Banyuwangi Nduwe Kembang Rafflesia Dhewek

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 22 Februari 2022 10:05 WIB)
- Laporan



Banyuwangi nduwe kembang jenis rafflesia hang nduduhaken kesugihan donya biologi ring telatahe.
   Wis pirangane ulan iki para peneliti teka Universitas Banyuwangi (Uniba) lan uga teka Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN) wara-wiri nong Papring, Kalipuro sak perlu neliti kembang bacin hang aran latine Rafflesia zollingeriana.
   Jare N. Nurchayati, S. Si., M. Pd pengajar ring jurusan Biologi Uniba, kembang iki mula endemik ring wilayah wetan Jawa. Sedurunge mung ditemokaken ring Taman Nasional Meru Betiri lan Lumajang. Cumpu dilaporaken sedurunge ya ditemokaken ring dhaerah Alasbulu, Banyuwangi.
   Hang ditemokaken ring wilayah Papring ana puluhan kembang, teka enem panggonan hang diteliti, sakat hang magih arupa kopula (calon kembang) sampek hang mekar. Ring lokasi 1 ana 18 kembang, lokasi 2 mung 1, lokasi 3 ana 23, lokasi 4 mung 3, lokasi 5 ana 15 lan lokasi 6 ana 30 kembang.
   Tahapan uripe yaiku kopula (kudhup hang magih kebuntel kulit akar inang), Braktea (kudhupe wis mangkat metu teka akar inang lan ketutup kaya sisik werna soklat) lan wayah mekar. Teka tahap kopula nyang tahap braktea iku bisa ulanan.
  Hang dideleng para peneliti kopula kelawan ukuran diameter 5,3 senti iku mbutuhaken wektu 20 dina sampek dadi diameter 3,72 senti. Aju braktea hang wis diameter 15,29 senti merlokaken wektu 20 dina, mekrok dadi Rafflesia hang diameter bolongane 8,2 cm lan diameter kembange 14,7 senti, dawane makutane 29.3 senti lan dhuwure 11,7 cm. Kadhung wis mekrok digi suwine mung 5-7 dina aju dadi cemeng lan matek.
   Mula hang akeh mekrok rata-rata hang ana ring papan panggonan hang ndhuwuran. Dene hang nong papan panggonan ngingsoran parek ambi dalan hang diambah menungsa akeh hang matek sedurunge mekrok.
"Kembang iki sensitip," jare Nurchayati.
   Apuwa akeh ring Papring? "Asumsine merga kelembaban wilayahe." Para peneliti yakin sak dawane lemah ring perengan gunung teka Papring sampek Wongsorejo hang duwe kelembaban hang padha akeh kembang bacin iku. "Malah  saya ngalor arah Wongsorejo saya akeh kembange."
   Tepak kawitan ndeleng kembange ring Papring, para peneliti magih mang-mang nemtoaken jenis paran, merga ring bagiyan ngingsore lan ndhuwure duwe ciri hang hing patiya padha ambi R. zollingeriana hang ana ring Betiri.
"Naming wis dicek ring peneliti BRIN, lan kesimpulane iki jenis R. zollingeriana," jare dosen asal Bangorejo hang S1 ne ring Brawijaya lan S2 ring Undhiksa Singaraja.
   Sak liyane Nurchayati, peneliti liyane yaiku Hasyim As'ari, M. Pd., Fuad Ardiyansyah, S.Pd.,M. Si., Tristi Indah Dwi Kurnia, MP. Lan Fitri Nurmasari, S Pd, Si, M Si. Dene peneliti hang teka BRIN yaiku Dr. Ridha Mahyuni, M. Sc. Teka Kebun Raya Bogor lan Dewi Lestari, M. Si. teka Kebun Raya Purwodadi hang wis kelinteran neliti kembang rafflesia sak Indonesia.
   Penelitian iki magih suwi merga magih tahap kawitan yaiku magih ngitung pola sebaran lan vegetasine.
"Hang diarepaken bisa nulis buku hang bisa dadi rujukan bab kembang iki."
    R. zollingeriana iki wernane semu kapuranta, dhuwure mung 11-15 senti lan diameter makutane kira-kira 30 senti.    
   Anehe kembang rafflesia iki merujuk ring akar inang mau ring uwit hang kaya uwit 'akar bajaka' ring Kalimantan. Akar Bajaka iku dijuwut banyune kelawan ditugel, temetes banyune lan diombe, dipercaya minangka obat maneka macem penyakit.
   Ring Papring iku kembang bacine ya merujuk ring uwit hang kaya akar bajaka mau. Malah ana rong macem uwit hang tepak ditugel ngetokaken banyu hang rasane beda teka siji lan sijine.
   "Perkembangan R. zollingeriana iki magih misteri. Taping penemuan iki ibarat ana konservasi hang nduduhaken keunikan wilayah Banyuwangi."
   "Muga-muga mengarepe Papring bisa dadi kawentar minangka panggonan Konservasi Rafflesia," jare Nurchayati.
   Kadhung sejarahe, kembang iki ditemokaken kawitan ring wong Landa hang aran
Kooders taun 1902 ring Puger, Jember lan saiki kelebu kembang hang dilindhungi pemerintah lan statuse gawat (endangered).




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor