Asale Aran Boom
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Maret 2026 06:52 WIB)
- Opini
Kelendi wong-wong jumbulaken aran-aran panggonan? Kanggone wong Using kayane hing patiya dipikiri temenan. Aran-aran merujuk teka paran hang katon mata ana ring kono.
Nang kono panggonane wong kaum alim, diarani bain Kauman, panggonane temenggung, diceluk bain Temenggungan, umahe patih, diarani bain Kepatihan. Hang bengene dadi umahe punggawange temenggung hang ngurusi lalare enom (singa teruna)? Ya Singotrunan. Umahe singa maya? Ya Singomayan. Umahe singa negara? Ya Singonegaran.
Kadhung hing ana wong penggedhene, taping akeh wong asale teka panggon endi, digu, teka negara manca. Ya diceluki asale bain. Ring kampung hang dipanggoni wong Arab, ya aranana bain Kampung Arab. Kadhung akeh wong Landa kaya noring mburine kantor pos, ya Kulandan. Akeh wong Inggris? Inggrisan. Akeh wong Cina kaya ring Karangrejo? Ya Pecinan. Akeh wong teka Melayu, Sumatra? Kampung Melayu. Akeh wong teka Mandar Sulawesi? Kampung Mandar. Akeh wong teka Bali? Kampung Bali.
Endane wong Mandar, Melayu, Bali iku kelebu negara manca? Bengene iya, tepak Banyuwangi magih madeg dadi kerajaan dhewek.
Kadhung isine wong-wong hang tukang pandhe, nggawe pacul, arit, lading sak piturute. Aranana bain Panderejo. Hang akeh empu tukang nggawe gaman? Kaempuan, Kempon. Hang akeh tukang emase? Kemasan. Hang akeh tukang kayune? Tukang Kayu.
Saiki kadhung akeh wong nggawe kukusan? Ya Kampung Kukusan. Panggonan wong adol tuku sapi utawa lembu? Ya Kelembuan, Kelembon. Hang bengene ring njabane pager kutha? Ya Pager Jaban, Gerajaban.
Saiki kadhung panggonane ring sawah-sawahan. Sebuten bain Sawahan. Nong kebon dadi kebonan? Using. Panggonane ngasilaken paran? Bengene akeh wite gedhang. Ya Gedhangan. Akeh wit kemiri.Ya Kemiren. Akeh wit jambe, ya Jambean utawa Jambesari.
Byek, cumpune sukur gedigu bain ya. Kadhung Boom, teka paran?
Ya padha bain. Bengene pesisir kono iku panggonane barang melebu metu, diedhunaken diunggahaken teka kapal-kapal hang sandhar ning pelabuhan kono. Aju barang-barang hang mudhun lan arep munggah kapal dideleh ring gudhang-gudhang hang dibangun ring pinggir-pinggir pelabuhan.
Hing saben wong bisa melebu ring kawasan kono. Ya kaya saiki, marek Sasak Cikar diedhang tukang njaluki karcis yara? Nah, bengen iku ana pangklange hang bisa diunggahaken diudhunaken ngadhangi wong makene hing bisa melebu ring kawasan iku kejaba hang wis duwe idin. Pangklang hang ngadhangi dalan melebu nyang pelabuhan utawa pabean iku basa Usinge bum. (Nang Surabaya arep tuku gelali, kadhung hing percaya bukaken kamuse oak Hasan Ali). Dadi melebu merono hing bisa, kudu ngeliwati bum, boom. Ya wis, diarani boom bain. Masuk akal ra?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.