Buruh Migran Hongkong Gupuh Nyiyapaken Harjaba

Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 17 September 2020 06:11 WIB)
- Opini



Masiya Hari Jadi Banyuwangi (Harjaba) magih telung ulan engkas, buruh migran asal Banyuwangi hang ana ring Hongkong wis gupuh nyiyapaken paran hang arep digelar. Dibelani paran bain dilakoni kanggo suksese dina dadine tanah kelairan.

Minggu sore iku udan sakat Sabtu nana terange, angine ya kerasa adhem sampek njelu nong balung. Isun gelintingan ambi nganteni jam.

Tepak angka jame nggadug angka wolu, isun njingkat agage nong cedhing adus. Marek teka cedhing isun katon-katonen kopi cemeng. Hun corot kopi sakkal semebrung gandane kopi cemeng tanpa gula kerasa seger nong dhadha nggawe legane ati. Pikiran penyar kadhung marek ngombe kopi cemeng masiya dipaido kancanisun jare kaya dhukun. Isun mung munyik bain dielokaken kaya dhukun.

Jam sanga udan wis mangkat deres maning kaya mau isuk. Isun agage lokat golet bis nomer 106 tujuwan Wong Tai Sin liwat Causeway Bay. 

Hing suwi mung sepuluh menit isun nganteni ring kidule tokok Ki Boo hang dodol maneka barang palen kayata banyu, daging beku, woh-wohan lan liyane. 

Munggah bis, aju hun cemplungaken picis sepuluh dollar rong sen nong kothak sandhinge sopir, lan golet lungguhan. Nong kono wis ana lare nganggo jilbab wungu lan lare Pilipina hang magih gesah nong telepon. Lare jilbab ungu takon nang isun arah-arahe nong Fortress Hill, mesthi mudhun nong endi. Ambi rada ngelirik tas gedhenisun iyane takon tujuwanisun. Hun jawab arep ngirim barang lan latihan njuget ring Causeway Bay, kanggo Harjaba!

Marek iku larene meneng hing takon paran-paran maning. Gadug Causewaybay, isun kecaruk lalare paguyuban aju milu sarapan jangan tombol hang disiyapaken ring mbok Neeluh. Marek sarapan, isun agage melaku nong bagiyan pengiriman barang nong bucu elore konsulat. 

Sing kerasa wis nong angka rolas. Isun sak kancaan gancang ngawiti latihan kanggo undangan minggu ngarep ring keluwarga Green Family lan Harjaba ulan Desember.

Gendhing Banyuwangian hang diputer teka hape lan metu nong speker seru royake kanggo latihan Gandrung, Punjari lan jaranan makene awak rada lemes nguncalaken sampur lan ngemati keplakane kendhang.

Panase serngenge dina Minggu iku rasane awak kaya selulup nong banyu masiya mau isuk udan deres lan geludhuge jepretan ring langit, taping hing ngurangi semangate lalare latihan. Teka kadohan isun katon ana emak-emak latihan hadrah nganggo gendhing Nahdatul Ulama. Hang nggawe girang, sakat Hongkong dibukak maning, buruh migran ulih prei maning.

Dina Jumat minggu sore tipi swasta Hongkong wis nyiyaraken berita kadhung dina minggu iki arep ana demonstrasi maning ring kawasan Mongkok sampek Jordan. Paran endane ya kerana virus iki lan demonstrasi gentenan kaya sing marek-marek. Prei kerasa hing tenang kaya nggawe ati terataban bain.

Marek latihan, awak kerasa keju kabeh. Aju lalare padha madhang maning ambi jangan tombol karen-karene mau isuk. Gesah lan gerecakan ring lapangan suket. Lalare hang karaokean wis hing ana maning. Mung ana satpam hang nganggo kelambi preman nggawa kendharaan taman hang magih seliweran.

Uga ana tukang romot hang njuwuti botol pelastik diwadhahi pelastik bungkus cemeng. Isun mbatin kari sekaken tukang romot iku. Mandaneya kelendi donya iki kadhung sing ana tukang romot. Mulane dulur mayo padha njaga kesehatan lan rijigan ring awake dhewek lan ring sak ubengane dhewek makene pagebluge iki gancang uncal. Latihan dina iki arep dilakoni maning sampek tekane dina dadine Banyuwangi.

 

 


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Hani Z. Noor