Cathetan Daptar Ucap-Ucap Basa Using taun 1929
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 Mei 2023 07:05 WIB)
- Laporan
Daptar Ucap-ucap Banyuwangi
Ater-ater Redhaksi:
Taun 1920an lan taun 1929/30 ana wong Jawa loro hang nyathet ucap-ucap Banyuwangi, arane R. Sudira lan R. Binata. Kadhung ndeleng cathetane hang arupa tulisan tangan utawa hang dietik, ditulise ring Surakarta lan Yogyakarta. Cathetane wong loro iki sakweruhisun durung dibahas ahli-ahli kelebu Dr. Suparman Herusantosa hang disertasine nduweni judhul Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi.
Ring taun-taun semono Indonesia durung ana. Temenggung (bupati) magih kongkonane Landa. Pirangane wong Jawa (lan wong Landa) ring Banyuwangi ana hang nduwe wigati gedhe nyathet kahanan nang basa Using/Banyuwangi.
Sakliyane rong naskah iku, bupati Banyuwangi kala semono, Tumenggung Haryo Notodiningrat nulis babad Notodiningratan ditulungi ambi wong Landa hang manggon ring Tamansari, Licin, yaiku T. Ottolander. Ring lampiran mburine babad hang diwani judhul "Babadipoen negari Blambangan ngantos doemoegi negari Banjoewangi" iku ana 414 ucap-ucap basa Banyuwangi hang artine beda ambi basa Jawa.
Sedurunge babad iku uga ana wong Landa hang aran van der Tuuk, ahli basa hang manggon ring Singaraja Bali, taun 1880an, uga nyathet ucap-ucap Using hang bida ambi basa Jawa. Van der Tuuk wis nggawe petang jilid kamus Kawi-Bali (KBW) lan ninggalaken cathetan hang kayane arep digawe kamus, judhule Kosakata Dialek Banyuwangi. Saiki naskahe disimpen ring perpustakaan Universitas Leiden, ring negara Landa.
Taun 1923, tepak Ottolander nggawa gandrung nyang kongres ring Bandung hang dianakaken ambi Java Instituut, iyane nulis artikel Gandrung van Banyuwangi hang isine gendhing-gendhing gandrung. Sak liyane babad Notodiningratan mau, yaiki tulisan sastra Using kawitan hang nganggo tulisan latin.
Raden Binata nulis gok cathetan ucap-ucape mau dijuwut teka kamus Kawi-Bali (KBW) hang disusun ambi Dr. van der Tuuk. Ning ngisor iki penampane ditulis nganggo basa Jawa. Dialihbasa nang basa Using ambi redhaksi.
Daptar Kosakata Dijuwut Teka K.B.W.I.
Keterangan saumpamane arep meruhi basane wong Banyuwangi hang lugu, manut warah-warahane sesepuh hang keneng dipercaya.
Basa Jawa Banyuwangi iki akeh hang nyeliwah teka basa Jawa lugu, naming kadhung digathukaken magih akeh hang memper-memper. Akeh-akehe magih nganggo ucap-ucap basa Kawi. Saya suwi merga akeh wong njaba negari hang teka, saya rusak, sasate campur aduk, sebab wong kono iku wateke dhemen tiru-tiru, nawi ana istilah anyar mangka bisa dianakaken, merga seru dhemene, kaya dene penganggo, masiya kurang pantes nyang uwonge, naming merga dhemen mau gampang nirokaken, pokoke niru bain. Uga nong masalah omong-omongan lan liyane.
Kadhung bab penganggone wong-wong Banyuwangi iki akeh hang nganggo kethu utawa celana dawa, dene hang nganggo iket ya mung wong ndesa hang kurang akeh serawungane. Bisa pisan saya suwi saya uwah seru kayadene basane.
Semono uga, logat omongane; wanda (suku kata-red) ucap hang: kawitan, tengah utawa pungkasan ana hang diunekaken dawa, cendhek, antep utawa kendho (entheng). Mulane wong teka nagari (dhaerah liya-red) kapan arep nirokaken logate wong nang kono seru sarane madhani, malah kerep dadi guyu.
Mangkane ring kene mung arep diterangaken omong-omongan hang gampang, hang wanda ring pungkasan kaucap dawa, naming sakliyane iku using, merga sara nulise.
Umpama ucap:
Iku anjrah diucapaken ikau.
Iki anjrah diucapaken ikai.
Abang anjrah diucapaken abyang.
Lan liya-liyane kabeh wanda pungkasan kaucap "legena" utawa nganggo "sandhangan" u, i, mauka.
Semono uga bab ucap-ucap sigeg k, iki diunekaken ana ring gorokan, umpama: wataq dadi watek, pitiq dadi petik, èpèq-èpèq dadi èpèk-èpèk, apek, buthek lan liya-liyane.
Ring ngingsor iki keterangan utawa ucap hang nyeliwah teka basa Jawa lugu, hang anjrah dadi basa sedina-dina.
Sakliyane iku, isun ngomong sedurunge, nawi ana ucap hang kurang cocok, muga-muga disepura.
Basa hang ditulis ring kene dijuwut teka K.B.W.I.
Banyuwangi 1 Nopember 1929
Isun:
Binata
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







