Aturan Tokok Jaringan lan UMKM

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 April 2026 06:54 WIB)
- Opini



Tepak jamane Pak Abdullah Azwar Anas dadi bupati Banyuwangi, salah siji aturan hang digawe yaiku ngewatesi semembure jaringan tokok-tokok swalayan makene tokok-tokok peracangan, warung lokal bisa urip pisan.
   Kadhung nyilih istilahe Pak Anas, makene "Yu Jah Yu Tun" bisa milu pisan ngerasakaken temetese majune ekonomi Banyuwangi.
    Paran hang dilakoni pemda Banyuwangi kala semono? Idin kanggo tokok swalayan anyar hing dietokaken maning. Hang wis melaku ya wis iku bain. Kadhung digeningaken nganggo prinsip "pasar bebas", peracangan cilik mesthi bain kalah merga modhale kalah.
   Hing kerasa, kadhung tokok jaringan swalayan iki digeningaken, ekonomi bisnis eceran iki disesep kabeh nong pusat. Picis hang maune bisa netes nong dhaerah, nguripi ekonomi dhaerah kabeh mbelayu nong pusat. Ekonomi saya njomplang.
   Pak Anas tau cerita merga keputusane mau, iyane tau dilobi komisaris perusahaan tokok swalayan pusat hang uga pangsiyunan jenderal pulisi. Naming iyane hing umik, mituhu mbela bisnise rakyat cilik.
   Semono bain, tokok swalayan iki golet cara kelendi nggedhekaken jaringane. Umpamane, nambahi jam bukake.
   Hing maido Pemda Banyuwangi buru bain ngetokaken edaran sakperlu ngewatesi jam bukak dhasaran swalayan lan tokok eceran modheren.
   Ring aturan anyar Nomor 000.8.3/442/429.107/2026, tokok swalayan kang sing duwe jaringan ulih mbukak dhasaran teka jam 08.00-21.00, dene hang jaringan bukak dhasarane teka jam 10.00-21.00.
   Jare Asisten Pemerintahan dan Kesra MY Bramuda ngewatesi jam bukak dhasaran iki diarepaken, aturan iki bisa merujukaken pemerataan ekonomi lan ngewani kesempatan warung rakyat lan pelaku usaha mikro, kecil, dan menengah (UMKM) makene tetep bisa urip.
   Setemene ana siji maning hang kudu dititeni Pemda yaiku carane tokok jaringan swalayan mateni UMKM lokal. UMKM ĺokal ulih titip adol barang naming dipaksa nganggo merek tokok jaringan swalayan. Sing ulih nganggo mereke dhewek. Kasarane, merek UMKM lokal dipaksa hing ulih merujuk. Dadi Pemda uga kudu nambah aturane kanggo njaga uripe UMKM, sing mung kanggo urusan bukak dhasaran.
   Ring taun 2025, ekonomi Kabupaten Banyuwangi merujuk 5,65% timbang hang kecathet taun 2024 yaiku 4,68%. Angka iki nduduhaken merujuke ekonomi paling dhuwur ring periode 2021-2025. Uga lebih dhuwur dibandhingaken Jawa Timur (5,33%) lan nasional (5,11%).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor