Nunggang paran ngirim asil tetanen lan rajakaya teka Banyuwangi nang Jakarta? Seperene para pedagang nganggo trek. Naming dikawiti ulan September iki barange bisa dikirim nunggang sepur.
   PT KAI Logistik, anak perusahaan PT Kereta Api Indonesia, arep ngawiti trayek Banyuwangi-Jakarta kanggo rajakaya hususe sapi lan asil tetanen ring pungkase ulan September iki.
   Direktur KAI Logistik Broer Rizal mari kecaruk Bupati Ipuk Fiestiandani sore, ngomong gok sepure dijadwalaken nguwot barange teka setasiyun Argopuro, Kalipuro lan setasiyun Kali Setail.
   Seliyane nguwot teka Argopuo lan Kali Setail, ring Jawa Timur, sepure engko mandheg pisan ring setasiyun Rambipuji Jember lan setasiyun Probolinggo.
   PT KAI nyiyapaken gandhengan gerbong husus asile modipikasi. "Sekali mangkat ana 20 gerbong hang isine rajakaya lan asil tetanen kaya woh-wohan, sayur janganan, lobok lan liyane," jare Broer Rizal.
   Sak gerbong bisa nguwot 25 sapi hang abote sak sapi kira-kira 300 kg lan 25 ton asil tetanen.
   PT KAI Logistik nggandheng PT Bogantara Indotransport minangka rewang.
   Bu Ipuk girang kelawan anane layanan iki merga asil tetanen bisa nggadug pasar lebih gancang lan pesthi wektune.
   Barang bisa dipasthekaken sampek ring Jakarta kira-kira 26 jam.
   Angkutan rajakaya ambi asil tetanen nunggang sepur iki setemene wis tau dianakaken bengen taun 1960an sampek mandheg taun 2000an.