Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 28 Mei 2023 09:50 WIB)
(Cerita Cendhek) Kopi Landa
Wayah wis ketiga, tanggalan Jawa, aju ngarepaken banyu segara mudhun. Byek arane tangane kanca padha gatel. Yara Kang Pur kadhung isuk ngopi nong Kang Imik, nana maning hang digesahaken liyane mancing. Arane kopi sak cingkir sedina hing entek-entek.
Taping mula wong-wong iku, hang persasat duwe selogan “Urip iku mancing”, kaya ana kumpulane dhewek-dhewek. Kayata kumpulane Kang Pur, Yadi, Pak Mad dhemenane mancing keleman. Senare diolor teka jukung. Kumpulane Kang Osok, Kang Imik, Kang Takim mancing sadharan. Kelompoke Budi Gajah, Budi awake gedhi dhuwur mangkane diceluki Gajah, mancing kelethekan, sak senar hang direntengi pancing sepirang-pirang.
Kang Yadi kadhung hing dijak Kang Pur melaku mancing, nana wis, dalune melaku dhewek mancing uncalan ring Cacalan. Senar gulungan, hang diuncalaken nyang segara, tapi akeh hing ulihe. Ana bain abane kadhung ditakoni asile. Kadhung ditakoni, paceke jawabane, ”Anu… banyune adhem.” Kisuk dalune kadhung mancing maning, ditakoni, “Anu…banyune murup.” Embene ditakoni, “Anu… aruse elek.” Emben dawa ditakoni, ”Anu… ombake gedhi.” Aran anu nana enteke.
Byek nana apike pokoke wih arane segara iku, maklum hing tahu nggawe rumus alam, hang penting pokoke mancing. Kadhung ditakoni jawabe, ”Kek, pedhot ping kaping-kaping yak.”
Ana pisan Kang Yalin. Sak dawane pesisir Banyuwangi wis tau diambah. Sakat teka Pandean parek alas Baluran, sampek ngidul nong Rajegwesi. Hang digawa sing mung iwak segara. Kadhang iwak banyu, kadhang uling. Kadhang ya ula. Tau tepak kapanane mancing nong wetane Watudodol, mulihe nggotong mungsing ana nawi rong meter. Marek diponges, diedhel-edhel, daging mungsinge diedum nyang tangga-tanggane. Ana hang gelem, ana hang sing doyan, polae daging mungsing jare ambune pesing.
“Daging mungsing iku setemene enak, balunge enom kabeh,” abane Kang Yalin. “Bongol hang sing gelem iku.” Galihe diolah dhewek ambi rabine Kang Yalin, dadi bekamal. Galihe diekum sulung diimbu ana nawi telung dina, dicampur irisan jagung enom, irisan lobok litik diakehi. KangYalin dhung mangan bekamal, kaya uwong hang hing nemu engkisuk maning. Sega anget hing ana pecake blas nong sublukan. Sega diculik sedurunge kober ngentas.
Liya dina tau mancing nong kidule Pulo Santen. Sak mandhegan perahune, ulih nawi satus iwak keleng Jepang, iwake kelir putih semu kelawu ana gambar penthol abange nong kiwa tengene. Daginge putih alus. Sarta dipelas, ya nana pecake. Kucing bain sambat ndileng eri pecake Kang Yalin mangan.
Kelompoke Budi Gajah liya maning. Nana wis arane Lik Kom rabine sabendina celathu. Polae Budi Gajah kadhung nggawe pancing kelethekan paling using selikur tah telu likur, hing ulih genep. Kadhung ganjil bisa bangenan jare. Byek, arane nguncalaken batonan tangan tengen ambi muteraken timah, senar ana hang diudhal-udhal. Ana hang dikempit ambi lambene, gulungan dicekel tangan kiwa. Aja ana hang nang mburine wih, pokoke kadhung kesait pancing ya rasakaken dhewek. Diwarahi aja nang mburine wong nguncalaken batonan, pokoke sak adoh-adohe, ya gedigu arane batonan kadhung wis muni plung buss.. mangkat tangane ambi narik-narik sithik-sithik, setengah kethip-kethip matane polae ngerasakaken senar. Dret...dret.. pancing disaut banyar kadhang tamban. Pokok arane Budi Gajah kadhung wis munyik tandhane pancinge wis akeh hang mangan, hing suwi ambi melung-melung. “Di... Edi, parekaken wadhahe.” Nana wis Edi tukang muputi.
Bida maning ambi Kang Pur, dhemenane nganggo jukung. Sak durunge mangkat magih takon, “Wis tuku enus tah?”
“Hing. Iki ulihe tamban,” jare No hang tuku empan.
“Eh... tali jangkare nganggo pirang dhepa? Polae iki mancing nang Remet ngetan.”
“Apuwa sih mancing nang Remet ngetan?” takone Kang To, hang arep ngancani.
“Anu, polae aruse ngidul. Sore Pak Mat ulih kerapu gedhi-gedhi ring kono. Kadhung wis dalu iwak wis hing mangan,” jare Kang Pur ambi setengah turu lungguh. Kuwasane Alloh tangane magih kerasa kadhung ana iwak nithil-nithil.
“Nagud barawis, mung dithithil bain sakat mau yak.”
Taping kadhung wis keneng, cocote nana menenge, ”Ehm...sira wih.....kapok sira...arep nang endi ira....Ehm byek ngelawan, pantese kaya kerapu iki yuh? Polae narike nang ngarep thok sakat mau.... Kau...kau kerapu temenan.”
Padha dene ambi Kang To, "Kek...kek...kek kadhung iki bangbangan. Kok..kok... ngelawan terus.. Byek dikewet tanganhun...au...bangbangan temenan, yara.”
Cumpu No sakat mau durung ana hang nithil. “Isun durung dithithil yak.”
Rungu abane No, yara Kang Pur dhemen nguwadani. “No! Kadhung tuku senar iku malem Jemuah tah... geningena bangenan... kek kaya anunhun. Kek.. kek disaut maning...weleh! Wangune pogot iki...byek kari abot yak...”
Kadhung Pak Wik dhemenane mancing melas, yaiku umpan tongkol hang ditarik jukung. Kadhang nganggo wulune pitik, hang dipancing tongkol guedhi. Kadhang ya ulih mungsing, iwak tumbuk hang ana cucute. Kadhung ulih iwak tumbuk, cucute dienggo rebutan, polae dienggo cangklonge udud.
“Pasthi dipesen wih, ambi Kang Osok. Seru pintere kang Osok kadhung nggawe cangklong iku. Bisa merit apik digu, engko palinga ditiru ambi Yadi, ditiru ambi Kang Binik.”
Saure Kang Binik, ”Digi iki wis Di... dodol ngudheg kopi, cangklong ambi dicokot, byek kaya uwong kok, daya teka cucute iwak, nagud yara hehehe,” jare Kang Binik, ambi setengah munyik.
Edi hang sakat mau wis ngentekaken kopi rong cingkir, sega bodrek loro ambi gedhang goreng telu, magih durung mingser blas bokonge teka pelancane Kang Binik.
“Nong endi maning golet panggonan urip kaya gedigi ya Di?” takone Kang Binik setengah ngencuri. “Bisa golet pangan sak cukupe, adol kopi ambi dhanggoreng. Masiya tah wis jare akeh lalare enom saiki hang dodol kopi Landa ika.”
“Kopi Landa kelendi Kang,” takone Edi.
“Iku kok kopi hang jare nggorenge hing patiya gempung, sukur mateng jare ya. Banyune iku jare hing ulih dicorot tepak magih gemulak, makene hing mambu gempung kopine. Ana-ana bain lare saiki.”
“Ya gedigu iku hang nggarai beda, Kang,” jare Edi.
“Beda parane, Di?”
“Ya kopinrika mung rong ewu, gedhang goreng sewu, sega petang ewu. Kadhung nong panggone lalare iku, kopine bain limalas ewu. Aju hing balak lalare iku.”
Edi nambahi, “Paran maning hang parek-parek panggonan ngelencer. Kelendi warungrika Kang, tambah akeh turis nong Banyuwangi, tambah laris tah?”
“Ya sak cukupe bain wis. Ana uwong diladeni. Tambah rejeki disukuri,” jare Kang Binik. “Kapanane ana turis Landa hang mampir merene, mung ngopi, diateraken pemandhu wisatane. Jare arep golet lemah parek pesisir nong kene aju dienggo hotel digu tah. Nana Rika wih, ngewani picis seket dienggo kopi petang cingkir. Aju hing cepet sugih hang dodol kopi?”
“Kadhung pesisire dituku iyane, Rika hing bisa ndeleh jukung maning nong pesisire kono Kang Binik. Gelem tah Rika?”
“Jeh...emong... madak bisa gedigu. Wisata ulih tapi aja sampek ngilangaken wong cilik kaya awak dhewek iki kilangan panggonan dienggo mancing. Awak-awak iki mung dhemen mancing, endane iku pisan dientekaken,” jare Kang Binik.
“Ya bener Kang. Mesthine pemerintahe nggawe aturan, aja sampek, wong-wong aseli nong kene, mung dadi penonton bain. Hang ngerasakaken endahe alam Banyuwangi, hang bisa mancing hang bisa ngelencer, cumpu wong-wong tekan kabeh.”
“Yaiku, endane mbisuke magih ana tah ceritane Kang Yadi golet garek nong Boom? Muga-muga aja sampik kedadeyan gedigu ya?” jare Kang Binik.
“Eh...engko bengi kelendi, paca arep melas tah? Kelethekan? Keleman bain? Isun milu ya, wis seru gatele tanganisun.”
(Hadin Wijaya, judhul aseline Anuhun Senar Bangenan)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)