Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 14 Juni 2026 07:15 WIB)
(Roncean Cerita) Gesah Kedhung Kerasak
Dianggit ring Kang Ujik
Buru sore soren, Man Adirik selametan ketan rokok ring pesarehane Buyut Sargi utawa Mbah Kyai Zen hang ana ring dalan Kali Lo Kerantigan Kidul. Mageribe ngundang tangga-tangga ngebangi umahe. Merga iyane sak keluwarga iku buru balik teka nguwal ring endi-endi. Masiya jare perocot lan gedhi ring Kerantigan, naming nalika umah-umah manggone ngalih-ngalih. Teka Karangrejo, duwe anak loro, nguwal nyang Balung Poh Sidoarjo, miber maning lan temebluk ring Karangente Banyuwangi. Ulih rong taun nguwal ring Kerantigan. Awake sampek gering lan nyemeng. Maklum. Sakliyane durung duwe umah dhewek, saben dinane kaitung keluwarga hang kurang teka cukup.
Kerana nana buruhan, isuk iku ana wektu cukur rambut ning rabine hang mula duwe kepinteran nyukur lan mijet Sangkalputung. Arane Kamilah. Nalika magih perawan uga kerep diundang nyanyi, nganggo aran panggung “Camelia”. Adirik MC-ne lan uga mbarengi nyanyi. Tengah-tengahe ngethok kalese lakine, Kamilah mara-mara takon Kedhung Kerasak.
“Rika gok takon Kedhung Kerasak, Mil. Tau weruh tah Rika?”
“Mulane Isun takon”.
“Iyok. Jare durung tau weruh Kedhung Kerasak, gok mara-mara takon?”
“Mabengi Isun ngipi ditekani uwong dhuwur rada gering. Rupane kaya aktor HM. Damsik hang dadi Datuk Maringgih, kok!”
“Woh… Iku padegane apak. Ruwahe mertuwanrika. Ngomong paran?”
“Ya pas Isun nyukur rambutrika gedigi iki, perasanisun uwong iku nduding ning isun. Naming nulihe ning rika. Ambi ngomong gedigi- "Ati-ati rabinira. Kedhung Kerasak iku kurang siji- Gedigu ya Kang!”
“Wadhuh!”
“Apuwa, Kang?”
Adirik enget ning ceritane emake ngenengi ruwahe Erpan. Lare Singomayan, kampung kidule Kerantigan. Anake pulisi penjara. Iyane sak kancaan dhemenane adus-adusan ring kedhung Kerasak hang panggonane ana ring antarane elor-ngisore sawahe Pak Tro lan ring kidule sawahe keluwarga H.Tamim. Magih kelebu eros-rose Kali Lo. Ring ndhuwure ana kedhung maning arane Wuni. Teka kedhung Wuni sampek nggadug ring kedhung Kerasak akeh watu-watu gedhi. Jare uwong tuwek-tuwek Kerantigan, nalika gelabur gedhi, akeh watu padha keli teka ndhuwur-ndhuwur lan mandheg ring panggonan iku. Kadhung banyune rada mudhun, watu-watu gedhi padha katon. Adate, akeh lare-lare teka kampung Kempon, Kemasan, Panderejo, Singomayan, Gerajaban, Temenggungan, Kampung Melayu, Lateng, Singotrunan, Sawahan, Penganjuran, Gentengan, Giri, Pecinan lan liya-liyane.
Lare-lare iku mari adus-adusan ring Kedhung Kerasak lan Kedhung Wuni aju mangan bareng, lungguh ring ndhuwure watu-watu gedhi iku. Kadhung banyune kening, akeh wader pari, wader takul lan mujaer padha seliweran ring iring-iringane watu. Kadhang hang adus-adusan iku ambi nggawa pancing cokolan. Pancinge cilik kelire cemeng. Senare dibente. Mari diempani nganggo cacing, aju dilebokaken ring antarane tumpukan watu-watu. Cokol iku iwake cemeng, kadhung porosan kelire rada sokelat.
Adus-adusan sing mung sukur teles awake. Lare-lare iku ana hang ciblungan, suwi-suwiyan nyilep, gancang-gancangan njuwut watu ring dhasarane kedhung, ana hang ubrik lan ana uga hang ceburan. Kadhung hang ceburan silah, dhuwur-dhuwuran cemiprate banyu. Kadhung hang sinyongan, ana hang mengarep kaya umume, ana uga hang njempalik memburi.
Salah sijine lare hang ceburan sinyongan yaiku Erpan. Sing weruha, Erpan numpeg kanca liyane hang enak memengan ubrik. Arane Imam nderongos. Endhas ketampes endhas. Imam derongos melung-melung nyekeli endhase dhewek ambi mentas lan nguling-nguling ring pinggirane kalen ambi nangis lan ngoceh-ngoceh arep nempiling hang numpeg. Naming sapa hang numpeg, nana hang weruh. Ngerti-ngertine, nalika kabeh padha mentas teka kedhung Kerasak. Serta uwis padha nganggo kathok lan kelambi, gok magih ana sak setel kathok lan kaos putih hang wis mbelawuk?
“Alaaak…! Iki kathoke Erpan. Wadhuh… ningendi larene iki?” jare Aripan panu. Kanca-kancane hang teka kampung liya padha kaget lan wedi. Kontan lare-lare padha celuk-celuk arane Erpan. Ana uga hang othak-othak kathok lan kelambine maning aju njebur ring kedhung. Liyane akeh hang milu-milu nyilep.
“Pinggirane kedhung ayo disilepi!” ejak Aripan panu hang kala iku umbele mulur. Ijuk kaya ecek. Kanca-kancane hang njebur sing kathik semaur. Kabeh padha nyilep. Ring kedhung padha bingung, hang ring entasan pinggiran kedhung saya akeh uwong Kerantigan. Uwong-wong lancing wayah padha njebur. Kang Usnik Negro uga milu njebur. Apuwa diceluki negro? Kerana kulite cemeng, rambute kerinting alus lan matane mendelik. Eh, masiya njebure kari, nyatane serta njumbul teka kedhung ambi mondhong Erpan. Endhase Erpan bucur. Gojreh getih. Ana hang ndelewer ring dhadhane Kang Usnik. Nana wis, kelire sampek kaya dhuwet cemeng mberanang abang.
Uwong semono akehe padha jerit-jerit nulihi Kang Usnik mondhong mayite Erpan digawa nyang langgare Guru Maksum.
“Iki kathok lan kaose Erpan, enggokena sulung!” abane Aripan panu. Masiya nana hang nyemauri, naming Kang Usnik negro langsung bain nganggokaken kathok lan kaos ring mayite Erpan.
“Eh ayo gancang dieteraken ning umahe!” jare Kang Usnik negro. Uwong-wong tuwek sepakat lan bareng-bareng nggotong mayite Erpan nyang Singomayan kulone Koramil.
“Ceritane ruwahe Erpan iku kedadeyane taun pira tah, Kang?” takon Kamilah ambi ngethoki rambute Adirik. Katonane guntinge kasep ngesah.
“Jare emak, sak marine udan awu merga gunung Agung Bali mbeledhos taun 1963 lan sedurunge ana beleh-belehan taun 1965. Kala semono isun magih bayi, taun 1964-an gedigu!” cerita Adirik ambi meringis-meringis, rambute ana hang ketarik gunting. Serta buru mari cukur, Kamilah durung mingser, Adirik kepintut sak anter-antere. Kerosi hang dilungguhi kaya-kaya sampek bolong.
“Assalaamualaikum…!” abane Paesolik Tanamor ambi mareg ning Adirik hang buru mari cukur rambut. Kamilah ngerijigi rambut-rambut alus hang magih temempel ring gulu-gulune Adirik, nganggo wedhak talek.
“Wa’alaikumussalam…!” semaur Adirik ambi ngadek lan ngiblas-ngiblasaken kelambine hang dicoplok nalika arep cukur mau. Mari salaman uwong loro hang lawas sing ketemu iku aju rangkulan lan melebu bareng ring jeromahe Adirik. Paesolik dhemen lungguh ngelesod ring pelesteran.
“Kelendi kabare tanamor, ha,ha,ha…!” pancing Adirik ambi ngakak bareng.
“Magih enget bain Pena iki yah. Bek, pirang puluh taun kene iki pisah yoh?” takon Paesolik.
“Ya, ana kadhung petang puluh taunan gedigu, Sol. Eh, magih enget ambi lagune tanamor? Acake tegarena, Sol. Kangen Isun yah!” jare Adirik. Kerana hang ngongkon kanca lawas, Paesolik aju muni :”Peristiwa waktu aku, datang ke tanamor jumpa seorang hostes….! Halah wis…kunok….!” Jare Paesolik sing gelem nerusaken gendhinge. Adirik gemuyu ketheng. Kamilah uga gemuyu teka pawon hang aju nggawa wedang kopi sak morong luntrik ijo-putih lan cingkir seng luntrik pisan.
“Wadhuh… kari repot-repot bain dulur siji iki yoh!” abane Paesolik ambi mecikaken sikile hang kunjur mau dadi silah.
“Kadhung repot iku, mbeleh sapi, Kang!” semaur Kamilah.
“Kelendi, magih gelem nampa kundangan nyanyi tah?” takon Paesolik ning Kamilah hang nalika magih enom aran Penyanyi “Camelia” semebyar.
“Perei wis…Penyanyi enom wis akeh hang njumbul. Paran maning kerewekan anak gedigi,” semaur Kamilah.
“Sepurane ana mung sapi-sapi thok, nana gedhogane!” abane Adirik ngelendheh.
“Eh, ketemu bain, untung wis. Lawas Isun kepingin gesah kaya bengen nalikane magih lancing,” jare Paesolik.
“Padha nggelidhige nawi yoh!” poyok Kamilah ambi nggawa bakine melebu ning pawon.
“Ya… tambenge lare bengen. Paling nyerimpungi pohe uwong, mbuthek sumber, meneki dhuwet tengah kuburan kana!” semaur Paesolik.
“Ya adus-adusan ning Kedhung Kerasak kana?” takon Kamilah kerungu suwara thok.
“Iyok…Sapa hang sing tau adus ring kana. Ya emane kanca-kanca bengen iku akeh hang selamet yoh, Rik!” jare Paesolik ambi ngiling kopi ring lepekane.
“Iyok! Taping dititen-titeni, hang dadi korban ring kedhung Kerasak iku dudu lare kene. Erpan ika lare Singomayan. Terus lare Pecinan ika, hang suthup kok”.
“E… anggotane badminton Phonix ika?” takon Paesolik.
“Iyok…Mari latiyan ring Gedhung Bhayangkara ngarepe rumah sakit umum ika, adus-adusan sak kancaan. Ana hang arane Abdul Kadir lare Tangkong ika, Abdul Hamid lare Lateng lan hang suthup teka Pecinan ika arane Tan Li Ong”.
“Hang mati ika lare cina iku yoh?”
“Iyok! Yaiku yah…uwong bengen iku budhuh-budhuh ak yoh. Serta mari ana lare mati ring kedhung Kerasak, engkisuke ana uwong ndeleh anak-anakan hang digawe teka gelepung, dideleh ring ndhuwure baki hang uwis dikebeki kembang setaman aju diselobongaken ring barongan Jajang ori hang ana ring ndhuwure kedhung. Nana, dhasar lare Kerantigan mbeleng-mbeleng!”
“Kelebu pena. Anak-anakane dipotheli sithik-sithik, dipangan nah!” jare Adirik.
“Ketang, enak kaya bolu ika yah!” semaur Paesolik.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.