Ana siji maning cerita kanca sekolah aju bareng dadi pejabat. Bengen karo-karone kanca sekolah ring SMPN 1 Rogojampi lan umahe padha-padha ring Singojuruh. Pisah tepak SMA aju kecaruk maning ring Akademi militer. Saiki pangkate padha lan padha-padha dadi komandan ring Komando Distrik Militer (Kodim).
Hang siji Letkol Arh. Rudi Ariyanto, S.E., M.Sos. lan kancane Letkol Inf. Delli Kautsar, S.I.P.
Rudi lair lan gedhi ring Dusun Kemiren, Desa Singojuruh. Dene Delli lair ring Dusun Kedungliwung, Desa Kemiri.
Sakat sekolah bengen karo-karone kepingin ngembani bela negara dadi perajurit TNI.
Teka SMP hang padha aju Rudi nerusaken sekolahe ring SMA Taruna ring Magelang, dene Delli nerusaken nang SMA Negeri 1 Giri, Banyuwangi.
Karo-karone kecaruk maning ring Akademi Militer. Rudi milih Artileri Pertahanan Udara (Arhanud) lan Delli melebu Komando Pasukan Khusus (Kopassus).
Lare desa hang sing duwe dulur jenderal iku lulus taun 2006.
Sakmarine ngabdi suwine 19 taun, sakat 2 Juli 2026, Letkol Arh. Rudi Ariyanto madeg dadi Komandan Kodim 0801/Pacitan, Jawa Timur.
Aju buru bain tanggal 11 November 2026, kancane, Letkol Inf. Delli Kautsar, madeg dadi Komandan Kodim 1431/Bombana, Sulawesi Tenggara.
Ceritane Rudi lan Delli iki mbuktekaken kadhung lare desa tetep bisa nggayuh impene kelawan patheng, mempeng anggone nggayuh impene lan hing gelem nyerah.
Wong loro iku saiki nggawe mongkoge wong sak Singojuruh lan Banyuwangi.