Jokowi Kok Dadi Jokowai?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 Januari 2023 08:19 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Tepak Presiden Jokowi teka nang Banyuwangi sakperlu nekani Harlah 100 taune NU sore (10/1) ana pideo hang piral, merga ewer. Pideone iku nduduhaken pesawat hang buru mudhun ring lapangan terbang Blimbingsari. Pideone kayane direkam teka njaba sengker bandara. Pideo hang dawane 26 detik iku diunggah ring instagram akune Muhammad Fata, lare Badean, iki hing maido dadi piral merga komentare hang nggawe ketheng (ditulis persis kaya pengucapane):
(1) Ya Alloh kepingin weruh pak Jokowai
(2) Telung dina telung bengi hing bisa turu kai
(3) Katon sikile thok pak Jokowi ikai
(4) Pak Jokowai
(5) Ya Alloh sikile kang endi pak Jokowi nikai
(6) Kepingin weruh ndika pak Jokowai...kai
(7) Ya Alloh, kang endi sikile pak Jokowi iki yuh
(8) Wis bismillah bain wis
Kanggone wong njaba Banyuwangi hang hing pati weruh basa Using merujuk pitakonan, apuwa arane Pak Jokowi diuwah-uwah. Kadhang bener kaya ring ukara nomer (3),(5) lan (7). Kadhang dadi Jokowai kaya ring ukara nomer (1), (4), (6). Paran sebabe? Kelendi ceritane?
Basa Using mula nduwe salah siji ciri hang arane proses diftongisasi. Ndadekaken uni suwara vokal dadi suwara dengung (diftong).
Delengen hang keneng proses diftongisasi mung hang manggon ana ring pungkas ukara (1), (4) lan (6). Delengen pisan, ucap-ucap hang ana ring ukara nomer (2)...(i)kai, nomer (3) ikai, (6) (i)kai. Setemene telu-telune iki padha asale teka ucap: iki. Naming merga panggonane ring pungkasan ukara, keneng proses diftongisasi iku mau.
Hang nomer (6) kok bisa muni Jokowai masiya nung tengah? Setemene antarane Jokowai ambi kai iku ana selane (jeda). Dadi nong kono setemene Jokowai iku ring pungkas ukara, aju ana ucap siji hang bisa ditambahi diftong pisan.
Proses diftongisasi ring basa Using, bisa ucap hang aksara pungkasane /i/ dadi /ai/ lan /u/ dadi /au/.
Iki dadi ikai.
Iku dadi ikau.
Mangkane wong-wong hang sinau basa Using kudu nggatekaken. Pokoke hing perlu nganggo diftong kadhung ucape hing nong panggonan pungkasan.
Tuladha: iki siji diunekaken: ikai sijai (salah). Hang bener: iki sijai.
Conto liyane:
Tuku buku telu, dadi
Tukau bukau telau (salah)
Tuku bukau telau (salah)
Tuku buku telau (bener)
Kelendi kadhung hing nganggo diftongisasi? Umpamane iki nong posisi pungkasan tetep diunekaken iki? Iku tetep iku dudu ikau? Hing paran-paran taping basa usinge kaya kurang deles. Kelangan cirine. Kadhung wong Using ngerasa ana hang kurang tapi hing wajib ana setemene. Mangkane ring tulisan bakune diftongisasi mau hing ditulis. Hang ditulis ucap aseline. Iki ya ditulis iki dudu ikai. Dene arep diucap kaya ucap aseline tah didadekaken diftong iku sak karepe wong hang ngomong (penuture).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.