Gugon Tuhon Ring Desa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 08 Mei 2026 06:33 WIB)
- Opini



Sakat bengen akeh seru aran hang sing bisa dikatoni wujude, naming akeh hang bisa cerita. Malah masiya sing tau weruh wujude, akeh hang wedi kadhung iku arupa kewan galak. Angger-angger kampung duwe aran dhewek-dhewek nyang mahluk hang sing tau diweruhi wujude bareng-bareng, masiya ana hang ngaku tau diweruhi mahluk-mahluk mau. Iyane mung bisa cerita, tanpa bisa nduduhaken wujud hang bisa diweruhi wong liya.
    Saiki kayane wis arang, kadhung wong ngomong mahluk gugon tuhon mau, merga wis kalah ambi masalah-masalah urip saiki hang sarwa nalar. Kadhung sing melebu nyang akal pikir, ya ditinggal.
   Nah, kanggo ngenget-ngenget kadhung gugon tuhon mau tau urip ring pikirane masarakat jaman bengen, acak ceritakena hang tau rika alami utawa tau diceritakakekn wong tuwek lan embah buyut rika kabeh. Kaya cerita ring ngisor iki:

THUYUL: Mahluk arupa lare cilik hang diingu menungsa, kanggo nyolong picis lan donyane liyan.

UWIL: Mahluk alus arupa lare cilik-cilik, senengane memangan lan nggudha lare cilik, uga kadhang ngejak lare cilik menyang alame iyane.

GENDERUWO: Ana hang ngarani Gandaruwo, mahluk alus gedhe dedege, senengane medeni menungsa.

CELENG KENGREG/KESREG: Mahluk alus daden-daden arupa celeng, dienggo menungsa normal. Pegaweyane nguras bandhane liyan kanggo juragane. Carane ngengregaken awake nyang gedheg utawa tembok sasaran, aju bandhane bisa ilang lan pindhah nyang juragane Celeng Kengreg/kesreg iku.

KEBLEK: Mahluk alus arupa codhot, tapi rada abang. Iki uga ingon-ingon hang ditugasi nyolong picis.

KIK BEROD: Mahlus alus hang manggon ring pinggir kedhung, kadhang arupa bajul. Pegaweyane mangan menungsa, kadhang nyengidakaken lare-lare hang adus lan ceburan ring kedhung.

Lan magih akeh liyane, angger kampung utawa desa duwe aran dhewek-dhewek. Penjelasan ring ndhuwur mau sing mutlak bener, iku mung kanggone wong Melik sak ubenge.

Mayo paran hang ana ring kampung rika? Ana paran bain mahluk gugon tuhon mau?

(Hansen)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor