Antri Carane Wak Rokak

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 02 Januari 2026 07:09 WIB)
- Esai



Antri Carane Wak Rokak

Kadhung ndeleng wong Banyuwangi dodolan jaman 30-40 taun kepungkur, dipikir nganggo teori pemasaran saiki kaya ana hang mingsle.
   Umpamane ana unen-unen "pembeli adalah raja", wong dodol kudu geromyoh, utawa nganggo cara nganggo nomer antrian kaya hang dienggo ring warung sega cawuk ring Kepatihan.
   Bengen iku ana wong dodolan jajan pasar kaya cenil, orog-orog, lanun, lupis lan sepiturute ring elore perapatan Lateng.
   Warunge mung arupa meja. Ring ndhuwure didelehi wadhah dienggo maneka jajan mau. Wong hang tuku jajane mung bisa mbungkus digawa mulih, hing disedhiyani bangku. Basa saikine "take away". Bukake marek magerib kira-kira sampek jam 9 dalu.
   Arane Wak Rokak. Iyane bisa ngatasi, maksude nerjang kabeh teori pemasaran saiki.
   Kadhung teorine saiki hang dodol kudu geromyoh, kapan using ditinggal wong hang tuku. Wak Rokak using, hing ana omonge. Lambene mingkem rada mecucut. Taping hang tuku saben dalu dhirik nganteni gilirane.
   Aja sampek ana wong tuku hang muni: "Kula Wak...." sebab sakkal diserangab ambi Wak Rokak: "Kadhung hing kanti, aja tuku wih." Wak Rokak kaya hing wedi kelangan pelanggan. Hing wedi dodolane hing payu. Iyane ambi ngelayani matane ngelirik niteni sapa-sapa hang teka sulungan, mareke wong iki aju hang endi. Engko iyane dhewek hang nakoni wong hang wis wayahe ulih gilirane, hing kathik nganggo kertas antrian. Gedigu hang tuku ya bisa urut hing ana hang nyulungi lan kesulungan. Nomer antriane ring matane Wak Rokak.
   Hing kanggo teori "pembeli adalah raja." Kanggone Wak Rokak, pembeli kudu manut aturane wong hang dodol.
   "Wong dodol kudu geromyoh" hing payu ambi Wak Rokak. Wong hang nganteni giliran ya katon padha kegawa kahanan. Sak engetisun hing ana wong hang gesah dhewek kaya biyasahe timbangane bosen nganteni antrian.
   Kertas antrian hang disedhiyani kanggo ngurut kacang wong hang arep tuku, ya dikiplas. Matane Wak Rokak lebih titen timbang mesin hang ngetokaken nomer.
   Naming paran hang dilakoni Wak Rokak wis entek dieleg jaman. Saiki wong dodolan kudu miloni teori pemasaran, kadhung using ditinggal wong hang tuku.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor