Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 03 Mei 2026 06:23 WIB)

(Roncean Cerita) Conthong, bag. 3


Conthong (bagiyan 3)

   “Yaiku…. Timbangane merga lare wadon aju bengkerengan ambi kanca dhewek, bangur Isun hang ngalah, pamit mulih nyang Banyuwangi. Selamet kaget, juragan ya kaget pisan. Dadi Isun sampek rong taun megawe ring serpisan Depok-Bogor kana iku, uwis akeh asile. Bisa nyiluri bandhane emak lan apak hang Sun enggo menyang bengen. Eh, iyok…..Keluwargane Yadik kelendi,” abane Munir ambi dhehem-dhehem.
  “Yadik lan uwong tuweke bengen yara nyewa ring umahe Wak Kiptiyah ya.  Kadhung sing salah ulih setengah taun sak uwise Rika berangkat ambi rombogan, akeh uwong desa padha teka ring umahe Yadik. Kaya dhemo gedigu kok."   
    Rombongan iku ana nawi petang pikep. Padha nuntut supaya Yadik gelem tanggung jawab merga dulure hang pamit megawe nyang Jeddah, ketahan ring Jakarta. Kala semono pulisi aju teka sak pikep. Rada suwi, mari gesah-gesah…suwarane anter-anteran sampek tangga-tangga padha ngerungokaken lan ngerteni, keluwargane Yadik iku sebenere kelendi," ceritane Surik.
   “Kadhung gedigu, Isun lan Selamet kaitung sabar ra yuh. Nyatane kanca-kanca liyane bisa ngewadulaken Yadik ring keluwargane dhewek-dhewek. Paling ya liwat surat iku. Naming, kelendi carane ya surate bisa kekirim nyang Banyuwangi?”
   “Alak, rujak sotone teka!” abane Surik ambi ngungang menjaba.
   “Assalaamu’alaikum….!” Salame Insi lan Yani. Munir lan Surik nyauri emeh barengan.
   “Gok mung loro?” takone Surik.
   “Lare-lare njaluk mangan rujak-sotone ring warung,” semaure Yani.
   “Ya uwis, lare-lare ejaken memburi sulung wis!” abane Surik ning Insi.
   “Ayo, ayo, ayo……ning buritan bain, enak….ngicis!” ejake Insi. Yani lan anak-mantu uga putune aju gereng-gerengan nyang latar mburi umahe hang uga ana pelanca wera lan pondhok-pondhokan panggung. Mari ngajak Yani lan anak-mantu lan putune memburi, Insi mengarep maning ambi nggawakaken piring lan sendhok kanggo lakine lan Munir.     
    Pincukan rujak soto mau dideleh ring ndhuwure piring beling, dibukak lan disendhok. Kadhung mangan rujak soto, Munir kaya jaranan kesurupan. Sampek mbokak kancing kelambine.
    “Kadhung ambi Yani iku, kelendi ketemune, Nir?”takon Surik ambi kepet-kepet nganggo kethu-cemenge.
    “Yaiku, mulih teka Depok, ulih rongulan melaku-melaku ning umahe dulur ning Penganjuran. Tanggane dulurisun iku, anake ditinggal melayu bakale. Polae, nalikane dibakalaken ambi uwong tuweke, lare lanang iku uwis duwe sir-siran. Emane, jare, durung kari suwi ulihe bakalan. Yani lara dudu kerana wis kadhung welas ambi bakale, naming kerana isin. Aja-aja ditinggal melayu merga Yani uwis ana hang nilik. Apak-emake Yani sing wani metu teka umah. Lawange tutupan terus,” cerita Munir. Surik ngerungokaken ambi manthuk-manthuk.
   “Pungkasane kelendi?” takon surik , mancing. Munir nyampekaken kadhung dulure hang aran Sumenah aju minthik-minthik sabendina nyambangi lan ngerewangi Yani gesah ambi nggawa uwoh-wohan, kadhang jajan pasar, rujak, sate gule lan sekehe macem panganan liyane. Kabeh iku titipane Munir. Liya dina Yani takon, sabendina nggawakaken panganan kanggo awake iku, ulih teka endi. Sumenah njelasaken kadhung kabeh iku kiriman teka Munir. Emak-apake Yani uga ngerungokaken ceritane Sumenah. Pungkasane, Yani kepingin weruh ning dulure Sumenah hang arane Munir iku.
   “Dadi, Isun njaluk ning Mbok Sumenah supaya ngejak Yani ngadhiri acara Ad-Duha dina Ahad isuk ning Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi. Alhamdulillah, Isun ketemu ambi Yani ning Masjid. Mari acara Ad-Duha iku Sun ejak mangan-mangan ring warung Taman Sritanjung. Mari gedigu aju melaku-melaku ring taman. Isun sing gerusah-gerusuh langsung mbedhil. Sampek ketemuan hang kaping papat Isun buru titip salam ning Mbok Sum kadhung Isun dhemen ning Yani,” abane Munir. Liya dina Mbok Sum nggawa salam teka keluwargane Yani kadhung welase Munir diterima.
   “Dadi Isun buru kenalan telung ulan langsung dhaptar ning KUA wis, sing kathik jaluk-jalukan. Tangga-tangga ya padha kaget, merga nana kabare dhemenan weruh-weruh nikah. Emak-apake ya dhemen. Kadhung bakalan sulung, kuwatir kedaden kaya sedurunge. Hang mules ya apak-emakisun,” abane Munir.
   “Ketang Rika iki ngaget-ngagetaken. Pantese, Rika mikir mumpung ana hang gelem. Gedigu nawi yuh?” poyoke Surik. Munir ngakak ambi manthuk-manthuk.
   “Iya bener. Bener iku, Rik. Kadhung itung-itungan Isun bathi akeh, Rik. Umur kacek limalas taun. Peraenan pas-pasan. Penggaweyan durung duwe. Gok digelemi ambi lare wadon ayu, pinter lan nurut  ning uwong tuwek,” muyab Munir ambi gemuyu sak anter-antere.
   Kanggo nyepak-nyepakaken pernikahane Abdul Munir Al-Farisy lan Yani Wulandari, wektune mung sewulan. Sakat nggawe undhangan resepsi, undhangan walimah, sampek ngedumaken undhangan, ngubungi persewanan terob, soundsystem, kerosi lan hiburan organ tunggal, nggadug sampek telung minggu. Wektu seminggu dienggo iwuhe uwong melabod hang nyicil nggawe jajan keringan kanggo nyuguhi godhong lemesan. Munir lan Yani mangkat keliling nyekar makam-makam keluwargane hang uwis ninggal, kelebu uga nyekar lan selametan Ketan Rokok ring makam sesepuh hang mbabat alas Karangtigan yaiku Mbah Buyut Syargi utawa Kyai Jen.
   “Engetisun nikahan ika dina Saptu jam wolu isuk. Hang nggawa serakalane Rika ra yuh?” takon Munir.
   “Iyok..Wektu nikahane Rika ika, Isun hang perotongan wis. Rika masa weruh jawane, wis. Enak meringas-meringis thok. Isun ngurusi konsumsine para dhayoh. Wira-wiri melebu-mentu pawon. Cara uwong upacara, Isun iki Perwirane bengen iku……. Hang aran krah kelambi, cemeng sing karuwan wis. Keringet campur kathak. Ngerangkep MC. Engko Penyanyine durung siap, Isun hang nyanyi. Huh…Nalika iku Isun Direktur merangkap pembantu umum, ha,ha,ha……!”
   “Iya yuh…enget Isun. Rika bontang-banting,” abane Munir.
   “Terus mari surup ika, aju nyangendi Rika Nir? Gok terus nana njumbul. Sak sing-singe semelempat melaku-melaku mari subuhan ika tah?”
“Byek, Rik. Nggelibag dadi-nggelibag dadi ya Rik.  Angger sikil kesenthok, dadi. Emane kamarisun tembok, Rik!”
   “Apuwa sih?”
   “Yani iku kadhung wayahe nguwat, jerite anter. Lambene sampek hun tutupi delamakan tangan ya, Rik!”            
   “Rika iki magih sing uwah yuh. Polos, paran anane….!”
  “Kongkon kelendi maning, Rik. Anane gedigi sakat bengen, ya gedigi iki wis”.
   “Rika enget, Nir wektu Isun ngomong: Iya Sira….magih kebul-kebul….ulih rongulan, sambangan entek bingung Rika, Nir-. Enget Rika, Nir?”
   “Byek, iyok Rik. Enget Isun. Yaiku Rik…..Isun sing sempat pamit Rika. Bener hang Rika omongaken bengen. Tepak ulih rongulan, beras sambangan entek, sembarangane entek. Turu kelumah kethip-kethip nulihi piyan. Pungkasane Isun nekad wis, Rik. Isun pamit lan nitipaken Yani ning emak-apak.
     “Nyangendi, Rika?”


   (Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor