Mbah Mas Saleh lan Wasiyate (bag 4, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 14 April 2026 06:09 WIB)
- Laporan
Ditulis ring Hasan Basri
Mbah Mas Saleh ninggalaken piwulang hang bisa dadi pitudhuh.
Kadhung sira ana tanggane duwe gawe
Tanganira aja sira kethem
Welas asih nyang tangga uga gelem ngerasakaken paran susah abote kang disangga tangga. Entheng milu titulung nyang tangga iku wujud rasa gok isun lan iyane kabeh mahluke Alloh. Mula aja abot nulung tangga. Sak entheng-enthenge susah butuhe tangga iku rahmate Alloh, iku karepe Alloh. Jimat kang ampuh iku masa ika iku. Kaya lebu nong meja disapu angin.
Jimat kang ampuh iku ngurmati, ngajeni lan laku apik nyang uwong
Nyang endi bain kadhung apik nyang uwong, rika bakal diwelasi uwong. Kecaruk maning rika dianteni sedulurane. Kadhung elek kecaruk maning rika dianteni belahine.
Aja tinggal sembayang
Sembayang iku masa gampang
Ngetheme kang temenan
Kapan lan nong endi bain kudu hening, sembayang. Sembayang limang waktu. Sembayang kadhung sukur mungkrak-mungkruk gampang. Naming sembayang kang temenan sing sembarangan. Kaya rika ngethem nalika tahiyat, iman nyakseni nyang agunge Gusti Alloh kudu kuwat. Nalika Pringgokusumo nanggung lara, Mbah Mas Saleh dikongkon nggolet tamba. Mbah Mas Saleh mubeng marani wong alim sampek gadug Sumatera naming sing ana kang sagah. Malah diceritakaken angger wong alim kang diparani Mbah Mas Saleh iku mbukak kitabe, kontan kitab iku kobong, sangking kuwate dayane penyakit kang nemplek ring ragane Pringokusumo. Mbah Mas Saleh mulih nyang Banyuwangi tanpa asil. Pungkase, salah sijine keluwarga Pringgokusumo ana kang diimpeni gok kang bisa marasaken Pringgokusumo sing ana liya kejaba kerabate lhewek. yaiku Mbah Mas Saleh. Mbah Mas Saleh rumangsa sing bisa paran-paran. Naming nalika Pringgokusuma maksa, Mbah Mas Saleh mung ngomong: "Man, Rika percaya ambi Gusti Alloh? Percaya banyu iki gawenane Gusti Alloh? Kadhung Rika percaya ombenen." Pringgokusumo ngombe banyu kang digawa Mbah Mas Saleh. Alhamdulillah jalaran banyu kang digawa Mbah Mas Saleh, Gusti Alloh nyepura nyang Pringgokusumo.
Iku mau sak cuwik suwekan sejarahe Mbah Mas Saleh. Sing ana salahe ngeweruhi sejarah lan kepribadhiane salah sijine wong kang tau ngukir penguripan ring bumi Belambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Basri
Editor: Hani Z. Noor