Jajan Lebaran Plikenik

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 April 2026 07:03 WIB)
- Opini



Ditulis ring Iskak Basuki

Sakat isun cilik taun 1970an, jajan lebaran iki wis ana. Embuh sakat kapan kawitane ana, ngiseni toples-toples tepak lebaran. Iki jajan doyanane lare cilik. Delengen tah gambare. Mari-mari apik. Arep hing kepincut kelendi lare cilik?
   Umume, wong milih panganan, sedurunge nyatakaken rasane, kawitan mesthi ndeleng sulung rupane utawa wernane, apik tah sing? Kaping loro, teka ring ambune, arum, sedhep tah sing?
   Plikenik mula cilik-cilik naping nyolok mata. Gulane diwerna-werna abang, ijo, putih, kuning, oranye, iku hang nggarai menarik. Tosene toping-e iku setemene gula, yara permen iku rekene, duyanane lare. Mangkane aja heran kadhung dipangan utawa mung dijuwuti gulane. Jajan meri hang ndhuwure didelehi gula, serta gundhul dilebokaken toplese maning. Kaya cilikane sapa tah? Kayane saben lare cilik ya gedigu kelakuwane.
   Ya iku, ana hang ngarani jajan lawas iku plikenik, pilkenik, telikenik, blikenik. Paran maning? Endi hang bener?
   Ucap 'bener' iku dhewek duwe dulur: pener, benar, banar. Awale kayane 'banar', artine terang, padhang. Banar iki setemene keturunane 'manar' tah? Al-manar artine mercusuar, cahaya penuntun. Sapa hang paham?
   Padha wong Jawane belaka beda ilat bisa bedo lugot (Indo: logat), paran maning kongkon ngucap basane wong liya rumpun, liya negara. Wong kono-kono semono uga, kon ngucap basane kene repot ngepat-ngepot unine.
   Contone, wong Inggeris hing bisa kon ngucap 'mangga', bisane 'meng-go', wis gedigu gok nulis bida maning: 'mango'.
   Jajan telenik-telenik mauka kayane teka Inggeris asale. Nawi bengene ana ucap tulisane 'picnic' ring wadhahe. Utawa, camilan iku mula paling umum digawa wong ngelencer ring kono, identik ambi piknik. Keneng ilate wong kene, dhasare jaman bengen akeh buta hurup latin, seperene dadi plikenik utawa enik-enik liyane.
   Kaya: Nagud! Ana hang ngomong ucap 'nagud' asale jare teka 'no good'. Endane tah? Sapa hang bisa njawab? Sapa hang keneng ditakoni?
   Takon wong Medura, arane petinju paling hebat mesthi Mat Ali -- kedawan ngucap Muhammad Ali; lan Mat Iksan -- hang saraan nyebut Mike Tyson. Yara nagud temenan!

Ana Pak Nik nyorot kopi gulane orson
Endi ana ngomongaken plikenik nggadug Mike Tyson.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor