Wong Using Lan Kayu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 April 2026 07:14 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Ditulis ring Satria Pujangga
Wong Using ambi kayu taun iku ibarate kaya ithuk ambi semat. Umahe wong Using hang aseli ya umah tikel, kabeh teka kayu. Kadhung hing kayu ya nganggo gedheg. Kadhung duwe hajat, gedheg iki keneng dibongkar, engko wis marek duwe gawene, gedhege iki keneng ditancepaken maning.
Ana pituduh teka wong tuwek-tuwek bengen, kadhung ana lare lair, wong tuweke nandur kayu taun. Pituduh ini ngemu tujuwan engkone sekira larene munggah lancing perawan lan mbutuhaken picis gedhi, uwite keneng ditegor.
Naming kaya ceritane ruwahe Pak Serad hang duwe duren abang ring Kemiren, "Kadhung saiki, ibarate larene buru bisa nyeluk emak, uwite wis ditegor."
Dadi wong Using, niteni uwit paran kayune cocoge dienggo paran. Sakat teka bacangane umah, perkakas jerumah, sampek hang diobong ring bengahan lan dienggo areng dienggo manggang iwak lan nindhes penganggo.
1. Wit Bendha: kayune ulet lan kenceng cocog kanggo jukung, saka, gelandar lan suwunan. Sing cocog dienggo kungsen. Senengane kumbang enggo nggawe umah. Makane gelandar akeh bolonge umahe kumbang. Bendha iki ana rong macem, bendha sungu (cemeng) lan bendha siung.
2. Wit Kepundhung: kayune atos serate alus, cocoge dienggo sirap.
3. Wit Johar: kadhung wis tuwek lan wis nggalih cocok dienggo sirap, godhongane lawang, cendhela/lemari.
4. Wit Lamer: sing bisa garing, sing cocog dienggo pekakas umah.
5. Wit Sentul: serate rada alus sing kari atos kaya jati. Magih bisa dienggo kungsen.
6. Wit Asem: kayune atos, cocog dienggo gawe areng utawa anake bebegan.
7. Wit Rambutan: serate melinced, sing kari atos.
8. Wit belimbing Wuluh: cocog dienggo gawe kiling.
9. Wit Wangsa: kayune rada embuk, biyasahe dienggo sirap gawe palet, kas lan dienggo gawe reng. Padha ambi benda dhemenane kumbang
10. Wit Nangka: kayune gampang dipangan bubuk/thether, makane sing pati kanggo dienggo pekakas. Kayu nangka ana hang kuning, ana hang atos, abang. Kayu nangka akehe nggo gawe terbang. Kayu nangka iku ana mitose: hing ulih dilungguhi, dituroni utawa diidek. Jare bisa gawe lara.
11. Wit Poh: kayune sing cocog dienggo kungsen. Mergane sing bisa garing temenan (mbanyu) lan gampang njamur. Biyasahe sak liyane diobong, uga dienggo gawe lumpang, pengaron kayu, serate waled lan melinced.
12. Wit Dhadhap: kayune cocog dienggo mbakar iwak "ikan asap."
13. Wit Tenggulun: Kayu langka hang serate alus kaya kayu jati. Kadhung tuwek kelire bisa sokelat abang. Bengen dienggo larapane kintel polahe walus. Biyasahe ya nganggo kayu jati utawa kayu asem.
14. Areng jati: wawane gampang mati. Taping cocog dienggo ngobong wesi gawe gaman. Wesine bisa mateng sempurna.
15. Areng kayu taun: wawane hing gampang mati. Cocog dienggo mbakar bangsane iwak lan sate.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.