Asal-Usul Desa Tambong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Agustus 2022 08:29 WIB)
- Laporan
Kelendi asal-usule desa Tambong? Desa hang ana ring wilayah kecamatan Kabat iki manggone ana ring kulone dalan gedhi Banyuwangi-Rogojampi.
Jare pegiyat sejarah hang tau nulis buku Suluh Blambangan lan Suluh Blambangan 2, Mas Aji Ramawidi, Tambong iku salah siji desa tuwek ring Banyuwangi. Tuwek maksude wis ana sakat jamane kerajaan Belambangan bengen. Malah Tambong iki dadi saksi perang entek-entekan hang ana ring Bayu. Desa Tambong uga dadi saksi perang Puputan Bayu.
Jare Mas Aji, Babad Bayu nyebutaken gok Desa Tambong iku minangka salah siji desa hang kepala desane (bekel) mbantu Mas Rempeg ring perang kanggo ngusir penjajah Landa taun 1771-1772, yaiku Ki Reksa.
Ring kamus Bahasa Using hang disusun ring ruwahe Pak Hasan Ali, disebut tambong iku arane salah siji jajang, jajang Tambong.
Jare Mas Aji nawi bengene wong-wong tuwek bengen tepak mbabat alas nemoni akeh jajang iku. Sapa hang mbabat?
Kadhung ngerungokaken ceritane rakyat, hang mbabat alas ring kono arane
Ki Anggajaya. Iyane dipercaya minangka wong hang mbabat Desa Tambong (Krajan) lan Dusun Kebonsari.
Ring Babad Tawangalun diceritakaken jaman Tawangalun hang seperono magih dadi Pangeran Kedhawung aju ngalah nang adhike lan pindhah ring Alas Bayu. Mari iku iyane mertapa ring Pangabekten. Aju mari kecaruk ambi Macan Putih, iyane diateraken sampek ring alas Sudimara. Bareng ambi rakyat ring Bayu, iyane mbangun kutha anyar ring kono suwine limang taun sepuluh ulan (antarane taun 1655-1661). Ibukutha Belambangan aju ngalih nong Sudimara hang engkone diarani Kutha Macan Putih.
Wong-wong hang ana ring Kuthadawung atau Kutha Kedhawung (ring Paleran Umbulsari Jember), aju nyusul pindhah nyang Macan Putih. Saya suwi saya akeh sampek 2.000 wong.
Suwine limang taun ngadeg, pirangane desa milu diedegaken pisan nong pareke Kutharaja Macan Putih. Yaiku Sratian (Sraten), Alihan (Aliyan), Gelintang (Gintangan). Uga ana Kedhawung-kedhawung anyar kayata Kedhawung Sraten, Kedhawung Aliyan, Kedhawung Pondoknongko lan liyane antarane taun 1660-1665.
Merujuke Kutharaja sepengalor dipandegani ambi wong hang aran Ki Anggajaya. Kayane iyane iki salah siji pejabat hang ulih lemah ring elore banyu. Dhaerah hang akeh wit jajang tambong, hang kejuluk Padhukuhan Tambong.
Ring desaTambong ya ana panggonan hang aran Taman Meru. Arane ngengetaken ring panggonan diabene ruwahe Prabu Tawangalun taun 1691. Merga magih kuwat rasa feodalismene, Ki Reksa Bekel Desa Tambong iki peneruse Ki Anggajaya. Bisa putu utawa buyute. Kadhung using rada mohal iyane bisa dadi bekel ring Tambong hang dikawiti ring Ki Anggajaya, hang urip ring jamane Susuhunan Prabu Tawangalun II.
Teka ring data hang ana, rakyat Desa Tambong dipercaya duwe peran penting ring Perang Bayu. Dene iyane mati tepak perang utawa milu ketangkep Landa, lan dipateni ring Ulupangpang kana utawa milu ngungsi nong Pulo Nusabarong, kidule Jember saiki, hing ana hang weruh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







