Gandrung Iku Pahlawan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 November 2022 05:52 WIB)
- Laporan
Tepak Dina Pahlawan tanggal 10 Nopember sore, penulis buku Isun Gandrung, Eko Budi Setianto ngusulaken gandrung dadi pahlawan Banyuwangi.
Bangete gesah ring Radio Blambangan 88,1 FM, Kang Budi ngomong "Kadhung jare Hun gandrung iku pahlawan. Kadhung sing ana gandrung hang nguri-uri, ana tah Gandrung Sewu sore iku? Wong-wong iku tetep nguri-uri, masiya uripe keponthal-ponthal. Saiki delengen Banyuwangi iku hang nggawe mongkog merga dudu emase, santete, utawa Boome taping Gandrung. Sore hang tampil ring London iku sapa? Gandrung."
Mula pantes pisan kadhung Gandrung disebut pahlawan. Pahlawan hing mesthi nasional, nganggo SK lan butuh pengakuan, jare Budi.
Bukune Budi hang dipeleciraken ring Sengker Kuwung Belambangan kesuk Sabtu bareng buku Omprok lan Gandrung ring Pelinggihan Prabu Tawang Alun Disbudpar. Isun Gandrung hang ditulis nganggo rong basa -basa Indonesia lan Using- nyeritakaken manis pait uripe 33 gandrung. Ana hang wis dadi ruwahe, ana hang wis nggantung omproke, ana hang magih munggah genjot nampa tanggapan.
Gandrung iki uripe kaya lumut nong ndhuwur watu. Hing mati tapi uripe sara, marjinal. Uripe dipinggiraken.
Gandrung iku rohe wong Banyuwangi. Sapa hang wanen nguthik gandrung, ubreg Banyuwangi, jare Budi.
Ditakoni alasan nulis buku gandrung iku Budi semaur: "Aja maning wong njaba Banyuwangi, wong Banyuwangi dhewek akeh hang sing paham bab Gandrung. Isun kerep ditakoni para peneliti literatur Banyuwangi. Hing akeh. Isun bisa nulis merga Isun jurnalis kadhung dikelumpukaken dadi lan apike. Hang kepindho, akeh utamane lare nom-noman, kaya hang kingslep obore ambi leluhur mergane informasi hang sing nggadug. Merga hing ana hang cerita lan hing ana tinggalan cathetan."
Paran sebabe? "Ring Banyuwangi hing ana tradhisi tulis taping anane tradhisi tutur. Dadi sejarah dititipaken ring karya seni. Contone, bathik Banyuwangi nganggo motip Kangkung Setingkes, Gajah Uling lan liyane cumpu ana latar mburi sejarahe."
Conto liyane, sejarah dititipaken ring gendhing, kaya nang Kuntulan. Ana gendhinge:
Udan awu ulan Sawal aja lali
Meledhose Gunung Agung Pulo Bali
Iku yara momen hang nyathet merga hing ana karya tulis, dititipaken nong gendhing, jare Budi.
Kadhung ditakoni, mesthine kelendi? "Ya hang enom-enom iki nulis. Apuwa Isun mempeng ngejak wong nulis? Merga akeh hang kudu ditulis ning Banyuwangi. Lalare milenial acake takonana ngerti tah geredhoan? Iku yara tradhisi kelendi romantisme buyute kene bengen. Iku kultur, ana tah hang nulis?"
Paran hang perlu ditulis? "Isun ngomong nong lalare enom, aja budaya, kejeron. Badhogan bain bisa ditulis."
Jare Budi jamane iki ana ring jaman hang medhot sejarah. "Delengen bain, goletana nong desa Using hang deles wis. Acake anake diejak ngomong nganggo basa paran? Basa Using tah? Using! Isun hing ngelarang taping wong tuweke iku ana ring proses mateni basa emak."
"Aja maning nulis, tradhisi ngomong bain medhot, paran maning nulis. Dadi hing maido 20 taun engkas basa Using bisa ilang. Kadhung hing waspada, ring mata rantai kene pedhot," jare Budi.
Njawab pitakonan, alasane nulis buku, Budi ngomong: "Idenisun nulis merga sekaken gandrung hing ana hang ngerungokaken. Merga paran, gandrung dianggep babone maksiyat. Aju gandrung-gandrung iku ngersula nang sapa?"
Mangkane tepak iyane nekani nong umahe gandrung siji-siji, akeh hang kaju, sampek nggebrak meja, nangis. Iku hang nyugihi batinisun. Sampek metu omongan: akeh hang maksiyat apuwa mung gandrung hang dielek-elek? Kasarane, isun ngewani panggonan gandrung-gandrung iku kanggo berontak.
"Kok nong perapatan-perapatan, cafe-cafe akeh wong mabuk apuwa hang disalahaken mung gandrung?" Abane salah siji gandrung.
Gandrung iku marjinal merga parek minuman keras, dhemen kawin pegatan, ngerusak rumah tanggane wong. Ayo kene diomongaken bareng, jare Budi.
Rabine Budi ketepakan putune Gandrung Aripah. Dadi iyane duwe kesempatan nakokaken nang Mbah Aripah. Jawabe: "Mulai bengen wis ana arane omben-ombenan, taping mung dienggo ngangetaken awak makene bisa melek sampek suwengi."
Saiki perkembangane liya. "Acak Rika arep duwe gawe nanggap gandrung. Hang kawitan merdhayoh iku agene bir. Engko Hun uweni semene aju didrop. Posisi gandrunge nong endi? Hing ngarti paran-paran. Gandrung iku hang dirasa abot dudu njugete taping tepak ngadhepi pemaju hang mabuk. Ana hang sampek nangis, ana ning bukunisun: "Ya Alloh, golet upa bain kari gedigi. Merinding tah sing? Dikira seneng gandrunge? Using."
Aju ana hang takon, salahe sapa? "Ya salahe masarakat merga hing bisa njaga."
"Iku hang kudu ditulis. Apuwa gandrung uripe minggir taping kene mongkog ambi gandrung. Kok hing kesuwun nyang gandrung?"
Mangkane Budi seru terimane nang Patih Senawangi, Ibu Bupati Ipuk lan liyane merga tepak Gandrung Sewu sore wis ngewani penghargaan nang 10 gandrung.
"Masarakat welas ambi gandrung
Sedurunge ana hang celathu nyang gandrung, Sun sauti, ngacaa sulung tah raine."
"Sekaken gandrung disalahaken. Taping kondhisine kelendi? Uripe magih minggir merga kene magih setengah hati ndeleng gandrung. Kira-kira wong saiki gelem nanggap gandrung, nanggap kuntulan. Paling electone. Iku merga lelakune awak dhewek. Masiya gedigu gandrung magih ana, lan iku nggawe Isun hurmat seru."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







