Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 19 April 2026 06:17 WIB)
(Roncean Cerita) Conthong, bag. 1
Dianggit ring Kang Ujik
Munir, Yani rabine, papat anak-mantune lan papat putune ampyak-ampyakan melaku teka montore nyang umahe Surik, kanca rakete sakat cilik ring kampung kelairane. Apak emake uwis ninggal sepuluh taun kepungkur lan apak emake Surik uga uwis ninggal rolas taun lawase. Sedheng umah warisane Munir uwis diedol lan diedum ambi adhik-adhike. Masiya umahe Yani hang ring Penganjuran, uga emak lan apake magih ana, naming apuwa Munir sak berondhote malah njujug ring umahe Surik sulung ?
Sedawane dalan, nana uwong hang nyapa merga kulite Munir rada mbelanges. Rambute nana hang cemeng. Mutih rata. Munir dhewek magih enget ambi uwong-wong hang diliwati taping meneng thok iku. Paran maning Munir nganggo tasemak cemeng pisan, tambah sing dikenali. Ana suwarane lawang didhodhog lan suwarane uwong uluk salam, Surik lan Insi rabine, mberejag teka pelanca ring ngarepe tipine. Serta lawang dibukak, Surik rada tenger-tenger.
“Isun!” abane Yani ambi njumbulaken raine teka boyoge Munir. Surik meringis renyah.
“He, Munir……iki!” abane Surik ambi nabok pundhake Munir sak anter-antere aju peluk-pelukan. Insi nyalami Yani lan anak-putune. Ambi gemuyu ketheng, Surik aju salaman ambi anak-putune Munir.
“Ayok melebu kene. Kadhung kepingin kunjur ayok ring ruang tengah. Lare-lare nawi arep nyang cedhing ika bucu elor-wetan. Dhik, kamar tengah ika kurihana sulung. Lare-lare iki nawi ngaso!” abane Surik ning rabine ambi rada gupuh. Insi gancang-gancang melebu kamar aju kurih-kurih.
Mula gedigu wateke uwong Using kadhung ketekan dhayoh. Paran maning kanca lawas hang uwis puluhan taun sing kecaruk: Gupuh, lungguh, suguh.
“Hulung….!” Jare Surik ambi ninggalaken Munir lan rabine. Surik marek ring kulkas, njuwut botol temu lawak hang uwis adhem, diwadhahi baki kothak aju disuguhaken ring Munir lan keluwargane.
“Ayo diombe sulung!” kongkone Surik ambi ngedumaken temu lawak kono mau ning anak-putune Munir.
“Iki arane Man Surik. Kancane apake sakat cilik. Pisahe ya serta lulus SMA iku wis. Taun pira ika, Rik?” jare Munir, ngenalaken Surik ning anak-putune, ambi takon pisahe kancaan bengen.
“Sekira taun 1980-an gedigu! Kadhung emakira, Yani iki adhik kelasisun SD Pengantigan bengen,” cerita Surik ning anak lan mantune Munir hang magih bingung.
“Lare-lare iki sing pati paham Basa Using, Rik. Maklum lare-lare iki lair ning Surabaya. Mantun-mantunisun maning ngertiya,” abane Yani.
“Mantune uwong endi bain sih?” takon Insi hang buru njumbul teka lawang ruang tengah.
“Hang siji, rabine Andre iku arane Sonya Rindinata asal Manado lan rabine Hendy iku arane Indah Buanasari asal Gersik. Putunisun iku lair ning Surabaya kabeh. Hang teka Andre arane Sintya Nurmala uwis kelas loro SD lan adhike, Hendrata buru umur petang taun. Kadhung hang teka Hendy arane Sindy Muryani, umure buru limang taun lan adhike arane Joko Tirtogondo, buru umur rong taun,” jare Munir ngenalaken anak-mantu lan putune.
“Anak-putunrika pira, Mbok In?” takon Yani.
“Anak telu. Hang kawitan arane Maulana, uwis umah-umah ambi lare desa arane Ifti, duwe anak siji arane Rajif. Hang nomer loro arane Alfin, nikah ambi Hidayah lare kidulan lan duwe anak wadon arane Salma. Anak ragilisun wadon. Arane Mufti umah-umah ambi lare Pakis Duren arane Ramadhan lan duwe anak siji arane Gibran. Lare-lare iku uwis manggon dhewek-dhewek,” semaur Insi. Surik manthuk-manthuk ambi temungkul lan kadhang ngelirik rabine hang enclem ulihe ngomong.
“Muga bain, putune sing nggelidhig kaya anange!” poyoke Munir. Surik, Insi lan Yani gemuyu ketheng.
“Bengen ya Kang Munir….. aran lare ring endi-endi ya nggelidhig. Serta munggah lancing-perawan ya meneng wis!” belane Insi ngedhem-ngedhemi.
“Nggelidhige lare bengen iku paling nyerawati epohe uwong, mbuthek sumber lan memengane kadhang ya sengidanan, pelayonan, adus-adusan lan ceburan ring kedhung. Maning bengen iku memengane lanang-wadon campur. Pikirane polos, belog-belog. Sing ana ceritane lare wadon meteng gara-gara adus-adusan bareng ring kedhung!” cerita Surik.
“Yaiku, bengen gedigu iku yoh…Mandhege memengan bareng lanang-wadon iku nalikane lare-lare akeh hang gelem ngaji lan gelem sekolah!” timpale Munir ambi nutupi cangkeme merga untune uwis akeh hang pothel.
“Rik, anggur-angguran iki?”Poyok Munir hang buru enget kadhung durung ana suguhan panganane.
“Alak, iya yoh…ketungkul gesah…ketang magih kangen yoh. Dhik, rujak soto!” abane Surik ning rabine.
“Byek, iyok…..sampek lali ak yuh….Mbok Yani ayo milu. Mantu-mantune diejak pisan….makene kenal ambi tanah kelairane mertuwane!” ejak Insi.
“Ayok…ayok…..!” semaur Yani ambi ngajak anak-mantu lan putu-putune hang aju ngadeg bareng.
Uwong-wong iku runtang-runtung ninggalaken latar umahe Insi arep nyang warung rujake Mbok Anipuk. Ring jero umah kari Munir hang nyemendhekaken endhase ring sendhenane kerosi ukir lan Surik silah ring kerosi.
“Sulung tah. Rika bengen lulus teka SMA Belambangan kulone setadhiyon ika, aju pamit megawe dadi TKI ring Jeddah. Paca tah ika?” takon Surik ambi nyandhak botol temu lawak.
“Iya bener iku. Byek……!” abane Munir ambi nabok-nabok bathuke dhewek lan gemuyu ketheng, ngenget-enget nasibe hang dilakoni. Munir nunggang sepur sak rombongan teka Banyuwangi nyang Jakarta. Sak rombongan iku akehe sepuluh uwong lan siji uwong hang ndalakaken pegaweyane. Nalika iku, kanggo sangune, ulih adol sepidhah udhude apake hang megawe dadi Satpam ring PKBR. Kerana nunggang sepur, melakune teka setasiyun Banyuwangi Baru Ketapang mari subuh, suwine ring dalan rong dina suwengi lan gadug stasiun Gambir wayah soren.
“Dulur, sedurunge terbang nyang Jeddah, Isun lan Rika kudu ning penampungan tenaga kerja luar negeri sulung ring sebelahe terminal Kramat Jati. Teka ngarepe stasiun Gambir iki engko Isun lan Rika nunggang bis kota jurusan terminal Kramat Jati,” abane Yadi ambi ngeyakinaken kadhung awake kaya-kaya uwis ngerti lompong-lompongane Jakarta.
“Paran jare Rika wis Kang Yadi. Rika kan hang dipercaya ambi agen tenaga kerja luar negeri,” abane Sapik. Yanto lan Hari manthuk-manthuk ambi nulih ning Jimat lan Jamhur. Selamet, Maman, Munir, Nanang lan Lukman gumun nulih bangunan hang dhuwur-dhuwur.
“Kang Yadi. Bis kota iku sampek bengi tah?” takon Munir.
“Iyok, Kang!” semaure Yadi.
“Kelendi kadhung mampir sulung ning Masjid Istiqlal,” jare Munir. Kanca-kancane manthuk-manthuk.
“Kanca-kanca liyane kelendi? Mampir masjid sulung?” takon Yadi. Liyane padha semaur: "Bener iku!”
“Ya, ayok wis….!” abane Yadi hang sabendinane mula sing tau ngelakoni sembayang iku.
Uwong suwelas iku melaku bareng, edheng-edheng teka setasiyun Gambir nyang masjid Istiqlal. Serta gadug, ana hang golet-golet cedhing. Wangune wetenge mules lan mesisan aju adus. Kerana sak suwine ning ndhuwur sepur, kesapane banyu kerana sebab cewok. Sing tau raup paran maning adus. Maklum rombongane uwong desa buru weruh wira-wirine kendharaan Jakarta, padhange damar Jakarta lan sing nyangka kadhung ring masjid Istiqlal iku lawange mbingungi. Yadi bingung nggoleti siji-sijine anggota rombongan hang mencar-mencar. Kuwatir kebelinger metu teka latare masjid. Mari sembayang Isyak, Yadi duwe akal, iyane ngedhang kanca-kancane ring panggonane ndeleh sandhal. Merga melebune mau bareng, ndeleh sandhale kumpul. Sing weruha, kanca-kancane iku uwis suwi ulihe nganteni ring panggonane ndeleh sandhal. Malah Yadi hang kasep tekane.
“Kari akeh kadhung ndonga!” poyoke Yanto ning Yadi.
“Malah durung sempat ndonga. Bingung nggoleti Rika kabeh iki. Ya wis ayok nyegat bis kota ring ngarepe lawang pager kana!” ajake Yadi ambi nganggo sandhal. Uwong suwelas iku melaku edheng-edheng ambi tulah-tulih damar ring taman latar masjid. Gadug ngarepe lawang pager, bis kota teka ngampiri Yadi lan kanca-kancane. Sing weruha bis kota jurusan terminal Kalideres. Wurung munggah. Rada suwi, teka bis kota jurusan terminal Kramat Jati. Uwong suwelas iku aju munggah bis aju melaku sing langsung njujug panggonan, taping leren golet lan ngedhunaken penumpang liyane. Kira-kira jam sanga bengian gedigu, bis kota melebu terminal Kramat Jati. Yadi lan kancan-kancane aju golet warung arep mangan bareng.
Sedurunge uwong suwelas iku gadug warung, wangune uwis ana uwong liya hang mari mangan taping njaluk imbuh ning hang dodolan :”Nasi doang, Pok!” abane ambi nguwakaken piring hang magih ana iwak gorengan lan sambel. Jimat, kancane Munir kerungune nalika uwong hang imbuh iku ngomong-nasi doang-.Jimat lungguh ring iringane uwong hang uwis teka kawitan kono mau. Serta uwong iku nerima piring layanan, Jimat nulihi :”Byek…..nasi doang- iku, akeh iwak gorengane lan ana sambele. Cocog ambi impen iki wis!” batine.
“Bapak nasi apa?” takon hang adol ning JImat.
“Nasi doang!” saut Jimat sing kathik mikir. Uwong hang mangan ring iringane kono mau ngelirik Jimat. Kanca-kanca sak rombongan teka Banyuwangi padha nulihi Jimat lan hang adol uga uwis mbaleni takon, semaure Jimat tetep -nasi doang- ambi melintir-melintir berengose lan matane kethip-kethip selisih ning Munir. Liyane paham kadhung –doang- iku artine –saja utawa thok-. Jimat lare kebonan hang sing tau weruh padhange hawa. Weruh-weruh menyang adoh ring Jakarta. Uwong hang mangan ring iringane Jimat uwis mari, ngombe teh aju mbayar lan ninggalaken warung ambi njunjung-njunjung bahune dhewek. Kancan-kancane Jimat uwis mangkat dilayani siji-siji. Ana hang njaluk sega pecel, sega udhuk, sega campur, rames, kare lan uga hang njaluk sega goreng. Maklum, warung terminal iku wera panggonane lan cukup cepak-cepakane. Bisa ngelayani ilat hang bida-bida. Serta wayahe Jimat nampani piring, kanca-kancane padha ngelirik ambi nahan unyik. Jimat mangap-mangap kaya pitik kepanasan ambi nulihi segane kanca-kancane. Jimat ngguthit Munir hang apus-apus sing weruh ning Jimat hang blongah- blongoh sing mangkat-mangkat nyendhok.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.