Gugon Tuhon: Bergul lan Jimat Mustika

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 09 Mei 2026 07:30 WIB)
- Opini



Bengen rika mesthi duwe cerita kewan aran "bergul" kadung cara Indonesiane berang-berang.
   Bergul bangsane musang naming uripe akeh nong banyu merga panganane iwak, urang lan geruyu. Mangkane akeh ditemoni ring panggonan hang ana banyune kayata sawah, kedhung lan uwangan. Wulune tebel kaya hing makan ditelesi banyu. Tangan ambi sikile ana selaput hang nggampangaken iyane langi-langian nguber iwak nyilem nong njero banyu.
   Jare kepercayaane wong-wong desa, kewan iki sing duwe silit. Mangkane kadhung mari mangan iwak akeh, pas ngising diutahaken teka ring cangkeme. Aju marek iku, taine diorat-arit. Apuwa mesthi diceker-ceker taine mau?
   Magih ujar jare, bergul mau iku duwe Jimat Mustika, wujude kaya watu. Nah, jimat mau kadhung wayah ngising katut, aju diorat-arit merga njuwut jimate mau aju dieleg maning.
   Bergul uripe nang banyu utawa sawah bero. Panganane iwak banyu, utamane urang lan geruyu. Masiya urip ring banyu, wayah ngising mentas lan golek panggonan garing.      Bengen magih cilik isun kerep nemoni taine bergul ring dalan arep nang banyu Bomo. Jare wong-wong bengen, bergul iki kelebu bingkak merga ngisinge sak dalan-dalan.
   Aju ana ucap-ucap teka wong Using, kadhung ana anake utawane lare cilik liyane kurang ajar, kadhang kewetu ucap: "Dhasar bergul...!"
   Kabeh mau mung cerita wong-wong bengen, isun dhewek sing tau nemoni bergul pas ngerahina. Weruhe ya taine keleleran sak dalan-dalan, ambune amis merga panganane iwak lan geruyu.
   Teka angele meruhi bergul pas ngising, aju ana gugon tuhon, kadung bisa ulih jumate bergul bakal bisa kuat nyilem. Wong-wong hang kuwat nyilem pas golek iwak ring kedhung, kadhang diceluki "Bergul".
   Kadung ring desanrika, kelendi ceritane masalah bergul iki? Padha tah cerita gugon tuhone? Naming, mburi-burian iki akeh wong hang ngerawati bergul. Cumpu bisa lulut lan ngarti kadhung diejak ngomong hang duwe, nurut perintahe.
    Nawi ana cerita liyane, bab kewan bergul tah kewan liyane hang dadi gugon tuhon.

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.