Adat Budaya Teradhisine wong Using Banyuwangi hang manggon ring kampung pinggiran kutha magih ajeg dilestarekaken.
Kapan mbangun umah gedhong utawa sukur melester utawane nataki umahe, mesthi dikawiti ritual selametan sega wudhug yaiku sega tumpeng kang dadi adate leluhur Using kang wis turun-temurun magih dilakoni ambi warga KOPAT (Kampung Osing Pelestari Adat lan Tradisi) Dukuwan Talunjeruk Desa Glagah, jare sesepuhe yaiku Kang Usik.
Tumpeng Sega Wudhug beda ambi sega tumpeng liyane lan dienggone mung kanggo wong kang arepe ndhudhug lemah kang arep dibangun pondhasi.
Weragade utawa ubarampene beras kang diadang akehe rong kilo setengah pitike kudu pitik lanang lemancur wulune kudu putih, cucuke lan cekekere kudu kang kuning. Aju kang masak wong wadon kang wis rijig, sing nanggung dhayoh ulanan (mbanyu).
Wong Dukuh kapan wis mangkat ndhudhug lemah dienggo pondhasi umah utawa mbukak bumi mesthi selametan sega wudhug iwak pitike dipethetheng diolah ragi lembarang lan dipendhem ring njero sega tumpeng lan sing ninggalaken sega tumpeng serakat, jenang abang limang piring, sega golong pitung kaput. Hing lali pisan ambi wanci kinangan lan ambi banyu pitung tawar ditambahi deringo lan bawang dienggo tulak sawan.
Papane selametane sing ulih ring njerone umah kudu ring lemah kang arep didhudhug. Sakdurunge didongani iku kudu ngambat: Kaki danyang lan nini danyang kang mbau reksa papan iki, dina dulur (disebut aran hang duwe umah) arepe nandur watu item ring gegere ibu bumi, nggaduga sampik temeka anak putu lan paringana gangsar rejekine kang nganggoni uga aja ana lelara kang wani mara. Amin amin amin amana sakpiturute, buru didongani.
Serta wis mari kauman utawa wis mari mangan tumpeng wong kang dituwekaken aju macul lemah telung paculan dikawiti ring pojok lor wetan aju resayan macul kabeh sampik sak marine.
Sega Wudhug Sedurunge Ndudhug Lemah
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor