Arief Yahya: Pak Anas Wis Wayahe Dadi Menteri
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 08 September 2022 07:11 WIB)
- Laporan
Dina Selasa, 30 Agustus 2022, menteri pariwisata dhongkol Pak Arief Yahya kecaruk ambi bupati Banyuwangi dhongkol Pak Abdullah Azwar Anas. Wong loro iku wis kerep kecaruk sakat Pak Arief magih dadi menteri lan Pak Anas dadi bupati. Dadi tepak Pak Anas njabat Ketua Lembaga Kebijakan Pengadaan Barang/Jasa Pemerintah (LKPP) ring Jakarta, kelorone ya kerep madhang bareng ambi gesah. Ring gesah dina iku Pak Arief ngomong nang Pak Anas "Sudah saatnya jadi menteri ... "
Cumpu tepak seminggu sakuwise, temenan Pak Anas dilantik madeg dadi Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi merga posisi iku kosong rong ulan suwine, sakjege ditinggal Pak Cahyo Kumolo sampek umur.
Pak Arief malah ngomong,"Siapkan programnya kalau ada yang tanya terkait dengan jabatan menteri."
Nyang reportere belambangan.com wong asal Panderejo Banyuwangi hang tau dadi dirut PT Telkom iki aju ngewani komentar.
"Pak A3 memang layak jadi menteri, prestasinya luar biasa saat jadi Bupati Banyuwangi dan Ketua LKPP, tak terbantahkan, prestasinya tingkat nasional. Semoga dengan jadinya Pak A3 sebagai menteri dan ada menteri sebelumnya dari Banyuwangi dapat menginspirasi anak-anak muda Banyuwangi untuk berkiprah di tingkat nasional. Lare Using bisa."
Ring pungkase gesah, Pak Arief hang milu girang ngewani wekas, "Selamat dan sukses Pak A3, jadilah kebanggaan negeri, teruslah jadi kebanggaan Banyuwangi."
Pak Anas sore wis dilantik ambi Presiden Jokowi ring Istana Kepresidenan Jakarta. Iyane lair ring Banyuwangi tanggal 6 Agustus 1973. Sakat cilik uripe ana ring lingkungan pesantren. Tepak kuliyah tau dadi Ketua Umum Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama (IPNU). Melebu kuliyah ring rong universitas hang beda, emeh bareng yaiku Fakultas Sastra Universitas Indonesia (1994-1999) lan Fakultas Teknologi Pendidikan IKIP Jakarta (1992-1998). Aju
pendidikan mastere ring Fi Fakultas Ilmu Sosial dan Politik UI taun 2002 lan lulus taun 2005.
Karir politike dikawiti taun 1997 tepak iyane dadi anggota paling enom Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) teka utusan golongan.
Pak Anas tau gabung ring Partai Kebangkitan Bangsa (PKB) taun 2001 lan dadi Wakil Sekretaris Jenderal Dewan Pimpinan Pusat PKB. Taun 2004, iyane kepilih anggota DPR RI makili daerah pemilihan (dapil) Jawa Timur III. Nyalonaken maning ring Pemilu 2009 taping hing melebu. Setaun sakuwise milu Pemilihan Kepala Daerah (Pilkada) Banyuwangi lan kepilih dadi Bupati Banyuwangi periode 2010-2015. Lan maju menang maning ring periode 2015-2020.
Tau diejak Saifullah Yusuf utawa Gus Ipul ring Pilkada Jawa Timur. Taping mundur.
Sakliyane Pak Arief lan Pak Anas, Banyuwangi wis ngirimaken pirangane pejabat dhuwur ring ibukota.
Ana (ruwahe) Pak Abdul Kahfi hang tau dadi walikota Jakarta Pusat aju dadi wakil gubernur DKI. Aju kanca sekolahe Pak Kahfi yaiku Pak Sutarjianto tau madeg dadi walikota Jakarta Barat lan hang pungkasan Pak Bambang Sugiyono hang tau dadi walikota Jakarta Utara hang saiki dadi Ketua Umum Ikawangi Pusat.
Salah siji diaspora Banyuwangi pangsiunan teka PT Krakatau Steel, Pak Sumono Abdul Hamid, milu mongkog. "Pendidikan menengah atas kelebu paling buncit ring Jawa. Buru ana taun 1960 taping Banyuwangi wis bisa "membaktikan dua putra terbaiknya" dadi menteri.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







