Seblang, Ayang-Ayang Pituduh lan Wewarah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 April 2026 07:55 WIB)
- Opini



Ditulis ring Akhudiat

Nalika ndeleng adat "Seblang" ning Olehsari, nurut isun sing liya ritual iku inisiasi lare perawan munggah dadi dewasa utawa akil balig.
   Gandrunge Seblang kang kelebon roh, setemene dadi medium shaman. Bisa dijelujur nyang Syamanisme jaman agama-agama lawas bengen sedurunge ana agama Islam, Kristen, Hindu, Budha. Shaman, shemen, dhukun, terkun, bomoh, pawang, wong suci, wong pinter, buyut, lan aran-aran liyane, setemene pemimpin ritual, langsung iyane dhewek dadi medium, dadi alat, disilih. Seblang kang kelebon roh leluhur nerima wewarah teka Buyut, teka kang nguwasani urip, lan paran kang diomongaken dadi punjere laku lan tuntunan.
   Hing mung iku bain, Seblang, Shaman uga ngeteraken roh wong mati nyang panggonane utawa nuntun roh kang bingung ring alam peteng. Shaman nyelametaken, ngaronaken, miduduh wayah, nulak balak belai, lan ngiring menungsa nyang tentreme alam kelanggengan.
   Akeh-akehe kang dadi shaman iku wong wadon, pantesane kerana wong wadon iku wujud wakile bumi kang nguripi, ngayomi, ngemong kaya dene wong wadon. Alam kubur, watese bumi lan aherat, gambarane urut uwah ambune garing kepuse mayit, teka sedina, telung dina, pitung dina, petang puluh dina, satus dina, setaun sampek sewu dina kang ceritakaan Ranggawarsita ring kitab Wirid Hidayat Jati, paling-paling asale teka ilmu sepuh shamanisme.
   Namataken Seblang kaya maca anane Wong Using teka kawit-kawitane, kuna makuna, ngelakoni ritual agraris ngerumat lemah penguripan, kang ngular rapal, kanggo nggolet lan njaga timbange penguripan, sekabehe alam, bumi lan langit.
   Reka daya njaluk pituduh teka Buyut, Bapak Langit lan Emak Bumi, lan kabeh kang diularaken seblang, dienggo pitudhuh laku urip setaun sampek tekane seblang taun maning.
   Kabeh iku sing luput maning kanggo nyedhang dina mburi kang magih remeng, peteng, muga dadi padhang kementhang kelawan gandane menyan.
   Enak-enake jejeg madhep nyurasa ayang-ayang primordial, "seblangisun'" dadi jalaran nyekar jaman kuna makuna lan jaman rame saiki. Mula rong wadag Using (bengen lan saiki) ring awakisun nyerambah, nggerayang, nyawang padhang dina mburi: Wong Using jaman postmodern (?) 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Akhudiat

Editor: Antariksawan Jusuf