Panganane Wong Sugih
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 Juni 2026 05:52 WIB)
- Esai
Ditulis ring Heni Kurniawati
Kala semana ring taun 1990an jangan pete kelebu panganan mewah ngalah-ngalahi 'Batu Giok Hijau' dagangane CEO jaman saiki.
Iki isun olah pete ulih luru ring kebonane Man Selamet. Sun kira Man Selamet sing kirane ngurusi uwohe pete mung sak uwit. 'Donyane' wis dhedhegan serang werane, serang akehe.
Papanisun luru pete ring ngarepe Man Selamet. Saiki iyane manggon ring kulone patung barong. Nyomah sak anak-putune ambi nunggu kios pertanian.
Bengen isun magih SD kerep memengan ambi 'kembang desa' anake Man Selamet. Arane Marti larene mula ayu, rambute ngandhan, dawa sak boyok. Iyane kerep dadi terima tamu kadhung ring desa iwuh ketekan dhayoh wong gedhi.
Dina Minggu perei sekolah isun semayanan ambi Dhik Marti umbah-umbah nyang sumber lor. Sumbere saiki melebu panggonan Wisata Using. Dalan nyang sumber ngeliwati umahe Man Selamet. Ambi nyuwun cethok lan nyangking temba sabun isun ngampiri Dhik Marti.
"Dhik Marti..." Isun celuk-celuk ring kencenge pawone Man Selamet.
"Bik Hen, meriniya sulung. Rika wis madhang?" Dhik Marti ngelajokaken isun lungguh ring lincak. Iyane dhewek lungguh ring jodhog ngarepe bengahan kang magih mawa. Ring ndhuwure singgang magih pancen mecingkring ketel isi banyu indel-indelane Wek Ning. Cethok isi kelambi kothorisun hun endohaken ring elongane lincak. Dik Marti nyurud bakaran pete nganggo sepit. Kulite pete kang kobong pinggirane dijimpit nganggo sepit jajang. Dikethog-kethogaken nyang sisane kayu kang magih mujur ring sandhinge bengahan. Awune ceceran, bakaran pete katon semorot ijo semu soklat.
Setemene isun magih kelas 1 SD, Dik Marti wis kelas 6 SD. Apuwa kang gedhi nyeluk bibik nyang kang cilik? Merga Bapak lan Emakisun ngerubuhaken jajang sebarong. Embuh kelendi urutane seduluran ring keluwarganisun. Wis tau sun selusuri takon nyang Emak lan Bapak, maksa lali maning. Merga buledan kaya bolak seringgitan. Sing mupakat njelimet kaya sing keneng dibujar. Mulane isun duwe cita-cita mbisuk kadhung wis gedhi, payu laki, isun emong ulih wong Kemiren. Lengek isun kadhung wis kumpul-kumpul bangete melabot aju dijelas-jelasaken, dulur iki rabi ulih dulur iki, dulur iku ulih iku. Webyek, setemene bingung taping kanggo ngajeni kang nyeritani, isun api-api paham bain.
"Bik Hen, nyak arene. Imbuha dhewek!" Mari-mari gati Dhik Marti ngelungaken piring seng nyang isun. Piring sun tampani, aju imbuh sega kang ana ring salang. Salange digantung ring paga, mula sing kari dhuwur. Isun apal wis merga kecepeten dijak madhang-madhangan ring Dhik Marti. Dhik Marti njeber kusut ring galare pelanca, bakaran pete diendoh ring ndhuwure, aju ditelakupi kusute. Dipetek-petek gulungan kusut ambi rada dipelorodaken. Semasa kusute dibeleyak wijine pete coplok dhewek teka kulite. Jeh, temenaken gedigu carane. Entanggo dikenceti siji-siji. Isun gancang nulungi mbubuti wijine pete, aju sun selisihaken ring jebeg isi sambel ucek. "Endhane arep diopahi madhang kari sing ana tulunge blas", pikirisun.
"Madhanga sulung Hen, kang wareg! Buru melakuwa nyang sumber," Warah-warahane Wek Ning. "Aja kari suwi nang banyu, ring uwite bendha iku ana tunggune. Bedhug-bedhug akeh dhemit." Omongane Wek Ning anange Dhik Marti nggawe isun keweden. Isun sakkal wurung arep amet jangan.
"Wis madhanga Bik Hen! Anang iku biyasah ooh meden-medeni. Goleta rambanan wis, engko isun ambi Bik Hen kang makani wedhuse." Dhik Marti ngedhem-ngedhemi. Isun manthuk taping ya ambi mikir kepikiran wong alus tunggune wit bendha.
Sun tulih sega ring aren durung ana layane. Isun nyerok sambel nganggo suru godhong, njuwut pete telung wiji. Isin isun arep njuwut akeh. Wong sing duwe kaya isun sing juwari arep ngenak-ngenakaken madhang ring umahe wong sugih.
Ambi muluk sega, nyokot pete ambi meringis makene incit. Pete telung wiji ambi tutul sambel kudu cukup kanggo ngentekaken sega sepiring. Ambi madhang mangku aren, melanthetaken sikil kang gemantung ring lincak isun mbatin, "Mbisuk Isun kadhung wis gedhi nak olah jangan pete-pete thok, sing kathik dicampur-campuri, wutuh sing kathik disigari".
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.