Gesah Budaya Panji
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 24 April 2024 08:46 WIB)
- Laporan
Nggesahaken cerita utawa dongeng mula sing ana mandhege, kaya-kaya sing ana enteke. Paran maning gesahe ambi uwong kang wis duwe kepinteran lan sugih cerita utawa dongenge. Gedigi ubeg kang ana ring Pelinggihan Prabu Tawangalun Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) ring dina Sabtu sore tanggal 20 April 2024. Banyuwangi ketekanan penulis lan pegiyat budaya Panji Henri Nurcahyo. Iyane wis nulis puluhan buku kira-kira sewidak buku. Sakliyane iku Henri aktip ning Asosiasi Tradisi Lisan (ATL) Jawa Timur (wakil ketua), Komunitas Seni Budaya Brang Wetan (ketua), lan Ahli Pratama Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) Nasional.
Kang digesahaken Henri ambi Dewan Kesenian Blambangan iki njuwut judhul Gesah Budaya Panji. Ring kono iyane njelenterehaken paran iku budaya Panji kang kanggo wong umum akeh-akehe paran maning lare nom-noman saiki sing kari paham paran iku Panji. Toraneya cerita panji iku dhewek asale teka Jawa Timur. Taping Henri sing nyebut cerita Panji. Nurut iyane budaya Panji lebih cocog timbang cerita Panji polae Panji iku sing mung isi cerita utawa dongeng thok taping wis mekar maneka bentuk.
Ring Banyuwangi cerita Panji kerep diceritakaken ring lakone seni damarulan arane lakon Dewi Sekartaji. Ring kono nyeritakaken antarane Pangeran Inu Kertapati aliyas Raden Panji Asmara Bangun teka keraton Kahuripan duwe dhemenan anake raja Daha arane Galuh Candra Kirana utawa Dewi Sekartaji. Sijining dina, Raden Inu nguweni hadhiyah anak-anakan nyang anak-anake raja Daha. Kang siji teka emas dibuntel kain biyasah, kang siji teka perak, dibuntel kain sutera. Kerana raja lebih welas nyang anake selir kang aran Galuh Ajeng timbang anake ratu permaisuri kang aran Candra Kirana, Galuh Ajeng dikongkon milih sulung anak-anakan kang dibungkus sutera sedheng Candra Kirana ulih anak-anakan kang dibungkus kain biyasah. Serta weruh anak-anakane Candra Kirana digawe teka emas, Galuh Ajeng njaluk oper nyang emboke taping Candra Kirana sing gelem. Kerana sing gelem ngoperi nyang adhik kuwalone, rambute Candra Kirana dikethok ambi bapake. Sing pernah urip ring keraton, Candra Kirana metu teka keraton urip nong alas lan nyamar dadi wong lanang aju ganti aran Panji Semirang ngedegaken keraton anyar. Uripe Panji Semirang nyegati wong liwat aju gawane dirampas. Asil rampokane diedum-dumaken nyang wong-wong kang uripe melarat. Tau, gawan kongkongane Raden Inu dirampas taping ambi Panji Semirang gawan kang arep dinggo kawine Raden Inu mau ulih dijaluk asal kang njuwut Raden Inu dhewek. Serta diparani, Raden Inu kang wis getem-getem malah wurung tandhing merga dipapag lan dijak gesah Panji Semirang. Raden Inu disuguhi woh-wohan kesenengane. Raden Inu sampek heran sapa wong kang ana ring ngarepe iki.
Raden Inu nutugaken laku nyang keraton Daha arep ngawin Candra Kirana. Taping iyane kaget Candra Kirana wis sing ana ring keraton. Raden Inu nyang alas maning marani Panji Semirang merga iyane yakin Panji Semirang iku dhemenane. Temakaken Candra Kirana wis sing nong alas maning tapi ngumbara dadi gambuh (penari). Raden Inu terus nggoleti ahire weruh penari iku dhemenane merga anak-anakan hadhiyahe bengen diiyong-iyong kadhung arep mapan turu.
Sing mung ana ring seni damarulan, Cerita Panji uga dilakonaken nong wayang beber, wayang topeng, uga wayang klithik lan kethek Ogleng. Sedheng candhi-candhi kang ana relief Panji ana ring antarane candhi Penataran Blitar, Mirigambir Tulungagung, lan candhi Yudha Mojokerto. Jare Pak Henri cerita bisa melebu karakter Panji kadhung ana unsur: gantheng, welas asih, setiya, tuladha, nyamar, ngumbara, nyawijine rong panggonan, uga pahlawan.
Cerita Panji hing mung merujuk ring Jawa Timur, taping wis nyebar nong Asia Tenggara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









