warna Sastera Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 18 Agustus 2026 06:56 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Setemene arti ucap "sastera" iku kadhung aseline teka basa Sansekerta artine "paran hang ketulis lan ngemu piwulang." Dadi rada wagal kadhung ngarani utawa nggawe istilah "sastera lisan."
   Istilah sastera lisan iku merga arti sastera wis uwah dadi "karya tulis hang endah lan nduweni rasa." Dadi sastera iku hing mung sukur hang arupa tulisan naming uga ucap-ucap hang hing ketulis naming bisa dirasakaken endahe.
   Mangkane sastera nduweni tandha-tandha yaiku nganggo basa hang endah lan enak, nganggo unen-unen, paribasan, rima (uni hang padha ring saben pungkasan ucap ring larike). Sastera ngemu nilai moral, budaya, sosial lan kemenungsan. Sastera nguntabaken rasa: welas, kedhuhung, girang. Sastera bisa cerita temenanan bisa apen-apen.
   Wujud sastera bisa dipara telung macem, bangsane puisi/gurit, ring basa Using ana hang cendhek (basanan, wangsalan, unen-unen, paribasan, rekabasa, batakan). Ana pisan prosa (cerita cendhek, novel, lontar lll) tulisane dawa. Ana drama (naskah teater, tontonan panggung).
   Tuladha sastera hang kelebu puisi/gurit.
1. Basanan: bisa duwe rong utawa petang larik. Ana pengilon (sampiran), ana isi. Hang rong larik, larik kawitan pengilon, larik kepindho isine. Kadhung petang larik, larik kepisan lan kepindho iku pengilon, hang larik ketelu lan kepapat, isine. Ucap mburine, unine padha, bisa aa, aaaa, utawa abab.
   Conto rong larik:
bayem erine
ayem atine
   Conto petang larik:
kelambi suwek jaitan aliyan
mangu-mangu nong pinggir lurung
wis tuwek mula laliyan
wis ping pitu ngomonge durung

2. Wangsalan: iki sastera lisan hang wujude ana batakane, hang setemene jawabane wis disebut kelawan samar. Nah, jawabane iku nduwe uni hang padha ambi jawabane batakan.
   Tuladha: belimbing bumi, uwoh paran hang kaya belimbing taping kependhem nong njero lemah (bumi). Jawabane wesah. Hang dimaksud, susah.
3.  Paribasan, yaiku puisi hang wujude ukara mbandhingaken paran ambi lakune menungsa. Biyasahe paribasan dikawiti ring ucap: paribasane, kaya, ibarate, kaya dene.
   Conto: kaya nguyahi segara (artine ngelakoni penggaweyan hang hing ana gunane, segara wis asin ana paran diuyahi maning).
   4. Unen-unen, iki isine ukara hang ngibarataken ambi lakune menungsa.
   Tuladha: Lakune kesandhung-sandhung (artine Uripe akeh nemoni alangan).
5. Batakan iku padha ambi badhekan. Biyasahe mula mung dienggo guyonan lan muyab-muyaban. Tuladha: kadhung bumi molak-malik, wong tani nggandholi paran? Jawabane: singkal.
6. Gurit. Hang cara lawas gurit kudu nggatekaken padhane uni ring pungkasan larik, akehe larik, lan itungan wandane. Naming gurit cara saiki bebas paran bain hang dianggep enak, dianggep bisa nguntabaken isi atine penganggite. Hing kathik aturan padhanan uni utawa itungan larik lan wandane. Bisa bain kelebu aturan bebas iki, ana gurit hang isine mung sak larik.
7. Rekabasa, yaiku basa hang direka-reka dhewek, dicocogaken dhewek, biyasahe arupa singkatan hang dijelentrehaken.
   Conto: dubang (idu abang)

   Dene karya sastera liyane ring basa Using bisa arupa:
1. Prosa narasi yaiku karya sastera apen-apen utawa hang temenanan taping ditulis nganggo cara sastera dudu ilmiyah. Ana cerita cendhek lan novel. Conto: Kumpulan Cerita Cendhek Leroban. Sedheng conto novel ana Pereng Puthuk Giri, Niti Nagari Bala Abangan.
2. Prosa Sair iku karya sastera apen-apen hang ditulis kaya gurit lan nggatekaken padhane uni ring larike. Sak bait ana hang isine rong larik, petang larik lan enem larik. Conto: Nawi BKL Inah.
3. Lontar iku tulisan bab sastera taping uga ana hang ilmu naming ditulis nganggo basa hang endah, jaman bengen. Merga durung pati akeh kertas, ditulise ring godhong lontar utawa rontal (rontal, ron=godhong, tal= wit tal). Isine ana hang cerita legenda, ilmu tamba, hukum, mantera, sejarah lll. Conto: Lontar Yusup

4. Babad cerita sejarah/silsilah/asal-usule kerajaan, dhaerah, keluwarga utawa tokoh hang isine campuran antarane sejarah, legenda lan mitos kanggo ngengetaken turunanane utawa mbeneraken penguwasa, conto: Babad Notodiningratan
5. Drama. Ring Banyuwangi, tontonan panggung hang nganggo basa Using kaya Janger, akeh-akehe hing nganggo naskah, mung belegeran cerita gedhene, aju isine sak karepe para pemaine. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor