Milu Seleksi Gandrung Sewu 2022

Ica Septia Ramadani (dipublikasikan pada Senin, 05 September 2022 07:56 WIB)
- Laporan



Ring ulan Agustus iki, jaduwal kegiyatan sekolahisun padhet, akeh kegiyatan-kegiyatan hang sun piloni kaya kegiyatan Gandrung Sewu. Isun ambi kanca-kancanisun hang sekolah SD-SMA ring Kecamatan Blimbingsari, nganakaken latihan gandrung bareng dienggo persiyapane seleksi Gandrung Sewu. Tarian hang digawa taun iki yaiku Gandrung Gurit Mangir. Isun ambi kanca-kancanisun latihan bareng angger dina Rebo, dhonge mulih sekolah.

Tepak ring tanggal 19 Agustus 2022, isun ambi kanca-kancanisun hang makili Kecamatan Blimbingsari, menyang ring RTH Singojuruh panggonan kanggo seleksi peserta Gandrung sewu. Nepaki wayah gadug ring kana, isun ambi kanca-kancanisun langsung njuged bareng-bareng ambi perwakilan kecamatan teka Rogojampi, Singojuruh, Songgon, ambi Kabat.

Ring seleksi hang dibiji ambi para juri, sing kabeh lare dipilih supaya bisa melebu Gandrung Sewu, tapi para juri nemtokaken lare hang dipilih teka hang lebih apik ubahe awake nepaki njuged, apal gerakane, eksperesi peraenane kudu pas, ambi kekuwatan tepak njugede. Alhamdulilah isun lolos seleksi kawitan ring kono atinisun seru girange, isun sampek deredesan iluh, sebabe isun sing tau milu Gandrung Sewu, buru taun iki isun bisa kepilih milu Gandrung Sewu.

Isun sakat SD mula wis dhemen ambi seni tari-tarian, kawitane isun mung kepingin milu-milu bain, tapi suwi-suwi kelawan melakune waktu, isun nduweni niyatan arep saya jeru ulihe njugeri bakat njugedisun. Alhamdulilah kelawan dhukungan teka emakisun lan lingkungan sakubenganisun, saiki isun bisa njuged macem-maceme tari gandrung. Sing mung gandrung bain, isun ya bisa nari liyane maning. Isun ambi emakisun dilebokaken ring Sanggar Rama Lestari Wonosobo, ring kono isun bisa njugeri saya jeru nyang bakatisun, sekaliyan nguri-uri budayanisun dhewek yaiku budaya Banyuwangi.

Angenanisun mengarepe yaiku, lare-lare hang nduweni bakat utawa dhemen ambi tari-tarian Banyuwangi, ayuk bareng-bareng njaga budaya awake dhewek iki, supaya tetep maju lan saya kesuwur.

Kapan sing isun lan rika, sapa maning dulur.

*penulis magih sekolah ring SMPN 1 Blimbingsari

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : artikel by : Ica Septia Ramadani

Editor: Antariksawan Jusuf