Dina Tari Sak Donya Banyuwangi, Ditekani Sanggar Teka Surabaya

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 04 Mei 2026 07:19 WIB)
- Laporan



Bengi iku dina Ahad, 3 Mei 2026 malem pengetan Dina Tari Sak Donya manggon ana ring RTH Singojuruh Banyuwangi rumang temenan. Kebukti nyatane dina pengetan ring RTH Singojuruh ditekani penonton hang sing sithik jumlahe.

Iki sing mung sepisan bain dina Hari Tari Sedunia iki dianakaken manggon ana ring Singojuruh, naming iki hang wis kaping telu, gediku keterangane hang nggawa acara ring kawitan pembukaane.

Sakliyane nggelar tari-tarian teka sanggar-sanggar hang ana ring Banyuwangi kayata Sanggar Tari Laraswangi, Sanggar Siswa Karya Budaya, Sanggar Seni Cinde Sutra, ISI Surakarta, MTsN 3 Banyuwangi, QQ Management, Sanggar Tari Sampur Wangi, Sanggar Tari ditamuar, Sanggar tari Joglowangi, SEC Songgon Etnic Colaboration, ana uga Sanggar Seni Dharma Budaya Pasuruan lan Sanggar Tari Sugti teka Surabaya. Lan mesthine sing lali Sanggar Jiwa Etnik Blambangan teka Singojuruh hang duwe gawe ana ring bengi iku.

Bengi iku ring antarane gelar tari-tarian uga ana penghargaan kanggone para seniman hang wis gobod endhut ring kesenian kayadene Pak Awik Badut Angklung Caruk Alasmalang uga ana Mak Yuk utawa Yukanah hang diweni penghargaan merga kiprahe ring Kesenian Banyuwangi.

Pengetan Dina Tari Sakdunya iki uga ditekani PLT Dinas Pariwisata Banyuwangi lan Ketua Dewan Kesenian Blambangan lan uga ana ketua-ketua sanggar tari sing lali uga seniman lan tokoh budayawan Banyuwangi.

Hang dadi gedhe atine panitiya mestine ketekan dhayoh teka Pasuruan lan Surabaya. Hang teka Surabaya yaiku Sanggar Sugti Sekartaji pimpinan Sugeng Hariyatin. Sanggar tari iki nggawa sak tarian yaiku tari “Pethik Laut” hang dijugetaken penari hang akehe papat uwong yaiku 1. Rima Ranum Ramadhani, 2. Nayla Assyfa Ramadhani, 3. Sabrina Sugti Mizani, lan 4. Aleeza Rili Putri Alesha.

Tari “Pethik Laut” iki tari hang wis tau menang ana ring FLS2N Nasional yaiku Penghargan “Lima Penyaji Terbaik" taun 2012.

Tari Pethik Laut iku nggambaraken ritual adat petik laut hang ana ring desa Banjar Kemuning arupa ruwatan desa, donga, lan larung sesaji awujud ucap sukur nyang Pengeran merga wis diweni keberkahan saktaun lawase.

Sugeng Hariyatin hang dadi penata tari “Pethik Laut" nerangaken kadhung iyane duwe tekat nekani adoh-adoh teka Surabaya nyang Banyuwangi iki merga kepingin ngerukuni kanca-kanca seniman tari hang ana ring Banyuwangi. Sakliyane iku iyane uga didukung ambi wali murid Sanggar Sugti Sekartaji Surabaya hang manggon ana ring alamat Pagesangan asri gg.2 no 2 Surabaya.

Sugeng Hariyatin hang uga dadi ketua rombongan teka Surabaya iku uga nyampekaken rasa terima hang gedhe nyang panitiya merga wis diweni panggonan kanggone mentasaken karya tarine. Paran maning magih ditambahi penghargaan ring pungkase acara. Iyane tambah dhemen merga panitiya uga nguweni kenang-kenangan nyang sanggar-sanggar hang wis bisa nekani dina Hari Tari Sedunia ring Singojuruh iku, sing luput uga Sanggar Tari Sugti Sekartaji Surabaya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf