WAJIWA Sendratasik Teka Joyokaryo Digelar Engko Dalu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 25 April 2026 07:37 WIB)
- Laporan
Sanggar Seni Joyokaryo engko dalu arepe nggelar tontonan sendratari lan musik hang diwani judhul WAJIWA, Pandome Urip.
Jare Kang Elvin Hendratha, produser eksekutipe tontonan iku, WAJIWA ngemu maksud "Sukma hang tatag" hang uga dadi narasi kanggo ngangkat pragmen perjuwangane rakyat Belambangan ring Perang Bayu 1771. Iwuh WAJIWA arep digelar ring panggung Gesibu Blambangan Sabtu jam 7 dalu lan gratis, prei bayar.
Pucite Perang Bayu hang dienggo gantholan narasine yara ring ulan Desember, gok saiki digelare?
"Ya iki merga ngelibataken lintas generasi, titik temune ana ring kono," jare Kang Elvin nang belambangan.com.
Iwuh gelaran sendratasike hang dawane 45 menit iki disokong aran-aran gedhi ring donya musik lan tontonan Banyuwangi lan beda generasi kayata Yon DD, Koentjoro, Damar Aji, Kaka Rivi, Panji Sendhok lan Elly Apriliyana. Durung maning sokongan teka 50 penari lan 50 panjak.
Wong 100 magih durung kaetung kolosal merga ukuran Banyuwangi hang aran kolosal iku lebih teka 1000 wong, kayata Gandrung Sewu utawa Kuntulan Ewon hang arep digelar tanggal 2 Mei kesuk iki. Naming tontonan hang apik hing mung ditamtokaken ambi akehe wong hang milu. Paran maning aran Joyokaryo bisa dadi jaminan tatanan musik hang apik merga wis koncar-kancir dadi juwara lan ngelairaken gendhing-gendhing Banyuwangi hang populer.
Kang Elvin dhewek bisa diarani wong "akademisi musik Banyuwangi" merga tau nulis buku Angklung Tabung Musik Blambangan hang diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan sabene.
WAJIWA Pandome Urip, seliyane ngejak bareng generasi hang beda uga nduduhaken gok Sanggar Seni Joyokaryo mituhu nguripaken kreativitas sugihe teradhisi lokal Banyuwangi lan nggedhekaken nilai perjuwangan bangsa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.