Wekase Pecel Pitik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 05 Juni 2026 06:12 WIB)
- Kuliner
Salah siji panganan Banyuwangi hang wis diakoni Kementerian Hukum dan Hak Asasi Manusia (Kemenkumham) minangka kekayaan intelektual komunal (KIK) Banyuwangi yaiku Pecel Pitik.
Ring ngisor iki wong Kemiren, Heni Kurniawati, nulisaken resepe, sampek nggadug sisa-sisa ampase Pecel Pitik mau.
Bahan olah-olahane:
Pitik pethetheng 1
Uwohe jeruk sambel/jeruk limo 1
Kelendhah (uwohe kelapa sedhenge dienggo pecel pitik) diparud 1
Banyune kelendhah
Ragi alus:
1. Kemiri digoreng kang akeh (isun tuku telung ewu)
2. Kacang cina digoreng sithik (isun nganggo sak kethem)
3. Lobok jawa+lobok litik dikulub (isun doyan pedhes, sing keneng dienggo ukuran)
4. Terasi sithik
5. Gula aren (wajib polae pengaruh nyang rasa lan kelire)
6. Uyah sak sedhepe (kira-kiranen dhewek)
Carane olah:
Ragi alus digerus, diuled ambi ampase kelendhah, ditambahi banyu kelendhah, pethetheng dipotheng-potheng dilebokaken nyang ampas, dikeceri jeruk sambel, diuled ramed.
Segane panas, aren godhong, madhang ring kalenane sawah, sikile dikerengkebaken nyang banyu. Ombenane banyu daugan. Suwarga donya pokoke.
Kadhung isun adang sekilo, dipadhang jak enem, pethetheng 1 iku enak-enakan.
Kencur, bawang abang, bawang putih, godhong jeruk? Sing kathik! Dikukus sulung, dialub-alubi sulung? Sing kathik! Aja kenyab, iku resep original aseli kang biyasahe dienggo selametan ring Kemiren. Kadhung rika olah dhewek, dipangan dhewek, sir diendoni sembarang kinthung, paran jare rika wih.
Rasane mula beda, iki lebih seger merga dadakan kabeh. Sing keneng disuwekaken, gelis mambu merga ampase mentakan.
Isun iki marahi, aja diwarahi! Awas, takon-takon thok taping sing genau olah! Mangkata!
Nawi butuh pitik kampung, pelakona nyang isun bain yah...isun sanggup ngerijigi pisan. Rika sir pecel pitik kang kari nguntal, isun ya nyanggupi.
Kadhung pecel pitike wis entek aju magih
ana sisane ampas pecel pitik, timbangane kebuwang, kek olahen gedigi.
Kopyokena endhog, uleden ambi ampas, ragenana uyah, lobok bain. Sing kathik micin wih, polae ampase wis nggarai gurih. Kadhung wis ramed, gorengen kaya ndadar endhog. Kadhung madhang, kang iling...Engko maning... Segane aja mandak dientekaken yah!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.