Gandrung Jakarta Nggoyang Karawang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 23 April 2026 07:18 WIB)
- Laporan



Tepak digelar Gebyar Seni Budaya ring iwuh HBH Ikawangi Pusat Minggu (19/4) ana petang gandrung nggawa tari Jejer Jaran Dhawuk lan siji penari nggawa tari Punjari. Kadhung hing diwarahi MCne, mesthi para penonton nana hang weruh gok lalare iku kabeh lare Jakarta. Lair lan gedhi ring Jakarta. Mula wong tuweke teka Banyuwangi, malah hang nari Punjari, wong tuweke, emake, wis lair nong Jakarta.
   Petang lare hang njuged gandrung iku
Keysha anake Trisdianto dan Yani Syukriyah wong Kumendung, Kaisa anake Ahmad Fatoni lan Nani, wong Penataban, Naswa lan Aisyah, embok adhik, anake Slamet Riyadi lan Yeni wong Srono. Dene Niken hang njuged Punjari anake Bayu Intarto wong Wonosobo Jawa Tengah hang ngerabi Yuni anake wong Banyuwangi hang wis lair ring Jakarta. Mertuwane Bayu, embahe Niken iku asale wong Jatirejo, Glagah Agung, Purwoharjo Banyuwangi.
   Gandrunge kabeh anake wong Ikawangi korwil Jakarta Timur hang latihan ring sanggar seni Sekar Arum pimpinane Pak Sugiman, jare manajer Sanggar Sekar Arum Kang Yusron.
   Lare papat iku dilatih Mbok Nimas lan Kang Bambang. Jare Kang Bambang, lalare iku perlu waktu petang minggu, seminggune latihan sakat jam 10 isuk sampek jam 4 soren dienggo nguwasani tari Jejer Jaran Dhawuk.
   "Lancar, merga wis padha duwe dhasar tari," jare kang Bambang.
   Sakat 2021, lalare iku wis wanen nari Gandrung ning acara Gandrung Sewu Nusantara ring Keong Emas TMII. Aju munggah genjot ring HBH Ikawangi ring Bekasi lan Tangerang Raya. Taun 2024 dijaluk tampil nari tarian Jakripah ning acara Pengukuhan lan HUT ke 5 Ikawangi Korwil Jakarta Timur.
   Hang nggawe mongkog, tau tampil ning ngarepe Istana Presiden tepak acara serah terima Kawal Istana tanggal 12 April 2026.
   Tau pisan diajak tampil tepak pembukaan Gala Premiere pilem Lintrik ring XXI Rasuna Epicentrum Jakarta.
   Seliyane Tari Jejer Jaran Dhawuk, uga bisa pisan tari Jejer Gandrung Kembang Menur, Tari Jakripah lan Jaran Goyang.
   Dene Niken Bayu Widyastuti makili Ikawangi Jakarta Selatan. Sakat kelas 3 SD milu latihan tari, aju bengene iyane milu sanggar tari Puspo Budoyo Ciputat tepak kelas 1 SMP, aju milu ekskul tari ring SMPN 164 Jakarta lan saiki milu ekskul tari ring sekolah SMAN 70 Jakarta.
   Ceritane kang Bayu, Niken wis koncar-kancir milu lomba lan festival. Merga iyane nguwasani kira-kira 10 tarian. Tari Banyuwangine telu hang dibisani.
   Dadi getih senine wong Banyuwangi hing mandheg masiya manggon ring tanah boroan, adoh teka Banyuwangi.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Teka kiwa Aisyah, Kaisha, Niken, Kesya, Nazwa

Editor: Hani Z. Noor