Guritan nong Njerone Pameran Lukisan Cemeng Putih
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 31 Desember 2022 06:24 WIB)
- Laporan
Cemeng Putih, dadi temane pameran lukisan kang dianakaken Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kanggo mungkasi kegiyatan taun 2022, manggon ring Gedhung Djuang. Diarani Cemeng Putih merga ning kono dienggo wadhah megiyete pelukis-pelukis Banyuwangi minangka silaturahmi para pelukis utawa perupa kang ana ring Banyuwangi. Pameran lukisan kang digelar Selasa bengi tanggal 27 – 31 Desember iku dibuka H. Sugirah Wakil Bupati Kabupaten Banyuwangi, dihadiri Dwi Yanto Asisten Ekonomi Pembangunan, Kapolresta, Dandim 0825, Danlanal, Janoto kang makili Kepala Dinas Pendidikan, Camat Banyuwangi, Kapolsek, lan tamu undangan liyane. Kanggo ngisi acara makene tambah rame, saben dina dianakaken gesah ngenengi sastra mulai jam loro bedhug sampek jam papat soren. Kaya kang dianakaken kesuke, dina Rebo sore dianakaken gesah sastra ngenengi Kehidupan dan Puisi.
Kehidupan dan Puisi, diisi narasumber kaya Dwi Pranoto lan Iqbal Baraas. Dijelasaken ambi moderator kadhung Dwi Pranoto iku esais, penerjemah, pemerhati budaya lan sastra. Iyane lair ring Banyuwangi kang saikine manggon lan netep ring Jember. Guritane diuwot nong antarane antologi Cerita dari Hutan Bakau (Pustaka Sastra, 1994) lan Lelaki Kecil di Terowongan Maling (Meleti Press, 2013). Kadhung guritan karangane dhewek yaiku Hantu, Api, Butiran Abu (Gress, 2011). Judhul karya terjemahane yaiku Piramid (Marjin Kiri, 2011), novel karyane Ismail Kadare. Sedheng Muhammad Iqbal Baraas kang kelairan Genteng iku magih turunan Arab. Sakat SMA wis dhemen teater (nong Padhepokan Gelar Tikar), nulis guritan, kang kawitan iyane tulis judhule Puisi Makan Lempung (1991), Si Penjual Payung (1993), kumpulan guritan Bunga Abadi (1996). Pisau Melukis Gelas (2000) diterbitaken ambi PSBB. Taun 2008 kumpulan cerpen kang judhule Pesta Hujan Di Mata Shinta diterbitaken Frame Publishing Jogja, lan taun 2018 Antologi Puisi Mawar Gandrung ulih penghargaan Sastra Soetasoma. Sampek saiki iyane kang manggon ning Genteng iku tetep nulis guritan masiya dadi dosen nong Ibrahimy lan pengacara.
Uut, moderatore gesah iku nyampekaken kadhung menungsa sing bisa urip dhewek. Kerana gosokane wong liya ndadekaken ucap-ucap ekspresi, utawa kang diarani guritan. Kadhung urip sing ana senine, rasa-rasane urip kaya campak. Aja-aja kang diomongaken mung wis mangantah durung. Conto ucap kang ana senine: (nganggo basa Indonesia). “Sebulir nasi yang tertinggal di bibirmu, ingin kusesap sekali lagi serupa rindu-rindu yang mulai jemu” Toraneya mung kepingin ngomong kadhung ana upa ning lambene.
Nggesahaken menungsa lan sastra, jare narasumber sastra iku kerep dianggep spontanitas, sing terstruktur alihe sastra kaya guritan iku arupa presentasi (penggambaran/ pengungkapan), aju representasi, terus ekspresi. Kanggo para penyair kaya WS Rendra, Zawawi Imron, utawa Cak Nun, guritan iku dahsyat seru. Ning kene awak dhewek belajar jujur nyang pakta, dhisiplin masiya kadhang wong-wong iku apus kadhung wis munggah nong panggung.
Kelendi kadhung ana lomba maca guritan? Kelendi nemtokaken juwara? Masalah iki uga dadi topike gesah. Nurut Iqbal kerana pandhangan saben uwong iku beda, kadine sing ana pathokan kang pasthi. Guritan iku masalah rasa. Dadi peserta kang duwe daya pukau, iku juwarane. Kadhung nurut Dwi Pranoto saktemene wong maca guritan iku sing bisa mara-mara dibiji, ditemtokaken nganggo angka-angka lan rekap. Maca guritan sing keneng diukur. Kerana iku juri kudu duwe cathetan paran bain apik lan eleke peserta nalika maca, kelendi karakter guritane, lan masalah kriteria/aturan teknise kudu disampekaken sedurunge lomba, gedigu tutuge.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







