Isun Gandrung: Kisah 33 Gandrung Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Juni 2022 07:55 WIB)
- Laporan
Wis kesuwur gok Gandrung iku dadi tetengere (ikon) Kabupaten Banyuwangi. Taping kelendi uripe gandrung sedina-dinane? Apuwa akeh gandrung dhemen kawin pegatan? Bener tah kabeh nganggo sensren (salah siji rapalan penari gandrung sedurunge munggah genjot tujuwane dienggo melet penonton)?
Seperene hing ana buku hang nyathet kisah uripe gandrung hang akehe nawi wis atusan wong sakat Mak Midah didadekaken seblang, aju nggandrung. Mangkane tepak wartawan hang uga pengamat budaya Eko Budi Setianto ngelungaken naskah: Isun Gandrung, hang nyathet uripe 33 gandrung Banyuwangi, teka hang wis sampek umur sampek hang magih melebu sekolah, ati kerasa kemesar.
Tulise Budi: “Cerita penguripane gandrung hang wis dadi omong kelamong lan wis akeh nyebar noring kalangan masarakat Banyuwangi, hang selawase iki nggawe kesenian iku dianggep dadi babone ‘maksiyat’, yaiku merga kesenian Gandrung hing bisa diadohaken teka kebiyasahan mabuk-mabukan lan si Gandrung hang umume dhemen kawin pegatan.
Sampek ana cerita hang nyebar nung masarakat Desa Kemiren, ngenani salah sijine gandrung hang sampek ngucapaken sumpah nung anak wadone. Miturut ceritane, kala iku ana gandrung hang ngamuk lan nguwel anake merga anake mau sing gelem ngaji lan sembahyang. Wangune, ana tanggane hang kerungu kala si Gandrung nguwel anake iku kari keseron, sampek ngucapaken sumpah.
Aju tanggane mau takon, paran sih salahe anake gok kari seru kadhung nguwel. Si Gandrung sakkal semaur: “Hing gelem ngaji hing gelem sembayang, aju arep dadi paran lare iku. Makene wis Isun bain hang akeh dosane. Cukup Isun hang dadi gandrung, aja sampek nyang anak-putunisun!” gedigu ujare si gandrung.
Sumpah hang diucap si gandrung nang anake iku, kaya-kayane, merga si gandrung rumangsa seru nyang anggepan masarakat akeh kadhung gandrung iku wujud tontonan hang dadi sumbere kemaksiyatan. Paran-paran bain hang ana sangkutane ambi gandrung, mesthi dianggep elek lan dianggep bisa njelomprongaken uwong nang neraka.
Cerita lelakone Gandrung hang nung buku iki yaiku cerita-cerita hang diceritakaken dhewek ambi para gandrung nyang penulis. Muga-muga, paran hang ketulis nung buku iki bisa dadi ‘kaca’ ngenani bener tah usinge lelakon urip hang dilakoni para gandrung hang urip nung tengah-tengahe masarakat.
Bener lan usinge cerita si Gandrung mau, wangune, ana benere ambi hang diceritakaken para gandrunge dhewek bab pengalaman uripe sak lawase iyane ngelakoni dadi Gandrung Terob. Ana hang kelara-lara, ana hang kelayung-layung lan akeh uga hang uripe sara.”
Gandrung wis dadi tetenger sakat bengen. Ana lembaga hang arane Java-Instituut lembaga hang nyurung merujuke kebudayaan Jawa, Madura, Sunda lan Bali, ngomongaken bab gandrung ring kongrese hing mung sepisan, tapi pindho, taun 1921 ring Bandung lan 1926 ring Surabaya.
Ring Kongres pertama, ahli teka Java-Instituut hang aran T. Ottolander minangka wong hang kawitan nyathet sair gendhing-gendhing gandrung. Ottolander hang uga nyusun bareng Babad Blambangan bareng ambi bupati Notodiningrat, nyathet ana 13 sair gendhing ring makalahe hang nduweni judhul “Gandroeng van Banjoewangi.” Ottolander nyeritakaken gandrung teka musik pengirine, sejarah lan kelendi carane nari gandrung. Iyane nggawa rombongan gandrung teka Banyuwangi nang Bandung.
Ring Kongres taun1926, ana Direktur Normalschool ring Blitar hang aran Joh. Scholte nggawa makalah pisan hang judhule padha “Gandroeng van Banjoewangi.” Nong makalah iki kene bisa weruh kelendi asal-usule gandrung wadon anake Mak Midah.
Naskah “Isun Gandrung” iki nyeritakaken Semi anake Mak Midah mau sampek nong Lusi Gandrung anyar hang nggandrung sakat melebu sekolah ring SMK Negeri I Banyuwangi.
Kelendi seteruse? Antenana bukune ya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






