Kaldu Kacang Ijo
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 26 September 2020 06:32 WIB)
- Kuliner
Ring kutha Banyuwangi, kadhung melaku teka perapatan Lateng ngaloraken, akeh wong dodol sate, gule, kaldu lan sepiturute panganan timur tengah. Paran maning saiki kadhung tepak ana Arabian Street Food. Hing maido, polae mula akeh wong keturunan Arab hang manggon nong Lateng lan Singotrunan hang mbukak warung sakdawane dalan kono.
Salah sijine olahan hang didhemeni ring kono yaiku Kaldu Kacang Ijo.
Kadhung tepak wayah musim rendheng, kaldu iki muka kerasa indhul, anget nyang weteng.
Sik kathik sega ya wis nggarai ucus anteng.
Kelendi kadhung nyacak olah dhewek ring umah?
Ayuk acake, cobaken olah dhewek, nawi cocog, iki resep keluwarganisun.
Bahan hang dibutuhaken:
Sekilo daging wedhus, biyasahe sikil hang ana belung pipane taping ya bisa pisan daging lan belung liyane hang didhemeni.
Seperapat kilo kacang ijo
Ragine:
Limang siyung bawang putih
Telung bungkul bawang abang
10 iji merica (kadhung dhemen lebih kerasa pedhes ya bisa ditambahi)
Setengah wiji pala
Sak deriji keningar
10 iji cengkeh
Rong eler bawang pre
Rong eler seladri
Penjangkepe:
Jeruk pecel
Bawang goreng
Carane:
Bawang putih, bawang abang, pala ambi merica digerus, aju digerengseng sampek arum. Geningaken sulung.
Kacang ijo dipucusi lan diekum ring banyu.
Siyapaken banyu ring panci, kira-kira bisa ngekum daging sekilo mauka aju godhogen banyune.
Kadhung wis gemulak, daging wedhus dilebokaken lan digodhog sampek mateng taping magih durung kariya empuk.
Buwangen banyu godhogane, daginge disisihaken ring wadhah liya, aju nggodhog banyu maning nganggo banyu anyar ring panci mauka.
Nganteni banyu gemulak maning, daging wedhus hang wis digodhog mauka diuled nyang ragi hang wis digerengseng sampek rata, geningaken sulung.
Kadhung banyune wis gemulak, kacang ijo dilebokaken sulung, digodhog sampek emeh melethek, aju daging hang wis diuled ring ragi mau dicemplungaken lan digodhog maning.
Tambahana cengkeh lan keningar.
Sepisan pindho digaluh supaya matenge bisa rata.
Kadhung kacang ijone wis melethek, daginge wis empuk, aju tambahana bawang pre hang wis dirajang ambi seladri.
Kira-kira wis alum, wanana uyah ambi gula pasir secukupe, tilikana rasane, kadhung ana kurange kari nambahi paran butuhe.
Kapan wis cocog rasane, kaldu kacang ijo iki indhul dirahabi tepak magih rada panas.
Dikeceri jeruk pecel ambi diwur-wuri bawang goreng.
Kaw, wis bisa nyobak dhewek ring umah yara?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.