Olah Lembulung

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 November 2025 08:23 WIB)
- Kuliner



Olah Lembulung 

 

Jamanisun cilik tepak lebaran ana usume lembulung. Sangking cepete ngomong dadi mbulung. Isun ngirane mbulung hang kaya tuku ring toko, temakaken olah dhewek. Olah mbulung iku carane ana dhewek. Hing sembarang bisa olah sak enake. Jare adonisun gedigi:

  1. Mbulung hang buru teka segara kudu langsung dirijigi.
  2. Aju dipepe sampek garing temenanan.
  3. Mbulung hang wis garing diekum ambi banyu hang dicampur enjet rong dina suwengi. Tujuwane kanggo ngilangi kothoran hang magih jangget ambi ngilangi bakteri uga rasa asine banyu segara.
  4. Kawitane wernane ijo, taping dhung wis diekum saya dadi putih. Marine diekum mau langsung dirijigi maning.
  5. Aju dipepe sampek garing maning.
  6. Dhung wis garing, mbulung ditingkes lan bisa diolah dadi lembulung utawa disimpen. Nyimpene bisa kuwat sampek taunan.
  7. Kadhang ana hang hing perlu diekum enjet. Mari ulih teka segara langsung dirijigi uga diolah langsung ya keneng. Anane nganggo enjet mung kanggo uwong hang magih ragu nong mbulung hang dikira magih kurang netral sak anane mari dirijigi.

Cara nggawe ager-ager gedigi:

  1. Banyu disiyapaken nong panci aju diurubaken genine sedhengan bain.
  2. Makene gelis kenthel, kudu diweni banyune kelapa hang tuwek. Banyu kelapane sak takeran kelapa siji. Banyu kelapa kudu dicampur ambi gula pasir kanggo nguweni rasa manis. Dhung nganggo gula abang tetep bisa manis, taping hing perlu banyune kelapa. Aja lali ambi digalo.
  3. Maridigu, mbulung diekum, dianteni sampek alid. Biyasahe waktune sak jam kanggo ndadekaken mbulung, aju siyap disaring.
  4. Takeran alid hang dikarepaken yaiku dhung wis jangget buru bisa disaring.
  5. Ampas mbulung magih bisa disimpen lan dienggo maning kanggo nggawe ager-ager liya dina.
  6. Banyu hang asile saringan, langsung diandoh nong cithakan ager-ager utawa lengser.
  7. Dianteni sampek adhem lan dadi ager-ager.
  8. Nawi ana karepe ati dhung nak diweni maneka werna makene saya katon ayu asile. Bisa diweni sumba tepak magih nong panci. Taping kudu dimasak maning kira-kira 30 menit buru bisa diandoh nong cithakane ager-ager.
  9. Mbulung hang disimpen, biyasahe kuwat sampek setaun magih bisa diolah maning. Naming, keseringen diolah ulihe bakal kurang apik. Kadine dhung nak olah kanggo hang kepindho kudu dhiweni takeran ping pindhone takeran mbulung hang kawitan, ya gedigu sakteruse.

Rasa, warna, uga ambune has mbulung ndadeken ciri ring antarane ager-ager hang diedol nong toko-toko hang wujude sasetan. Anane mbulung ring jaman saiki masiya hing ana usume, Isun tetep ngarep-arep tekane makene bisa olah lan mangan mbulung. Tepak kawitan niliki akeh hang hing nampa nong ambune uga rasane. Isun dhewek enget jaman magih cilik ya durung bisa nampa rasane mbulung. Saiki ya bida maning, malah kepingin agage teka usume makene bisa hun kenalaken nong adhikisun.  

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor