Wajiwa, Pulet Kontemporer Kontra Teradhisional
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 April 2026 06:39 WIB)
- Opini
Ditulis ring Kang Ujik
Malem Minggu sorene maning (25/4) Sanggar Seni Joyo Karyo Pengantigan hang dipimpin ambi Kang Nuno Sutedjo lan dikelola ambi Kang Elvin Hendratha, nggelar seni drama, tari lan musik (Sendratasik), kelawan judhul Pandome Urip WAJIWA ning Gelanggang Seni Budaya (Gesibu) Belambangan.
Pagelaran iku dimainaken ring aktor lan aktris uga panjak hang akehe lebih teka satus. Sakat teka lare-lare sakumuran TK sampek embah anang kaya dene Anang Yon DD lan Anang Kuncoro. Tokoh hang nggawa cerita yaiku Kaka Rivy hang magih lungguh ring bangku SMA Glagah.
Kawitane maca hang kerungu unen-unen WAJIWA, akeh uwong hang padha takon-takonan siji lan sijine: Paran iku WAJIWA?
Penonton hang ngebeki tribun lan kerosi undangan VIP, padha ndeleng kelawan rasa kaju, pungkasane nemu pengerten teka tokoh cerita Anang Kuncoro lan Anang Yon DD, kadhung WAJIWA iku lare utawa uwong buru bisa nemokaken rasa jiwane dhewek: Sapa setemene awake iku.
Kadhung dititi-titi teka garapane hang renyah iku mula sing aneh, merga dikerubut ambi tokoh seniman teradhisi lan akademisi kayadene Kang Adlin Mustika Alam, S.Sn, ring bagiyan manajer panggung, kurator musik dicekel Pungky Hartono, S.Sn, penata musik Kang Andori, koreo ditangani Gilang Ramadhan, artistik dipercayakaken ring Selamet Diharjo lan sutradarane dicekel Miftahul Jannah.
Mulane, masiya bida dinamika antarane musik teradhisional Banyuwangi lan pelog Bali, tetep bain endah dirasa.
Ring jerone antawicarane pemeran mula kesebut antarane Bali lan Banyuwangi iku kaya siji tapi loro, kaya loro tapi siji. Masiya tah wis tetep bida.
Ring pungkas pagelaran, Anang Kuncoro nguweni wawasan ngenengi masalah njumbule generasi patriot Jagapati hang kudu dianut lan diuri-uri. Kerana Mbah buyut Jagapati uwis ngewarisi akeh kelir budaya, seni lan laku teradhisi. Mulane, jare Anang Yon DD, paribasan Melayu hang unine: Di mana bumi dipijak di situ langit dijunjung, kelebu peribahasa hang usang. Hang anyar lan uwis kelagut anjerah yaiku: Di mana bumi dipijak, langit mana yang harus dijunjung.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.