Warga Kemiren Diajak Ngelestarekaken Budaya

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 22 April 2026 06:07 WIB)
- Laporan



Upaya ngelestarekaken budaya sing bisa mung digarap pemerintah utawa akademisi thok, naming kudu ngelibataken warga hang nduweni budaya iku dhewek. Iku katon ring kegiyatan "Pengabdian Masyarakat" ring Desa Adat Osing Kemiren hang digelar ring Aula Adat Desa Kemiren, Minggu (19/4).
   Nganggo tema “Strategi Kolaborasi Masyarakat, Akademisi lan Pemerintah ring Pelestarian Budaya Berbasis Partisipasi”, kegiyatan iki dadi wadhah kumpule pemerintah, komunitas lan peneliti kanggone ngajak warga Kemiren milu langsung njaga lan nguri-uri budaya Using.
   Kegiyatan iki dikawiti ring Lady Khairunnisa Adiyani, S.Hum., M.Hum., kelawan dhukungan teka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi lan kolaborasi ambi Jebeng Thulik.
   Acarane ana seminar, talkshow budaya, workshop photovoice, sampek sesi wawancara ambi tokoh lokal.
   Bedane ambi kegiyatan liyane, iki sing mung gesah thok. Warga langsung diajak milu. Ring workshop photovoice, warga disurung motrek kehidupan budaya hang ana ring sakubengane, aju nyeritakaken maknane teka ring pengalamane dhewek.
   “Budaya bakal tetep urip kadhung wargane milu ubred langsung, sing mung dadi penonton, naming dadi hang nyeritakaken lan milu njaga,” jare Lady.
Hang milu kegiyatan iki akeh, teka ring kepala desa, Pokdarwis, PKK, sampek lalare sekolah lan guru. Warga uga milu wawancara lan rembugan ambi tokoh lokal kaya Pak Suhaimi lan Kang Edai, hang nyeritakaken pengalaman lan kaweruh budaya langsung teka uripe saben dina.
   Kegiyatan iki nduduhaken gok pelestarian budaya sing mung soal nyimpen utawa ndokumentasikaken naming uga mbangun rasa nduweni lan tanggung jawab ring atine warga. Cara kaya gedigi iki diarepaken bisa dadi conto kanggo dhaerah liyane, hang ndadekaken warga dadi pusat ring pelestarian budaya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor