Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 28 Juni 2026 06:38 WIB)
(Roncean Cerita) Gesah Kedhung Kerasak (pungkas)
(Dianggit ring Kang Ujik)
Kiroah magerib teka corong langgar lan mesjid uwis muni. Uwong-wong liya mesthine padha nyepak-nyepakaken bukaan. Naming using kanggone keluwarga Mbok Holisah hang magih udan tangis. Geludhug nggereng-nggereng ring kadohan. Nalika gotong-gotongan mayit gadug wetane Gedung Bhayangkara, hang aran geludhug mara-mara ngagetaken jemelegur dibarengi gilap barak sampek kaya-kaya arep nyuwek langit hang peteng merga mendhung cemeng. Gadug kari-karine barongan Jajang ori mburine SDN Singonegaran 2, udan mudhun. Kician. Gotong-gotongan mayit ngaloraken. Ring ngarepe langgar Guru Maksum wis akeh uwong hang mapag tekane mayit. Ambi padha tangisan. Hang aran iluh wis campur banyu udan. Uwong akeh iku padha muni : “Laa…ilaa…ha illallooh…..Muhammadarrosuulullooh…..” dibolan-baleni ambi mesesegen. Pikirane padha ning mayit lan ring Mbok Holisah hang bobotane uwis melebu wayah “eleke”.
“Nalika iku hang mutus-mutusi ya Isun wis. Kapan mayit iku dikubur. Karepe uwong-wong bengi iku langsung. Naming udan kician sing mandheg-mandheg sampek tengah wengi. Hang aran uwong jakat piterah padha nganggo kudhung papahe gedhang. Ana hang ambi kudhungan nyiru, baki lan ana uga hang niyat kecek. Hang penting jakat piterah bisa nggadug nyang hang nerima. Paran maning kala semono lompongan kampung magih lemah kabeh. Aja takon belethoke yoh!” abane Adirik.
“Isun enget, ngubure engkisuke ika yoh. Mari sembayang Asar,” jare Paesolik.
“Marine dikubur kapan? Isuk uwong-wong padha lebaran. Mari bedhug kanca-kanca mangkat juger-juger kuburan. Aja takon janggete lemah kuburane. Macule mandheg-mandheg. Kerana pacule sedhela-sedhela kudu dirijigi teka belethok. Ya emane jam papat soren wis mari ulihe ngubur. Dadi magih kongang etap-tap panggonan lan cepak-cepak hang diperlokaken kanggo tahlilan mari magerib,” cerita Adirik.
“Huh..sing bisa mbayangaken perasaane Mbok Holisah. Ngarepaken kelahiran anake hang kawitan, lakine ninggal. Ya emane akeh dulure hang njawa,” cerita Paesolik.
“Yaiku… serta ulih sangang dina, Mbok Holisah ngelairaken. Wekase ruwahe, kadhung anake wadon arane delehana Diah. Cumpu serta lair, lanang. Mbok Holisah nyempataken rembugan ambi Isun. Pungkasane Isun ulih aran Atimissubhan Hadi. Nyatane diterima lan dadi arane ponakan sampek seperene iki,” abane Adirik.
“Kadhung nyawang padegane, Atim iku kaya ruwahe. Kulite kuning, awake dhuwur lan akeh unyike,” jare Paesolik. Gesah iku pedhot sedhela kerana Atim metu teka lawang pawon ambi gelegeken. Wangune mari dikongkon sarapan ambi Kamilah.
“Assalaamualaikum!” jare Atim ambi mungkruk-mungkruk kaya nalika melebu ning pawon mau. Adirik lan Paesolik nyemauri emeh barengan.
“Dadi, bener hang diomongaken ruwahe Wak Mad apake Kang Nik gandar ika yoh!” jare Paesolik. Adirik manthuk-manthuk.
“Mari mangan ruwahe Kang Mislan, Kedhung Kerasak iku ra mangan korban maning ika,” jare Adirik.
“Sapa?”
“Emake Kang Mui asal Gerajaban,” semaure Adirik.
“Kang Mui sapa?”
“Eh, Mui lakine Umi ika yah!”
“Eh…Kang Mui mantune Wak Sapuwan gingsul ika tah?”
“Iyok!”
“Kelendi ceritane iku?”
“Nalika iku taun 2000. Keluwargane Mui iku manggon ring umah hang ngelet sawah rong kedhok teka Kedhung Kerasak. Mui sak dulur-dulure padha poyokan ambi juger-juger lemah nggawe sumur. Emake hang uwis rong ulan milu manggon iku mara-mara metu teka umahe Mui liwat lawang ngarep. Nana hang weruh. Jare Wak Siti rabine Wak Tapin, emake Mui iku melaku ngunthul, temungkul, sing tulih-tulih kiwa tengene. Terus mudhun ring dalan panggonane ruwahe Kang Mislan bengen. Serta mari nyeruti godhonge gedhang kulone Kedhung Kerasak, Wak Siti nyuwun godhong meripit pinggirane kalen. Serta weruh ana uwong wadon hang kemureb ring pinggirane gerojogan panggonane ruwahe Kang Mislan kecebur bengen. Endhas sampek gadug pundhake uwis kedelep ring banyune. Nalika iku Wak Siti melung-melung tulung-tulungan.
Uwong-wong hang rungu, padha teka ambi takon-takon : “Ana paran, ana paran Wak!” Wak Siti sing bisa semaur, mung duding-duding mengisor bain. Nalika uwong-wong padha ngeweruhi ana uwong wadon kemureb ring pinggirane gerojogan Kedhung Kerasak, aju gancang mudhun lan mondhong emake Kang Mui hang durung weruh dheng-dhengan iku. Kerana, sak liyane poyokan, suwarane gendhing banyuwangen teka salone, anter. Ngertine nalikane lawang ngarep digedhor-gedhor uwong-wong, buru, suwarane salon mandheg. Serta weruh ring ngarep umahe akeh uwong ambi mondhong emake, Mui njerit ambi nangis :”Apuwa emak iki mau?” abane. Umi katon nangis pisan ambi mencap-mencep,” cerita Adirik.
“Taun-taun iku Isun magih ning Surabaya…ning umahe adhikisun. H. Taupik gendhut”.
“Ye… Mulane sing weruh ceritane yoh”.
“Iyok. Eh, hang dadi pitakonan ring atinisun dhewek iku, apuwa hang dadi korban iku dudu uwong aseli Kerantigan. Kabeh uwong jabane Kerantigan. Iku hang dadi pikiranisun”.
“Nawi bain gedigi, Sol. Iki, nawi. Bengen jare emak, nalikane jaman Cepang taun 1942-an gedigu, uwong sugih-sugih padha nyengidakaken raja berana ning pinggir-pinggirane banyu Kerasak. Apuwa diarani banyu Kerasak, merga bengen iku banyune ngerasak, jerune mung sak pentholane sikil. Akeh uwit-witan. Hang merujuk ring pinggirane. Saben dina dadi jujugane uwong ngili. Sengidan, sampek taun 1950-an gedigu” jare Adirik. Paesolik manthuk-manthuk. Kulit bathuke mengkered. Matane katon suthup.
“Terus paran hubungane ambi korban-korban ika?”
“Gedigi…Uwong-wong hang nyengidakaken barang raja berana arupa emas-emasan iku akeh hang mati lan ahli warise sing diwasiyati. Dadi, barang-barang perhiyasan iku dirawat bangsa jim hang ana ring Kedhung Kerasak iku. Nawi bain, kadhung ana lare utawa uwong jaba memengan, adus utawa ramban-ramban ring kono dikira arep njuwut perhiyasan hang dijaga iku. Nawi bain gedigu,” jare Adirik.
“Rika bisa ngomong gedigu iku, ya ana benere. Polae Isun tau diimpeni, kaya ditekani uwong tuwek lanang lan wadon. Perasanisun hang mbah anang ngomong gedigi-Cul… isun ambi mbah adon manggon ning kono, Cul- abane ambi nduding perengan kedhung hang enggir elor, kidule kelapa dhoyong ika. Perasanisun, ring pereng iku ana lawang separuh bunderan hang godhongane digawe teka sirap-sirap. Isun aju ngelilir,” cerita Paesolik.
“Eh, impenrika padha ambi hang dialami Man Untung. Man Untung iku ra juger-juger pasir kanggo gawe sumber. Eh, bengine ngipi ditekane mbah-mbah lanang wadon hang neka ring Rika iku. Jare, mbah adon lungguh ring ambal-amalan umahe Guru Maksum lan mbah anang ngelurug Man Untung. Ya kongang pulet, sontogan lan mandhege nalika Man Untung jare ngomong njaluk sepura lan takon, apuwa mbah anang ngamuk ring awake. Mbah anang iku semaur kadhung Man Untung ngerosak latar umahe,” cerita Adirik.
“Eh… Man Untung iku ya dudu aseli uwong Kerantigan kene. Iyane mula gawe sumberan ring kidule perengan kedhung nggir elor. Kadhung diukur, antarane lawange mbah anang-mbah adon nyang sumber hang digawe Man Untung, ya kenceng. Pas ring ngarepe lawang separuh bunderan iku,” cerita Paesoli.
“Yaiku… serehne Man Tapin iku uwong aseli Kerantigan, ya sing paran-paran nalikane keruk-keruk pasir sampek ulih pirang-pirangane gibig. Akeh uwong Kerantigan aseli hang mbangun umahe, watu lan pasire nggolet ring Kedhung Kerasak kana. Ya sing paran-paran iku,” abane Adirik.
“Isun enget, ana uwong ngerti, kancane H. Taupik Surabaya, tau diejak ngungang Kedhung Kerasak. Jare, kedhung iku panggonane nyimpen perhiyasane Nyai Roro Kidul. Ring perengan kedhung enggir kidul iku mula ana erong. Jare iku sampek nggadug segara kidul,” jare Paesolik. Gesahe uwong loro iku pedhot sedhela, merga ana Kang Anwar teka milu gesah.
“Mil… Kamil…!” celuk Adirik. Kamil semaur teka pawon. “Kopine tambah siji…!” sambung Adirik. Kamilah semaur :”Enggih!” Buru bain nyemauri, Kamilah wis njumbul ambi nggawa kopi sak lumur. “Kesuwun Mbok Cameliya!” jare Anwar ambi nyandhak lumur lan ndeleh ring ngarepe silah.
“La… Kang War iki bengen tau, magerib-magerib mancing ring Kedhung Kerasak. Tau ditemoni paran Rika bengen?” takone Adirik. Anwar kethip-kethip ambi nyolok udud.
“Yaiku…kala semono, Isun sing wani ubah. Isun dikatoni ula ana jamange. Sisike ijo-kuning, kaya murub. Sangking gemilape. Werane sisike iku sak piring-piring”.
“Ring enggir endi ula iku?” takon Paesolik.
“Ning erong ngisore barongane jajang ori ika!”
“Ye… erong enggir kidul?”JareAdirik. Paesolik lan Anwar manthuk-manthuk.
“Yaiku… pas ula hang gedhine sak menarane masjid jamek Baiturrahman iku ngaton, empane pancing wangune dipangan iwak. Masa Sun tarik wis. Sampek ula gedhi iku ngilang, buru senar Sun tarik lan melayu ngetan wis. Sing kathik tulih-tulih……!” cerita Anwar ambi gigil-gigil.
“Kadhung Isun bengen nalika njala ambi Amat lukis, ulih lele putih lan ulih iwak hang gedhine sak capahe tangan iki. Kelire apik. Iwak paran iku, Isun sing tau tumon sedurunge. Ring wetenge, ana serongote hang dawane sampek sak dhepa. Amat keweden. Lele putih ambi iwak hang apik iku dieculaken maning ring kedhung Kerasak,” jare Paesolik.
Gesah-gesah uwong telu iku sampek nggadug bedhug. Anwar lan Paesolik metu teka umahe Adirik hang ngetutaken sampek gadug lawang umahe.
Sak ungkure dhayoh loro kono mau, Kamilah ngajak lakine sembayang bedhug. Mudhun teka langgar Guru Maksum, iyane njaluk dieteraken nyang Kedhung Kerasak. Naming Adirik nyegah. Kerana Kamilah dudu uwong aseli Kerantigan. Kuwatir. Kamilah nurut paran hang diomongaken lakine.
Banyuwangi, 20 Agustus 2025.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.