Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 09 Agustus 2026 06:08 WIB)

Roncean Cerita: Titisan (3)


Garapane Kang Ujik

 

Sanati nyawang kanca-kancane ambi ngimpet-ngimpet rada kemisinen aju kerendhem banyu maning ring sumber hang kening banyune. Amnah ambi rada ngersula ninggalaken Sanati. Juwariyah kecrit lan Ulamiyah ngunggahi perengan kalen ambi merangkang lan celathu: ”Munggone dudu ponakane Wak Guru Sun piles-piles lambene lare iku”.
   Santri-santri lanang hang bisane mung inceng-inceng teka walike barongan Jajang benel uga uwis ngalih balik nyang pawon pondhokan.
   Dina iku mendhung cemeng kaya paresan digiring sipir teka langit bucu wetan kidul. Sing suwi padha kesangsang ring uwit-uwit gedhi hang merujuk ring boyoge puthuk kulon pondhokan. Wangune mendhung cemeng nggawe dhedhete langit Jelun. Edheng-edheng, gerigis cicir, suwi-suwi banyu udane nggedhe-nggedhekaken sampek kician. Kabeh santri padha bingung mbecikaken atep pondhoke hang bocor. Santri-santri lanang padha nggawe uwangan kanggo iline banyu makene sing ngembung ring latare. Kabeh uwangan dipungkasi ring pereng kalen. Suwarane ula labuh nggereng-nggereng ditempali gemelothake watu gedhi hang milu keli. Kalen kulon pondhokan hang maune cilik dadi nggedhe-nggedhekaken. Perengan emeh sing katon, belabure emeh peres. Wak Madsam kodhim lan nyaine milu kecek kaya santri-santrine. Ngadhangi nawi-nawi belabure munggah ngaput pondhokan. Semono akehe santri nana hang melingun ning Sanati.
“Eh, dulur… Sanati ana ringendi?” abane Sanadah ngagetaken embuh takon ning sapa. Kanca-kancane padha tulih-tulihan ambi ngusap raine dhewek-dhewek merga banyu udan terus nebluki jilbabe, meruntus ring bathuk lan pipine.
“Eh, iyok… Sanati….Sanati ring endi dulur… Wak Guru… Wak Guru…!” abane Juwariyah kecrit ambi melayu mara ning Nyai Wadiyah. Kanca-kancane milu mareki.
“Ana paran?” takon Nyai Wadiyah.
“Sanati, Sanati Nyai…!” abane Ulamiyah ambi setengah nangis.
“Iya apuwa Sanati?”
“Wau kungkum ring sumber ngandhap merga terose kewidangen,” jare Juwariyah kecrit.
“Nggih niku, aju belabur ngeten niki, Sanati napa pun mentas dugi sumber kalen niku?” abane Sanapah.
“Subhanalloh…Kang…Kang…!” celuke Nyai Wadiyah ning Wak Guru Madsam kodhim hang sedhakep ring ngisore teritis langgar. Wak Guru Madsam marani rabine lan santri-santrine wadon. Weruh Wak Guru Madsam mara, santri-santri lanang nututi.
“Ana paran?”
“Sanati, keponakanisun hang apes iku ning endi?”
“Ya embuh…Mau ning endi tah?”
“Wau niku kungkum teng sumber kalen niku, terose “anune” kewidangen."
“Alak… mau mula Sun kongkon methiki lobok sak irig tanggung!”
“Enggih terose kepiyuh-piyuh aju melajeng teng kalen niku. Mantun cewok, enggeh niku…anu…niku…!” jare Ulamiyah ambi nangis.
“Bek, ana ring endi lare iku?” abane Wak Guru Madsam. “Ayo padha nggoleti teka pinggirane kalen. Santri-santri wadon aja milu nggoleti. Wuduka aju sembayang hajat lan ndonga. Muga Santi sing keli kegawa belabur yah!” kongkone Wak Guru Madsam kodhim.
   Nyai Wadiyah lan santri-santri wadon aju gancang wuduk lan padha munggah langgar wadon. Santri-santri lanang ngetutaken Wak Guru Madsam nyisir pinggirane kalen.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor