Kapan Kecaruk Nong Samar Wulu?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Desember 2021 08:22 WIB)
- Kuliner



Aran Samar Wulu kanggone wong Banyuwangi iku nduwe arti hang rada medeni. Wayah surup, pindhahe wektu padhang nang wektu peteng, raina nang dalu, wayahe sikile mahluk hang uripe ring peteng-petengan njangkah metu. Sak bagiyan wong malah percaya wayah iku ya wayahe pergantian dimensi liya. Mangkane kadhung wong Islam dikongkon gancang nyang masjid.
   Taping ana Samar Wulu hang nyenengaken. Yaiku Cafe Samar Wulu hang ana ring elore hotel Manyar Ketapang. Saben malam Minggu ana live band hang bisa ngejak wong hang teka gendhingan macem-macem jenis gendhing.
   Ana ruangan njero hang adhem utawa hang dhemen kelebas-kelebus ngudud ana kursi-kursi ring njaba. Ruangan njero bisa cukup kanggo 30 wong ukurane kadhung hing nguwahi tataan kursi, malah kadhung dienggo rapat resmi lan ditata maning bisa dipanggoni sampek 50 wong. Dene hang nang njaba ana kursi teka semen hang bisa nampung wong 20 lan bisa nambah sampek 27 wong kadhung ditambahi kursi.
   Menu andhalane sega goreng Pattaya ala Thailand hang dibungkus endhog dadar. Iku bain kelebu "makanan berat" sak liyane chicken curry, sega putih disuguhaken ambi pitik digoreng tepung ambi kokoh kare ala Jepang hang rada kenthel timbang kare Jawa. Merga ring cafe biyasahe wong-wong iku mung golet "makanan ringan". Kadhung hang entheng-entheng digi wong golet wafel lan empek-empek Palembang. Empek-empeke ya wis diuwah sithik hing nganggo timun.
   Mula temenan, sakjege ana pageblug, akeh wong-wong hang bisnise semplokan ambi donya kelenceran (wisata) hang sesehan keterak polahe, taping ana pisan hang diuntungaken malah kaya tambah mencorong.
  Cafe Samarwulu iki, jare mbok Ermi Rosana hang duwe, setemene buru bukak tanggal 5 September sore. Sedurunge ping pira diwurungaken merga pagebluge durung uncal seru.
   Naming kerana panggonane parek teka setasiyun sepur, malah akeh wong-wong hang golet panggonan nginep sewengi, istilahe mung mampir turu. Aju nong ngarepe ana cafe hang nyedhiyani panganan. Setel wis.
   Dadi sak liyane cafe, Samar Wulu iki aran penginepan hang rijig apik lan fasilitase kaya ring hotel melati. Ana hang VIP rong kamar, Deluxe loro, Standar 3, ekonomi 3 lan kamar kos 12.
   Hang mbedakaken mula fasilitase. Kabeh ana akses wifine  taping fasilitas liyane ana hang beda, kayata AC, shower banyu panas, kamar lebih wera lan kopi/teh-e.
   Kapan kecaruk nong Samar Wulu?
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor