“Bahana Musik Banyuwangi” Mengeti Dina Dadine Musik

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 16 Mei 2022 10:36 WIB)
- Laporan



Gesora Jajag Kecamatan Gambiran Banyuwangi bengi iku saknalika rame uwong. Dadi saksine gelar “Bahana Musik Banyuwangi” kanggo mengeti dina dadine musik kawitan ana ring Banyuwangi taun 2022. Mesthine dina musik nasional tekane ring ulan Maret nepaki tanggal 9 kepungkur, naming kerana barengan tanggal iku ambi akeh kegiyatan liyane pungkase rame-ramene digelar ring tanggal 14 Mei 2022.

Milih panggon ana ring Jajag  Kecamatan Gambiran adoh teka kutha Banyuwangi merga kepingin nganakaken pemerataan nyang panggonan liya. Kabeh-kabeh sing mung saban dina kegiyatan festival ana ring njero kutha.

Hasan Basri ketua DKB nguweni keterangan sakliyane dhasar pemilihan panggonan iku merga uga Kepala Desa Jajag hang duwe kerenteg seru nyang anane kegiyatan bisa manggon ana ring desane.

Choliqul Ridho Sekertaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi nyatakaken nong pidhatone  kadhung Pemda Banyuwangi seru girange kadhung akeh kegiyatan seni nyebar ana ring panggonan-panggonan hang setrategis Banyuwangi. Banyuwangi kidulan kaya Jajag kecamatan Gambiran iki uga kelebu dhaerah hang setrategis paran maning mari iki ana kegiyatan lan acara tingkat dunia hang ana ring Plengkung Banyuwangi yaiku lomba selancar tingkatan dunia ana ring kana.

“Bahana Musik Banyuwangi” hang digagas nom-noman pegiyat musik Banyuwangi iki dikawiti sakat jam 14.00 Wib sampek pungkas jam 23.00 Wib. Ana dhung 10 komposer teka  sanggar lan komunitas musik Banyuwangi nggelar karyane ana ring panggung gedhe Gesora Jajag iku.

Mangkat mari sakmarine Isak Gelar acara dikawiti penampilane Lalare Orkestra Banyuwangi hang nampilaken lare-lare cilik hang nggawa aran tampilan “Mapag”. Lalare Orkestra nggawa gendhing "Mapag Tamu" lan "Bang Cilang-Cilung" hang digarap dadi musik permainan. Kayadene wong memengan Musike Lalare orkhestra nganggo dasar musik anggone lare cilik ya uga memengan.

Sakdurunge Lalare Orkestra, Sanggar Pari Kuning pimpinane Pak Edi nampilaken uga cerita megiyet ana ring sawahan.

Sakteruse tampilan teka Sanggar Seni Sayu Wiwit Kecamatan Sempu Hang nggawa sajian Gendhing Banyuwangi. Sanggar iki nduduhaken bisane panjak wadon  main tabuhan Banyuwangi. Sebab akehe panjak ana ring Banyuwangi biyasane ya panjak lanang, naming hang iki panjake wadon.

Main ning urut nomer telu Sanggar Gandrung Arum teka Cluring hang nggarap “Damar Suluh”. Musik hang digarap Adlin Mustika S.Sn iki nyeritakaken anane adat hang bisa dadi sarana kerukunan masarakat.

Ambal kaping papat teka “Padepokan Alang-alang Kumitir” teka Tegaldlimo. Gelar music Alang-alang Kumitir yaiku “Kidung Luhur” hang nyeritakaken babakan girange umat merga tekane nabi hang pungkasan yaiku Muhammad SAW hang nggawa umata teka jaman jahiliyah nyang jaman hang padhang jingglang.

Sakteruse hang nomer lima yaiku Sanggar Seni Sayu Wiwit hang teka desa Aliyan Rogojampi nggarap “Hang Njangkungi”. Hang njangkungi nyeritakaken carane wong Aliyan ngucap sukur lan njaluk sepura nyang Pengeran makne bisa terus dijangkungi para leluhur lan sembah buyute.

Mangkat terus ana ring urut nomer enem yaiku “Putra Pandawa”. Komunitas musik hang teka desa Gladag Rogojampi iki nggawa Garapan “Jenggirate Lare Using”. Garapan musik iki karepe nyeritakaken krentege lare nom-noman hang kuwat kanggone nguri-uri seni tradisi dienggo mbangun Banyuwangi.

Sakteruse Sanggar “Selaras Musik” teka Lateng Rogojampi urut nomer pitu. Penampilane nggawa Garapan “Gendhing Sangu Turu”. Garapan iki nggawa resepe ati hang ana ring wayah bengi. Ring wayah bengi iku metune rasa ayem lan papan panggonan hang tepak kanggone ngelerem ati muji syukur lan ucap terima nyang Gusti Pengeran hang maha suci.

Hang sakteruse angka nomer wolu yaiku komunitas “Mocoansik” teka kecamatan Glagah Banyuwangi hang nggawa aran penampilane yaiku “Toya Arum”. Mocoansik iki nampilken music kelawan gendhing macaan uatawa macapatan. Ring macaane iki nyeritakaken para agul-agul Belambangan hang ngelawan penjajah Kumpeni Landa ana ring perang tanah Jawa pucuk wetan.

Hang sakteruse  dadi tutup pungkase pagelaran yaiku komunitas musik “Parasirama”. Komunitas lare nom-noman iki nampilken garap musik Banyuwangi hang wis dikawinaken ambi musik modheren. “Satya Sangkara” hang dadi arane iki nyeritakaken wujude satya nyang awake dhewek. Ring kene ana gambaran Jaka Umbaran hang satya nyang umbarane kangge netepi asil hang kepingin diwujudaken.

Sembarang kadhung hang kawitan pancen sing gampang ulihe kesembadane tujuwane, naming akeh luput lan kurange kegiyatan iki panitiya ngelilani merga iki pagelaran kawitan. Mula iku panitiya uga njaluk sepura nyang kabeh masarakat lan sapa bain hang wis cawe-cawe ring kene. Anane kekurangan iku dienggo dhasar sampurnane kegiyatan ana ring taun ngarep, gediku kaya hang diterangaken Adlin Mustika Alam salah sijine panitiya nyang reporter belambangan.com

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf