Asal-Usul Desa Patoman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 23 November 2022 07:50 WIB)
- Laporan
Nalikane ana kabar VOC Landa arep nyerbu keraton Kutha Lateng, Wong Agung Wilis raja Belambangan tahun 1768 iku nyepak-nyepakaken prajurit ring wilayah Banyu Alit hang saiki ana ring wetane Bandara Blimbingsari. Sing mung prajurit Blambangan hang arep mapag tekane pasukan VOC. Taping kabeh suku hang ana ring Bèlambangan milu kemerungsung atine mbela Wong Agung Wilis.
"Hang kumpul ring siji panggonan iku ana hang teka Medura, Bali, Bugis, lan dulur-dulur Jawa. Lha....suku-suku iku nggawe tetenger kanggo mujudaken kesetiyaane nyang Raja Wong Agung Wilis. Tetenger iku arupa watu hang dhuwure sak dhengkule wong tuwek normal. Watu iku dienggo pathek tetenger ketemuane para suku iku mau. Uwong-uwong nyebut "Petemon". Kerana ilate suku-suku iku beda-beda, pungkasane Petemon iku kesebut Patoman," jare Made Widado, sejarawan Desa Patoman hang uwis nganakaken penelitian liwat manuskrip ning Mengwi Bali. Iyane yakin kadhung tetenger pathek watu iku bisa keneng dienggo dhasar kawit-kawitane istilah Patoman.
"Perkara taune Isun sepakat 1768 iku. Taping tanggal 30 Juni. Polae pemekaran Patoman dadi wilayah desa ya 30 Juni iku. Saingga karo-karone keneng," abane Kades Patoman, Suwito hang nalika jagongan ambi belambangan.com direwangi Sekdes lan para tokoh masarakat liyane.
Sejarawan Suhalik hang dadi anggota Tim Monitoring dan Evaluasi Penguatan Desa Wisata Budaya iku mbeneraken ceritane Made Widado, taping kurang sepakat masalah ketentuan tanggal lan ulan kanggo mathok dina dadine Desa Patoman.
"Merga 30 Juni iku kanggo nengeri administrasine. Sedurunge iku aran Patoman uwis ana. Mulane ayo digoleti bareng-bareng tanggal lan ulan peperangane pasukan Wong Agung Wilis." Imbuh omonge Kang Suhalik.
Sakmarine gesah ring Bale Desa Patoman, Tim hang dikawal tokoh masarakat marani panggonan hang bengen dipatheki watu tetenger Patemon. Serta gadug, panggonan iku wis arupa kuburan hang uwis dicungkupi. Ceritane, jare bengen ana calon Kades Patoman hang tapa ring panggonan iku, aju keturutan dadi Kades. Lha...Kades iku mau ngeyakini kadhung panggonan iku ana kuburane Mbah Buyut Patih Gringsing. Merga ring sakubenge bengen ditemokaken belung-belunge menusa.
"Isun sing yakin kadhung iku kuburane Patih Gringsing. Patih Gringsing iku urip ring jamane Bupati Mas Alit tahun 1774 sampek 1782. Maning kuburane Patih Gringsing iku ana ring Karang Baru Kel. Panderejo Kec.Banyuwangi," abane Made Widado hang kejuluk Mbah Dowo iku.
Ketua Dewan Kesenian Blambangan, Kang Hasan Basri nguweni dalan tengah. Narasi Mbah Buyut Patih Gringsing iku kudu gancang-gancang diilangaken.
"Banner hang uwis kepasang ulan-ulanan utawa taun-taunan iku dicoplok bain. Terus, cungkup kuburan iku ya aja dibongkar. Taping ring elore cungkup iku delehana watu maning aju didelehi keterangan ngenengi masalah tenger pathok watu panggonan ketemune suku-suku hang mbantu perjuwangane Wong Agung Wilis. Isun setuju kadhung mbesuk dianakaken rame-rame Sendratari ngenengi sejarah asal-usule Patoman. Sak teruse, Isun minangka Ketua DKB njaluk ning Kades supaya nggawe lawang kori Garudha hang guwedhi. Kanggo nguwataken kadhung Patoman iku sak liyane dadi Desa Wisata Adat uga kesebut Desa Kebangsaan lan Kampung Pancasila," jare Kang Hasan.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







