Aju Paran Marek Dina Musik Tanggal 9 Maret?

Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Kamis, 12 Maret 2026 05:39 WIB)
- Opini



Dina mengeti musik sak Indonesia, aliyas Hari Musik Nasional teka maning, ulan iki (9 Maret 2026). Masarakat musik padha nyempataken sak menit rong menit ring uripe kanggo nggawe postingan. Potrek lan pidhiyo hang diparoti ning hapene dipilihi hang apik, aju digoletaken kalimah (caption) hang cocog lan has. ‘Selamat Hari Musik,’ kelawan emot ati, gambar cukulan rangkep loro (nada), utawa mung emot meringis.

Uwong-uwong iku kaya katon bungah, dhemen dhung wis gadug nyang tanggal 9 Maret.

Tapi hang hun heranaken, iya mula dina mengeti anane musik iku liwat terus saben taun. Kaya dina lairisun lan rika. Ana hang ngiwuhi gedhi-gedhian, ana hang biyasah, ana uga hang sing ngereken blas.

Balik maning. Oke, tanggal 9 Maret. Minangka wong musik, anggep bain panjak utawa para pengarep hang duwe kuwasa, ngerasa keguthit atine. Aju paran?

Bolak-balik tanggal 9, tapi para panjak ya magih akeh hang bingung golet utangan, aleya kundangan saben dina. Angklung Caruk ya wis luntur hang nonton, jarang kundangan. Janger, suwi-suwi isine wong sontokan. Kuntulan Caruk, ya gedigu-gedigu thok. Pokoke royak. Kuwat-kuwatan tangan lan kuping.

Durung maning uwong-uwong hang wis gelem repot nggawe gendhing, nggawe karya musik. Karyane laris, uwonge tetep melarat. Hang saya sugih hang duwe bandha, pimpinan grup-grup keseniane.

Aju paran maknane tanggal 9 Maret hang kesebut Hari Musik Nasional iku, kadhung mung kanggo dipengeti saben taun, aju nggawe postingan romantis, kaya-kayaa nora ana masalah paran-paran?

Untung magih ana lalare enom, kumpulane uwong-uwong hang ngarani grupe Jiwa Etnik Blambangan, aliyas JEB. Tanggal 7ì Maret sore JEB nggawe Parade Kundaran. Iki wujude lomba, dipiloni wolung peserta. Pitung peserta teka Banyuwangi. Sisane, sak peserta, teka Negara, Bali.

Tujuwane JEB nggawe Parade Kundaran iki singkat, padat, jelas. Adlin Mustika, pimpinan JEB, mung kepingin nerusaken rekadayane alm. Pak Sahuni (wong kang duwe andhil gedhi nong kesenian Banyuwangi).

Wektu iku Pak Sahuni nggawe gebrakan. Iyane nguwah Kuntulan hang umume mung dienggo arak-arakan dadi kesenian hang bisa pentas nong genjot. Alat-alat Kuntulan hang maune terbang, jidhor, pantus, lincangan, ditambahi reyong, kendhang, egong, lan sak piturute. Gendhinge digawekaken enak, uga diselehi tukang njuged, rodad.

Iku hang sore diselabaraken JEB ning Parade Kundaran. Saya husus maning, Parade Kundaran JEB sore iku mung nampilaken musik thok, tanpa rodad.

Nora arep ngelem lebih teka anane, tapi kira-kira bukti nyata gedigu iku hang dikarepaken teka uneg-uneg nong ngarep tulisan mau.

Makene musik Banyuwangi iki saya urip, mayo ubred bareng. Nggawe rena-rena, marekaken perkara-perkara hang mula kudu dimarekaken kelawan dalan lan bisane dhewek-dhewek. Dudu mung para pengarep, tapi iki tugase kabeh uwong hang urip teka musik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto dijuwut teka akun Instagram Jiwa Etnik Blambangan

Editor: Hani Z. Noor