Mbah Mas Saleh lan Wasiyate (bag 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 April 2026 07:05 WIB)
- Laporan
Ditulis ring Hasan Basri
Ning endi bain embuh turu embuh melek embuh lungguh embuh ngadeg kang disebut mung Gusti Allah. Kadhung iki dilakoni sapa bain mesthi weruh nyang ragane. Kadhung durung nyandhak lan weruh kelendi lan sapa raganrika aja mandang mari, aja mental. Kang tuhu kang temenanan. Kang tamtu, imane kukuh kaya watu.
Ilmu paran bain lakonana
Sukur aja nggandholi pati
Ilmu paran bain goletana lakonana. Duwe ilmu kelawan nyawiji nyang Gusti mauka, weruh kelendi ngelakonaken ilmu. Wong kang duwe ilmu sejati bakal nduweni luhuring budi ngerasakaken kuwasane Gusti. Ngerasakaken sejatine urip, urip bareng ambi Gusti. Ngelakoni urip kelawan lega lila nerima paran kang dadi dumdumane. Kabeh derma ngelakoni. Gusti Allah Maha Weruh Maha Wicaksana ngerti paran kang apik kanggo mahluke.
Sing perlu dijaluk, Gusti Allah lebih weruh tinimbang mahluk. Kadhung iki wis bisa dilakoni, rika sing bakal nggandholi pati.
Goletana ilmu kang kaya lenga keletik, kabeh padha kalis
Ilmu kang kaya lenga keletik kalis paran-paran, sing liya maning yaiku ilmu hakekat makripat.
Sira Lik, kadhung sing gelem Selawat, Welasa nyang Rasulullah
Jelas Gusti Allah nguweni pitudhuh arupa agama jalaran Rasulullah. Rasa terima nyang Rasulullah iku bukti rasa lan sadhar gok menungsa iki sing duwe daya paran-paran. Kang duwe bener lan kuwasa mung Gusti Pengeran. Kadhung rumangsa, rika bisa tanpa jalaran marine menungsa iku kaya paran.
Kadhung sira mbakar sate, tangganira mambu Terana tangganira iku
Wujud ngabekti nyang Gusti sing mung lambe sing mung ning ati, naming kudu ngewujud nong tingkah laku. Kadhung rika mula parek nyang Gusti rika bakal rumangsa kabeh nong alam iki duwene Gusti milu paran karepe Gusti.
Tangga teparo iku uga duwene Gusti.
Mula welas asih nyang tangga teparo iku aseline dikir. Kadhung rika durung duwe rasa iku, artine rika durung duwe rasa iku, artine rika magih rumangsa parek nyang Gusti Alloh.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.